Kemenyek
Tahu krungu tembung kemenyek? Mesthine yo wes biasa tho. Opo maneh lek sampean pas mangkel karo wong wedhok seng ra ayu, neng kakehan gaya.
Yo ngono iku sejatine aku. Jian aku ki kemenyek ra mekakat. Andakno wong ndesa kesa-kesa ae lek kudanan kok jian ngalah-ngalahi wong ayu.
Piye jal? Lek kegrimisan thithik ngono ki sirahku yo njur cenut-cenut. Malah seng kerep dadi pilek. Meler bening campur wahing-wahing. Jian kemayu! Wong biyen cilikane malah udan-udanan pirang-pirang jam. Ora ngiyup lek durung katisen. Mungkin faktor U Iki. Kudanan sithik ae kok jian eram!
Lha lek kudanan deres? Iki malah blaen. Mbahe kemenyek. Ra tanggung-tanggung. Awak tua Iki abene kudanan deres yo terus biduren. Bidure ra trimo bendol-bendol gatel. Ning seng dhebleg-ndeblek kandel. Ra ngono thok, kadang weteng ki kok yo dadi senep. Kiraku merga sangking gathele.
Lha wingi, pas ngisi Kelas Editor neng LPMP Surabaya, aku macak sakti. Piye jal, wes ngerti udan grimis yo nekad metu. Ra nganggo payung. Pikirku ora opo-opo. Tibane, bengine urung dadi krasa pengar, gorokan gatel.
Sak Iki piye? Alhamdulillah, bersin-bersin. Eh wahing-wahing.. umbelku bening. Iki Jian ngelu! Wkwkwk ojok jembek yo, lha piye, arep ora tak tulis umbel, lha Iki critane basa Jawa-e.
Wes yo ngono thok.Aku wes mari ngombe obat. Nguantuk pol Iki. Tak turu dhisik.
Konten pada website ini merupakan konten yang di tulis oleh user. Tanggung jawab isi adalah sepenuhnya oleh user/penulis. Pihak pengelola web tidak memiliki tanggung jawab apapun atas hal hal yang dapat ditimbulkan dari penerbitan artikel di website ini, namun setiap orang bisa mengirimkan surat aduan yang akan ditindak lanjuti oleh pengelola sebaik mungkin. Pengelola website berhak untuk membatalkan penayangan artikel, penghapusan artikel hingga penonaktifan akun penulis bila terdapat konten yang tidak seharusnya ditayangkan di web ini.
Laporkan Penyalahgunaan
Komentar
Wes tak ediiit
Ra karuan tulisane...wes mboh
Aku melok mumet le moco Bu
Wes tak edit
Wis mimik obat durung Bu....
Enggal dangan yo mbak yu
Haha ....kemenyek nopo kemayu bu can ..... mugi enggal dangan njih, sugeng sare ....
Nembe krungu, nggonku ana istilah "cungih", Bunda.
Bunda Isti...kl di sunda juga ada umbel...artinya ingus. Sama gak yach dgn bhsa jawa. Sedikit2 sy faham bhsa jawa krn sy sunda yg berbstasan dg jateng ..deket cilacap.
Uapik tenan critane bu is hahaha
Mugi enggal dhangan Bund...hehehe...jan baru tau itu arti kemenyek...
Mangga.Sugeng sare.Maturnuwun sanget.Kula dados mangertos kathah.
Ngerti opo tho
Mugi sehat bun...empun udan-udanan..enggal enggal minum obat
Tibake kulo wonten tunggale "kemenyek"Sugeng dalu, Bund.Mugi sehat lan sukses
Untuk paham narasi Bu Is, tidak ada dicari di PUEBI
Bukalah dua kitab suci Kelas Editor. Tetap Ndak paham narasi Bu Is. Karena tak ada di dalamnya.
Haha kemenyek nopo kemlinthi bu
Kemenyek lan kemayu kuwi mangkelne kancane.Met rehat Bu, barakallah untuk ilmunya di kelas editor
Pun...sugeng sare bund...
Waahh...penyegaran otak..adem pikire..lucu ceritane, lugas tuture, apa anane..alias belaka suta..hahatulisan keren
Opo toh Bunda Isti rak paham he he..
Ngunjuk obat Bu, mugi-mugi enggal dangan.
kuwi ngono kemayu yu..ora kemenyek..
Akeh seng dicritane..tapi seng kebayang kok umbeeelll?
Wong jowo tenen.. He.. he..
Iyo i
Jebul sami, Bun. Tebih2 saking Magelang, ting Surabaya biduren kumat. Obate kantun. Haduh biyung.
Mugi enggal dhangan Bu...
Kemenyek koyo peyek, kriuk-kriuk
Bun buat crita kemayu Bun
Minggu ngarep wae