mugi priatin

Guru di MI Negeri 3 Purbalingga, Lulusan S-1 Jurusan PBA (Pendidikan Bahsa Arab) IAIN Walisongo Semarang tahun 1997. Dan lulus S-2 Jurusan Pendidikan Ag...

Selengkapnya
Navigasi Web

KAPALEN

K A P A L E N

Jann … angger mikirna bocah jaman saiki … pancen temenan … bener-bener … uripe kepenak pisan. Ora kepenak keprimen, apa-apa ana, kepengin mangan buah apa … cem … ngomong … contone kepengin mangan buah apel, apa buah pir, … naga, duren, jeruk, salak, pokoke gari lunga seklintungan langsung olih. Paling kendalane agi mangsan apa ora kaya kue tok. Kue babagan buah, sing luwih enak maning tur werna-werna banget ya kue nek kencot arep mangan sing model apa … pokoke dijamin nylekamin bakso, soto. sate, gulai, pokoke gari klintung bakal langsug mangan. Mangan model prasmanan ya ana, nang warteg apa restauran, bar kue arep nginum model apa teh manis gutul sing pait, panas apa adem, malah ana maning … inuman jus buah gari milih buah apa. Pokoken jan … wis jajal … suwarga dunya lah ….

Bocah saiki juga ayu-ayu sing wadon, angger bocah lanang ngganteng-ngganteng. Awake pada bersih-bersih tur melong-melong. Kabeh mau ra gumun, sebabe wedak karo obat sing ndadikna bersih tur ayu wis tersedia nang ngendi papan, gari-garine gelem perawatan apa ora.

Terus urung maning nek ngomong sandangan, … kie … kie … arep nggolet model apa pokoken wis ora nguyaih … banget akehe. Sing cokan merekna mbingungi ana model klambi anu kurang bahan. Contone klambine dawa tapi dadane apa gigire katon, utawa klambine keton dawa tur rapet jebul sewek mburi sing dawane sekang sikil gutul maring bokong. Jan keprimen kue. Ana maning sing model klambi model klambine adine. Angger di enggo, menawa sing nganggo njengking gigire keton, angger miring njagonge wudele katon. Seduluur ayu pada milih model klambi sing kira-kira angger wong liya nyawang ora risih.

Sepatu ? Sandal ? Waduh … modele akehe ora lumrah, sekang model lawas gutul model sing paliang anyar, angger mbekayu Plinti gole ngarani sing paling grees kue ana ! Jajal sampeyan pada arep nggolet sandal apa sepatu sing model endi ? Mbekayu … angger sampeyan arep nggolet sandal sing model hake duwure rongpuluh senti ya … ana kue … khususe kanggo wong-wong sing dedege ora duwur kaya mbekayu Bunder begene keton duwur … Tapi ya kudu ngati-ati nalika ganggo sandal utawa sepatu sing hake duwur, … aja kaya mbekayu Bunder … ujare ben tampil beda lunga arisan deweke nganggo sandal anyar, anu tuku wingi nang toko sepatu Batta perek alun-alun Purbalingga, sing hake duwure rongpuluh senti mau … mbuh lagi keprimen ngerti-ngerti wis njungkel nang pinggir ndalan, jere keseleo, lagi kedungkrungan menyat ora dadi-dadi. Kue malah ngisin-ngisina lan rekasa …he he he gari-garine sampeyan lah mbekayu … kira-kira patut apa ora … wong umure wis ora ABG maning. Aliase wis amit-amit … wis tua , ora imut-imut maning kaya jamane nom gemiyen. Ya akeh modele ikih … milih model ya sing sesuai umur tur kepenak di enggo.

Angger wong tua gemiyen malah ora sandalan … maring ngendi-ngendi mlaku … ya kue merga esih langka … ora kaya jaman saiki. Gemiyen wis ana sandal tapi angger nggo mlaku nyuweni uga mbrisiki, … sing di arani sandal teklek utawa bakyak. Sandal gawean kang kayu sing nduwure di kaweti karet pegene bisa nggo di enggo sandalan.

Mulane wong tua-tua gemiyen sehat-sehat. Ora kaya bocah saiki, mlaku ora sandalan nembe sedela ya tlapakan sikile wis pada lecet-lecet … angger wong tuwa gemiyen, wong anu wis biasa angger maring ngendi-ngendi mlaku ya malah tambah sehat. Mulane tandane wong gemiyen angger seneng mlaku tlapakan sikile pada kapalen. Sebabe anu wis biasa mlaku ora sandalan wis tahunan suwene.

Bocah saiki anggere di takoni kapalen kue apa, … ya rata-rata ora ngerti. Kapalen ya ngertine gambar kapal kae sing nang segara …

Kaya anakku dewek … ndeleng mbah kakung nidokna tlapakan sikile ana kapale ya gumun. Mbarang di tidokna pada gemuyu … o dadi kapalen kue kulit sing kandel tur atos wernane coklat … kue komentare anakku, karo mejeti tlapakan samparane embaeh. Padahal kapalen kue nggone ora nang sikil tok … tlapak tangan uga bisa ana kapale … Biasane angger wong sing telapak tangane kapalen, wong mau anu kerjane abot alias wong kerjane sregep pisan alias pekerja kasar. Maksude maning udu wong sing kerja nang kantoran.

Kaya uwa Badari sing pegaweane ndina-ndina nang sawah macul nyekeli pacul, nggo maculi sawah utawa tegalan … ya kue tlapak tangane dadi kapalen.

DISCLAIMER
Konten pada website ini merupakan konten yang di tulis oleh user. Tanggung jawab isi adalah sepenuhnya oleh user/penulis. Pihak pengelola web tidak memiliki tanggung jawab apapun atas hal hal yang dapat ditimbulkan dari penerbitan artikel di website ini, namun setiap orang bisa mengirimkan surat aduan yang akan ditindak lanjuti oleh pengelola sebaik mungkin. Pengelola website berhak untuk membatalkan penayangan artikel, penghapusan artikel hingga penonaktifan akun penulis bila terdapat konten yang tidak seharusnya ditayangkan di web ini.

Laporkan Penyalahgunaan

Komentar

nganti rampung Bu olehe maca. ora bosen nek nganggo basa ngapak

16 Jan
Balas

Jan maen pisan niki, Bu Mugi. Kapalen karo gambar kapal, ya jelas beda. Bocah kudu ngerti kuwe.

13 Jan
Balas

Tlapakan sikil kapalen ning pada waras bedigas, kuat priatine. Mantep maning bu.

13 Jan
Balas

Owh..kapalen y Buuu?

13 Jan
Balas

Lah jan bocah siki ... bener ngertine sing modern tok, barang brahola y maklum ra ngerti ... angger wong tua ngomong nglegeg ... ra mudeng ... mandang d tidokna ngguyu ... Y tetep ra mudeng ... bocaaah ... bocah ... he ... he ....

13 Jan
Balas



search

New Post