Maryam

Guru SD Negeri Sidalang 01, Kecamatan Tersono, Kabupaten Batang...

Selengkapnya
Navigasi Web
Randaroyal
cerpen bahasa jawa

Randaroyal

Tantangan Hari ke - 26

#TantanganGurusiana

Mbah Saridi lagi lungguh ana ing ngarep omah sinambi nyawang wong sing liwat mangkat muleh maring alas. Sarmi anake ragil Mbah Saridi metu saka njero omah, banjur nemoni mbah Saridi.

“Pak, kerso randaroyal napa mboten?” ujare Sarmi.

“Opo, Mi?” Mbah Saridi sing wes ora patio mireng takon genti maring Sarmi.

Sarmi banjur nyepakake tutuke mareng talingane Mbah Saridi.

“Bapak kerso rondo royal napa mboten?” ujare Sarmi mbaleni pitakonan mau.

“Hooh gelem,” Jawabe Mbah Saridi kanthi sumringah.

“Nggeh mpun, kulo tak pados rumiyin,” pamit Sarmi marang Mbah Saridi.

Sarmi banjur lungo numpak honda matik sing warnane abang. Brem brem brem suara hondane Sarmi ninggalake Mbah Saridi sing katon bungah.

“Taksih napa mbah, kok sajake bungah sanget?” takone Lek Salim sing arep mangkat menyang ngalas.

“Lagi ngenteni rondoroyal, Lim,” jawab Mbah Saridi.

“Napa mriki wonten, mbah?” Lek Salim malah genti nakoni Mbah Saridi.

“Ana wae, Lim. Sarmi lagi luru,” jawabe Mbah Saridi.

“Pados teng pundi, Mbah?” takone Lek Salim.

“Mboh, Lim ora ngerti, pokoe ngomonge arep luru randaroyal,” jawab Mbah Saridi.

“Lha napa pengene randane sing kados napa, Mbah?” Lek Salim mbedo Mbah Saridi.

“Sing mantul ra,” jawabe Mbah Saridi karo mesam mesem dewek.

“Wah beres niku Mbah,” jawabe Lek Salim karo ngangkat drijine gawe tanda jempol, “Nggeh mpun, monggo mbah, kulo tak teng ngalas rumiyin”.

Nalika, Lek Salim wes lungo, Mbah Saridi banjur mesam mesem dewe. Mbah Saridi wes bayangno Rumini rondo ayu bakul jamu gendong kae. Mbah Saridi kelingan eseme sing gawe ati kepincut. Nadyan wes sepuh mbah Saridi iseh kaya bocah enom, deweke eseh duwe niatan nikah maning kanggo batir urip. Padahal yuswane wis punjul saka angka 6 puluhane.

Ora suwi Sarmi wes teko ono umah maning. Mbah Saridi celingak celinguk bingung.

“Lha endi Ruminine?” Mbah Saridi takon marang Sarmi karo ekspresi bingung.

“Rumini sinten,Mbah?” Sarmi bingung.

“Lha bakul jamu kae, kowe ki priye sih, Mi?” Mbah Saridi rada arep emosi.

“Kulo matur bade pados randaroyal, Pak, mboten jamu,” jawabe Sarmi, “ Lha meniko”. Sarmi nuduhake buntelan ana kresek ireng.

“Rumini yo randa sih, kae malah kenes nemen,” jawab Mbah Saridi.

“Pak iling yuswa,” Sarmi sirae nggedek karo mesem.

Sarmi banjur mlebu nang njero omah, buntelan kresek mau dibuka banjur isine diwadai piring.

“Pak, puniko ingkang aran randaroyal,” Sarmi ngaturaken piring isi jajanan kangge Mbah Saridi.

“Lha kok tape goreng, Mi?” Mbah Saridi protes.

“Nggeh pak, tape goreng niki arane randaroyal,” jawabe Sarmi.

“Oalah, tuasan…” Mbah Saridi njupuk randaroyal banjur di dhahar karo mesem kisinan.

DISCLAIMER
Konten pada website ini merupakan konten yang di tulis oleh user. Tanggung jawab isi adalah sepenuhnya oleh user/penulis. Pihak pengelola web tidak memiliki tanggung jawab apapun atas hal hal yang dapat ditimbulkan dari penerbitan artikel di website ini, namun setiap orang bisa mengirimkan surat aduan yang akan ditindak lanjuti oleh pengelola sebaik mungkin. Pengelola website berhak untuk membatalkan penayangan artikel, penghapusan artikel hingga penonaktifan akun penulis bila terdapat konten yang tidak seharusnya ditayangkan di web ini.

Laporkan Penyalahgunaan

Komentar

Awas lho ....Randa royale, nyong ora royal lho wkwk

10 Feb
Balas



search

New Post