MA'ARIF SETYO NUGROHO

Nama kecilnya Nu atau Enu, dilahirkan dan dibesarkan di tempat yang berbeda. Sumpiuh di kabupaten Banyumas dan Bobotsari di Kabupaten Purbalingga dari leluhur y...

Selengkapnya
Navigasi Web
Soto Sadali, Soto, Ayam, Warung Waris

Soto Sadali, Soto, Ayam, Warung Waris

Udane makbres ora nganggo poyan, gageyan tekplayoni parkiran nyandak motor, werr... ora nganti seket meter langsung menggok kanan mlebu plataran Parkir Pasar Temanggung sisih wetan. Ilang-iling nggon sela, terus bae, bleng, mlebu. Ngiyup nang emperan karo ilang-iling nggon ngiyup sing kirane lewih kepenak.

Jebul parkirku pas antarane warung loro, sisih kidul warung mie ayam, sisih lor warung soto. Ngarepku ana warung tenda dodolane wedang Ronde. Wong asline ora kepengin jajan, dadi olehe milih ya mandan njlimet, kahanane warung nek tektiteni kayane resik sing warung Soto. Nek etung-etungan kepatutan, wong parkire nang ngarep warung, ya wonge mlebune warung. Ndilalah senajan nang watese warung, tapi mandan akeh bagian motor sing melu ngalor, nyong atine ya ngalor.

"Kula nuwun" uluk salamku ora ana sing nyaut. "Assalamu'alaikum" tekbaleni mandan seru, sing duwe warung ngaton karo semaur, "wa'alaikum salam." Wong katone anu wis kukud, tapi esih katon ana panganan, aku takon, "tesih mboten, Bu?" "Ngersakaken napa, soto?" Pitakonku ora disauri, tapi malah ditakoni genti, tapi ya biasa, ora papa. Soto semangkok karo udud seler wis entek, udane esih bae, nganti rampung nulis nembe bae udane terang. Alhamdulillah, warunge terus kukude lanjut, aku pamit karo atur panuwun.... pareng....

DISCLAIMER
Konten pada website ini merupakan konten yang di tulis oleh user. Tanggung jawab isi adalah sepenuhnya oleh user/penulis. Pihak pengelola web tidak memiliki tanggung jawab apapun atas hal hal yang dapat ditimbulkan dari penerbitan artikel di website ini, namun setiap orang bisa mengirimkan surat aduan yang akan ditindak lanjuti oleh pengelola sebaik mungkin. Pengelola website berhak untuk membatalkan penayangan artikel, penghapusan artikel hingga penonaktifan akun penulis bila terdapat konten yang tidak seharusnya ditayangkan di web ini.

Laporkan Penyalahgunaan

Komentar

Muga ora kudanan ky atiku saiki sing lg udan tangis Dik

04 Dec
Balas

Sabar mbakyu, pra sedulur gurusiana melu ndonga kabeh, insya Allah ditampa dening Gusti Kang Maha Agung .

04 Dec

Monggo Pak. Mugi selamet ning perjalanan..

05 Dec
Balas

Matur nuwun, Buu

06 Dec



search

New Post