Kusmiyati

Guru Bahasa Inggris SMP NEGERI 1 Banyubiru...

Selengkapnya
Navigasi Web

Carios Basa Jawi

#TantanganGurusiana

Hari ke-32

**Carios Basa Jawi**

Pingine sih aku crito nganggo basa krama inggil, nanging gandheng wedi salah critaku basa jawa ngoko wae ya. Maklum, aku lahir dan besar di kota Semarang, ora biasa omong alus, hehe.

Pernah pas entes wae pindah tugas neng ndeso, wilayah Kabupaten Semarang, aku lagi mlaku bali mulang. Dijejeri mbah-mbah. Trus si mbah iki takon, "mboten ngasto songsong, Mbak?"

Lha aku clingukan tho rak mudeng songsong ki opo? Aku mung mesem, trus bali takon, "songsong niku nopo, Mbah?"

Mbahe banjur ngguyu, " Payung, Mbak, jenengan asli pundi?"

"Semarang, Mbah", karo kisinan aku semaur. Wirang...wirang...wong Semarang rak reti Songsong.

Lha sasi wingi ndilalah neng PKK dikon dadi pembawa acara. Biasane dho nganggo krama inggil. Aku lak wedi nek salah nganggo basa Indonesia. Tapi pas rampung acara meh nutup aku lali nganggo krama inggil,

"Ibu-ibu, gandheng acara sampun....sampun...sampun..."

Lali aku krama inggile rampung. Terus tak sambung, "Sampun selesai"

Lha kok ibu-ibu kompak mbenerke, "sampun paripurna"

Hehe, isin rasane tapi lha meh piye ncen aku kurang pinter krama inggil. Pripun niki Pak Ferguso, saged ngertos crito Kawulo mboten nggih?"

DISCLAIMER
Konten pada website ini merupakan konten yang di tulis oleh user. Tanggung jawab isi adalah sepenuhnya oleh user/penulis. Pihak pengelola web tidak memiliki tanggung jawab apapun atas hal hal yang dapat ditimbulkan dari penerbitan artikel di website ini, namun setiap orang bisa mengirimkan surat aduan yang akan ditindak lanjuti oleh pengelola sebaik mungkin. Pengelola website berhak untuk membatalkan penayangan artikel, penghapusan artikel hingga penonaktifan akun penulis bila terdapat konten yang tidak seharusnya ditayangkan di web ini.

Laporkan Penyalahgunaan

Komentar




search

New Post