mugi priatin

Guru di MI Negeri 3 Purbalingga, Lulusan S-1 Jurusan PBA (Pendidikan Bahsa Arab) IAIN Walisongo Semarang tahun 1997. Dan lulus S-2 Jurusan Pendidikan Ag...

Selengkapnya
Navigasi Web

PUR ....

PUR …

Ora tau-taune deneng kandang ayame rame temen … ayam sing gede pada pating klabak. Angger ayam putih sing lagi ngiring moni therek-therek bae ora mandeg-mandeg … dirungokna kaya karo wedi, anakke ngumpul kabeh nang pereke babone. Aduuuh … ana apa ya … Mbarang di pereki … aduh koh ana suara wes-wes … ujarku ana basur teka … masya Allah mbarang di matna ana ula kobra sing nguwel nang perek kandang ayam.

Aku dewek dadi melu wedi, … senajan cilik wong ula kobra tetep medeni. Aku banjur mlayu nyeluk bojone kon mbentong ula mau.

Mbarang let rong dina kaya wingi maning … angger kie bojoku sing kaget … mlayu-mlayu kang njero ngumah krungu ayam reang ndarani pada tarung … pas di parani … ya kue koh ana ula maning … malah ulane nglegeg, nguwel awake endase ngadeg ndegeg kaya sendok nang nduwur kandang ayam. Banjur bojoku mbentong ula mau. Bar ula mau di guwang ayame anteng maning.

Sing merekna atiku melang-melang … kue … koh sering temen ana ula kobra mereki kandang ayam srupane gedene pada. Aja-aja akeh tunggale, apa anu ana ronge nang perek kandang ayam ya …. Aduuh … padahal anakku sing cilik dewek sing arep tembe umur telulikur wulan, rong tahune mengko wulan Maret senenge dolanan perek kandang ayam. Sebabe anu seneng ndelengi ayam. Malah sering njaluk beras nggo ngempani ayam, kadang nggawa bilah ngoyok-ngoyok ayam arep di bentong. Mestine perek nang nggon kandang ayam. dadi kewatir …. sing sering bocah amleng nang ngendi, … mbarang ketemu lagi muter-muter nang perek kandang ayam … jaaan ….

Let telung dinaan … ayame nang kandang reange lewih – lewih … malah ana sing kemlabak … dadi wong seumah metu kabeh marani kandang ayam … ana sing nggawa sapu, kue aku, bojoku nggawa petilan kayu, anakku nggawa petilan pring, lah angger anakku lanang sing cilik dewek … mlayu ngintil nang mburine nyong pada … Mbarang wis nang nggon kandang ayam … wong seumah mau pada pating pecicil mripate nggoleti sebabe apa ayame pada reang karo klabakan. Penyanane wong seumah mesti anu ana ula. Angger ana sing nyoting kayane li keprimen … embane wong seumah pada gentalangan nggawani bentong nang kandang ayam … hi … hi ….

Jebul wis suwe gole nggoleti gutul maring slempedan-slempedan kandang ayam, ulane ora ketemu … Mbarang aku karo bojoku lagi leren … ijig-ijig anakku sing cilik dewek njerit … aku wong seumah marani kabeh … anakku nangis … karo nidokna jentike sing keton abang jebule di cucuk ayam … Alhamdulillaah … wong seumah ngucap bareng … sebabe syukur udu ula sing nyokot anakku.

Yaah … kabeh mau jalaran bojoku, anu kelalen ayame durung di pur terutama ayam sing cilik-cilik karo sing mandan gede urung di empani dedek mulane pada kemlabak … Oalaah ,,, gara-gara pur … wong seumah pada pating pecicil nang kandang ayam … nggawani bentong …

Pur … pur … , “Nang ngendi Mas pure … tek empanane … ben ayame ora kemlabak … “, aku takon maring bojoku.

Bojoku aweh pur … karo mesam-mesem ….

DISCLAIMER
Konten pada website ini merupakan konten yang di tulis oleh user. Tanggung jawab isi adalah sepenuhnya oleh user/penulis. Pihak pengelola web tidak memiliki tanggung jawab apapun atas hal hal yang dapat ditimbulkan dari penerbitan artikel di website ini, namun setiap orang bisa mengirimkan surat aduan yang akan ditindak lanjuti oleh pengelola sebaik mungkin. Pengelola website berhak untuk membatalkan penayangan artikel, penghapusan artikel hingga penonaktifan akun penulis bila terdapat konten yang tidak seharusnya ditayangkan di web ini.

Laporkan Penyalahgunaan

Komentar

ingon2 bisa dadi tulisan

16 Feb
Balas

Pur ngeneh medhek... tek pangane, mbatine ayam sing pada kemlabak.

10 Feb
Balas

Wis duwe ula pira?

10 Feb
Balas

Pur...pur...dalemm..dicakot ayam kalih dicakot ula...benten Buu...

10 Feb
Balas

Wauw...ayamnya banyak...sering nggoreng ya bund?

10 Feb
Balas

Ya ... lumayan untuk lauk Bu ... sekalian menyelamatkan sisa makanan ...

10 Feb

Ya Bu ... genah koh ... wong urip ana2 bae ya ... siki be akeh wong pada kemlabak... bate nggone pd banjir karo longsor ya ....

10 Feb
Balas



search

New Post