MARDIYANTO

Namaku Mardiyanto, lahir di desa Ajibarang Kulon, Kecamatan Ajibarang, Kabupaten Banyumas dikaki gunung Slamet sebelah barat pada tanggal 26 Oktober 1970. Menga...

Selengkapnya
Navigasi Web
Sederhana = Bahagia

Sederhana = Bahagia

Awan-awan yu Sumi mlebu lawang pedhangan nggawa mangkok cilik isi sega karo nggendong si Kenot anake sing nembe umur 14 wulan.

“ Rika nege apa ora yu ? Inyong njaluk dudueh nggo ngokoh. Bocah angger ora dikokoh mangane madan angel.” Yu Sumi kanda karo ndandani jarit embanan.

“ Kebeneran inyong nege gandul karo kedele ireng. Sisan bae nggawa karo nggo bapane, bali sekang sawah madhang karo tegean toli seger. “ Semaure Yu satem karo nglerek suluh pawone sing mulab-mulab.

“ Gawe akeh sih rika ? Kang Dartim wih dingaih mbok ?’ yu Sumi takon.

“ Aja kewatir… Wis diancengi neng meja kaeh, tegean gandul, sambel trasi karo tempe lagis. Sedela maning bedug toli bali ngumah sholat trus madhang awan ” jawabe yu Satem.

“ Njikot dewek ya, tegeane neng panci jejer pawon kae mangkoke neng rak, tempene sisan karo sambele neng meja.” Yu Satem nerusna.

“ Ora lah, aku wis nyambel karo nggoreng gesek pedha, tegeane bae, kesuwun Yu.” Jawabe yu Sumi.

Sewise nyiduk tegean, yu sumi pamit bali. Yu Satem nerusna pegawean asah-asah grabah karo ngenteni kang Dartim bali sekang sawah. Ora let suwe yu Sumi teka maning mbalekna mangkok isi jangan jantung.

“ Yu inyong mblekna mangkok kyeh karo mbok kepengin nyicipi jangan jantung tek gawakna sethithik.” Yu Sumi ngebrukna mangkok neng meja terus pamit bali.

Ora let suwe Kang Dartim bali sekang sawah manggul klari, nggawa lumbu sejiret karo klapa tua rong gluntung. Gawane dibrukna neng jejer umah. Kang dartim mlebu pedangan langsung njikot gelas ngecor banyu neng gogok nginum sewarege. Kringete dleweran karo nata ambekan neng dadane sing katon manjat mudun. Yu Satem njujugi anduk karo wadah sabun odol seisine terus najgong jejere Kang Dartim.

“ Priwe Kang parine, apik mbok ? “ Yu Satem takon

“ Alhamdulillah apik, Insya Allah panen kiye lumayan kena diarep-arep . “ jawabe Kang Dartim.

“ Zakate bisa lewih mendingan timbang sing wingi, mengko aweh maring Panti Asuhane ya bisa madan kanjat.” Kang Dartim nerusna.

“ Alhamdulillah, bisane dewek mbantune mung kaya kiya ya Kang, muga-muga ketampa neng Gusti Allah.” Yu Satem nyauti.

“ Aamiin . Ngeneh anduke inyong tek adus disit mbok keri jamaah. “ Kang Dartim langsung maring sumur adus. Yu Satem nyiapna sarung, kupluk karo sajadah. Sewise Kang Dartim adus , dandan mangkat bareng wong loro maring mushola.

Kang Dartim wong tani biasa kaya masyarakat liyane. Yu Satem ya bojo rumahtangga biasa dudu wanita karier. Penguripane wong loro sederhana tapi ayem tentrem disawang adem. Janjane wong urip tentrem ora perlu neka-neka tapi kudu sederma nglakoni apa sing dadi perane urip sing wis diatur neng Gusti Allah.

الَّذِينَ آمَنُوا وَتَطْمَئِنُّ قُلُوبُهُمْ بِذِكْرِ اللَّهِ ۗ أَلَا بِذِكْرِ اللَّهِ تَطْمَئِنُّ الْقُلُوبُ

_”Wong-wong sing pada Iman lan atine dadi tentrem kelawan eling maring gusti Allah. Emut, mung kelawan eling maring Gusti Allah ati dadi tentrem. Ar Ra'd 28.”_

Supaya urip tentrem neng dunya :

1. Aja ndeleng nduwur neng perkara dunya

انْظُرُوا إِلَى مَنْ هُوَ أَسْفَلَ مِنْكُمْ وَلَا تَنْظُرُوا إِلَى مَنْ هُوَ فَوْقَكُمْ فَإِنَّهُ أَجْدَرُ أَنْ لَا تَزْدَرُوا نِعْمَةَ اللَّهِ

Ndelenga wong sing sengisormu lan aja ndeleng wong senduwurmu sebab sing kaya mengkono lewih apik supaya sira kabeh ora pada ngremehna nikmate Gusti Allah(Ahmad, Tirmidzi, Ibnu Majah)

2. Aja mbanding-mbandingna karo wong liya

وَلَا تَتَمَنَّوْا مَا فَضَّلَ اللَّهُ بِهِ بَعْضَكُمْ عَلَى بَعْضٍ

Aja ngarep-arep karuniane Gusti Allah sing temiba maring wong liya. (An-Nisa: 32)

3. Aja ndeleng sing uwis keliwat

Wektu sing wis keliwat ora bakal bali maning

4. Aja nggandengna kebegyan karo wong liya

Sing gawe begya mung Gusti Allah

وَأَنَّهُ هُوَ أَضْحَكَ وَأَبْكَى

Gusti Allah sing ndadikna wong gemuyu lan ndadikna wong nangis, (An-Najm: 43)

5. Urip sing sederhana

Sing ndadekna wong uripe rekasa dudu sebab kebutuhan uripe tapi gayane gali urip sing ora pas karo ukurane dewek

DISCLAIMER
Konten pada website ini merupakan konten yang di tulis oleh user. Tanggung jawab isi adalah sepenuhnya oleh user/penulis. Pihak pengelola web tidak memiliki tanggung jawab apapun atas hal hal yang dapat ditimbulkan dari penerbitan artikel di website ini, namun setiap orang bisa mengirimkan surat aduan yang akan ditindak lanjuti oleh pengelola sebaik mungkin. Pengelola website berhak untuk membatalkan penayangan artikel, penghapusan artikel hingga penonaktifan akun penulis bila terdapat konten yang tidak seharusnya ditayangkan di web ini.

Laporkan Penyalahgunaan

Komentar

Sesederhana sayakah?

10 Mar
Balas

Matur nuwun Kang Dartim...wejanganipun sae sanget...Sugeng siang...Mugi2 tansah wilujeng ..Barakallah..

28 Feb
Balas

Inyong lha seneng pisan angger weruh panguripan neng desa kaya Kang Dartim karo Yu Sumi, adem ayem slaman slumun slamet. Jangan lumbu, jantung, tege gandul, parine apik,jamaah ra keri lah pokok e... Ayem mugi slamet dunya akherat kita sedaya, Pak Mar... Sesederhana Yu Sumi, Yu Satem dan Kang Dartim...

28 Feb
Balas

dan sederhana itu memang membahagiakan ... Salam sehat barakah Bunda Fita. Terimakasih sudah berkunjung.

28 Feb

Aamiin . Sami-sami mugi-mugi tansah pinaringan keshatan lan kebegjan.

28 Feb
Balas

Barakallah, Mas, walau kurang paham, taunya mlebu aja, hehehe

28 Feb
Balas

Terimakasih sudah berkunjung. Salam sukses penuh barakah.

28 Feb



search

New Post