Indah Patmawati

Indah Patmawati, Widyaiswara di P4TK PKn dan IPS. Lahir di Madiun, sebuah kota yang penuh sejarah dan terkenal dengan nasi pecelnya. Alamat di Jalan Parianom B4...

Selengkapnya
Navigasi Web
KOTAK BIRU BENHUR

KOTAK BIRU BENHUR

Bag. 1

Suryani age-age nututi sepur sing lagi mlebu stasiun. Wengi krasa atis, ning ing njero stasiun sewalike, rada sumuk jalaran akeh wong sing padha lungguhan nunggu sepur sing bakal dituju. Jam sewelas seprapat, sepure wes mandeg. Suryani, munggah nuju gerbong pitu.

Sakwise ketemu nomer lungguhane, Suryani banjur nata barang-barang neng 'kompartemen' eh bagasi ding.

Udan riwis-riwis. Yen ngene ki sakjane sing enak yo turu mlungker neng kamar. Neng merga ngemban jejibahan dadi abdine negara. Gelem ra gelem Suryani ya kudu nglenggana polahe wira wiri. Yen ing zaman Saiki, Suryani iku kalebu 'lajuwer' ngono....

Urung ana sing mlebu gerbong pitu. Suryani menga mengo golek kanca, mbok menawa ana sing kenal. Urung ana wong blas.

****

Wengi iki Suryani duwe pangajab pengen ketemu maneh priya sing bisa gawe gemetere atine. Wes kaping telu deweke olehe ketemu. Yen Saiki ketemu dadi Yo ping papat.

Asmane Mas Samsudin, umure kira-kira telungpuluh lima. Priyayine anteng, kalem ning yen wes kadhung cerita prasasat ora ana mandheke. Suryani rumangsa klik yen wes ngobrol karo Mas Samsudin.

Mas Syamsudin iku, sejatine daleme cedhak karo kos-kosane Suryani. Mula, Minggu kepungkur nalika ketemu wes kencan arep silaturahmi. Njilalah, yen arep muleh neng kosan ngliwati dalan sing muji omahe Mas Samsudin.

Suryani ndelok jam ing HP ne, kurang limang menit engkas sepure budhal.

Wengi saya tintrim, gerbong pitu sepi. Mung ana wong loro, ning panggonane rada adoh, neng pojokan cedhak KM.

"Sugeng dalu, dik?"

Suryani mara kaget, mripate wes lier-lier arep mapan turu, nalika ana suara lembut sing nyapa.

"Eh, Mas Samsudin. Nomor pira lenggahe Mas?" pitakone Suryani.

Samsudin mesem, njur nduduhke tikete.

"Wowww, lak jejer mas," aloke Suryani bungah.

Mas Samsudin lungguh neng jejere Suryani. Ora let suwe, wong loro mau wes asyiiik ngobrol. Ilang ngantuke Suryani.

"Wes, sesuk muleh kantor tak mampir Yo Mas?"

"Iyo, Dik," wangsulane Mas Samsudin karo rogoh-rogoh jero tase.

"Sampeyan engko bakal ketemu ibuku, lho?" kandhane Mas Samsudin setengah nggoda. "mengko yen sampeyan dikira calon mantune, aja nesu ya. Ibu pancen pengen banget ndang mantu."

Mas Samsudin nerusake celathune karo ngguyu.

Mak siirrr, Suryani semu isin. Gegojekane Mas Samsudin sejatine marahi atine bungah. Apa maneh nalika nyawang netrane Mas Samsudin pindha gumebyaring lintang panjerina. Suryani tansaya yakin yen deweke lagi jatuh cinta.

"Dik, aku titip Iki ya..." kandhane Mas Samsudin ngagetke Suryani sing lagi nglamun.

"Apa mas iki?"

Suryani nggumun nalika Mas Samsudin nyerahke kotak warna biru benhur.

"Iki isine cincin, Dik,"

"La kok dititipkan aku Mas, saiki apa sampeyan gak kondur? Nek sampeyan gak neng dalem, aku gak sido mampir lo?" kandhane Suryani karo namatke kotak biru benhur kui.

"Sesok aku yo ning omah to, Dik. Ning esuk Iki mudhun stasiun aku ana gawean sing penting. Dadi kotak Iki tak titipke sampeyan."

Suryani mung manthuk, ora tegel yen nggawe kuciwane Mas Samsudin. Priyo sing dadi idamane.

Wengi saya tintrim, gerbong pitu sepi. Mung atine Suryani sing rame pating cloteh, ngudarasa olehe nandang asmara. Rasa Tresna sing mulai ngrembaka jroning dhadha.

Mak les...Suryani ra kuwat. Keturon!

Ana candhake....

DISCLAIMER
Konten pada website ini merupakan konten yang di tulis oleh user. Tanggung jawab isi adalah sepenuhnya oleh user/penulis. Pihak pengelola web tidak memiliki tanggung jawab apapun atas hal hal yang dapat ditimbulkan dari penerbitan artikel di website ini, namun setiap orang bisa mengirimkan surat aduan yang akan ditindak lanjuti oleh pengelola sebaik mungkin. Pengelola website berhak untuk membatalkan penayangan artikel, penghapusan artikel hingga penonaktifan akun penulis bila terdapat konten yang tidak seharusnya ditayangkan di web ini.

Laporkan Penyalahgunaan

Komentar




search

New Post