mugi priatin

Guru di MI Negeri 3 Purbalingga, Lulusan S-1 Jurusan PBA (Pendidikan Bahsa Arab) IAIN Walisongo Semarang tahun 1997. Dan lulus S-2 Jurusan Pendidikan Ag...

Selengkapnya
Navigasi Web

TINGKAH POLAEH ANAK SING JERE NAKAL

Angger ngomongna babakan nakal kayane ora nana rampunge. Apa maning ngomongena nakale bocah … kadang gemuyu, ya kesuh, jengkel campur bawur dadi siji malah gemletek gutul ana sing bocah malah diamuki nang ramane utawa biyunge gara-gara nakale mau.

Kaya critane kang Bejo tanggaku kidul ngumahku. Nalika anake nakal ora malah gela ee… malah gemuyu. Ora gemuyu keprimen anggere kemutan, … nalika anake sing umur karotengah tahun dolanan bareng karo anake mbekayu Menur, … anake kang Bejo mau seumuran kacek rong wulan disit anake mbekayu Menur pada rebutan dolanan mobil-mobilan nang ngarep ngumaeh mbekayu Menur … Anake kang Bejo jenenge Yuda, lah … angger anake mbekayu Menur jenenge Anto. Mikine dong urung ketekan Yuda, Anto keton seneng dolanane, sebabe nembe teyeng mlaku banter terus nang bapane ditukokna mobil-mobilan sing gede sing kena ditumpaki. Mbarang ketekan Yuda weruh Anto lagi numpak mobil-mobilan, yah … jenengane be bocah banjur merek terus pada rebutan. Ndilalah mbekyu Menur anu lagi mlebu ngumah sedela njiot wedang. Krungu bocah kayane lagi mingsek-mingsek karo krungu aja-aja, terus mbekayu Menur mlayu metu ngumah. Nyata, … Yuda lagi nariki mobil-mobilane … padahal Anto lagi temumpang nang mobil-mobilan mau, Mbarang gutul maring bocah loro mau, … mak kabluk … Anto nggentawil kejengkang kang nduwur mobil-mobilan merga Yuda gole narik mobile mandan seruh.. Untunge mbekayu Menur wis nang mburine, dadi bisa nampani bocah ora ndablug maring paving, …eeh … eeh … eeh … tapi wong gole nampani Anto mbekayu Menur karo kaget tur nyuara seruh, dadi Anto nangis. Krungu Anto nangis Yuda dadi melu nangis. Kang bejo krungu Yuda nangis banjur mlayu sing ngertine Yuda lagi karo biyung bocah Ndeleng kedadiyan mau kang Bejo karo mbekayu Menur mung pada pating penteleng arep nyalahna sapa wong bocah loro rung bisa nalar kaya wong gede. Akhire mbekayu Menur karo kang Bejo nyekeli bocaeh dewek-dewek pada-pada njaluk ngapura njur balik ngumaeh dewek-dewek.

Beda maning karo mbekayu Tumi, mbekayu Tumi duwe anak telu mbarepe karo nomer loro lanang, sing nomer telune wadon. Deweke angger ngajar bocah menawa salah tergolong ekstrim, munggueh nang aku, mergane alhamdulillh rama biyungku jan anu wong sing emane pol. Jamane esih bocah nalika aku lan adi-adiku pada nglakoni salah mung di pendeliki tok wis pada wedi. Saking wedine dadi mriang.

Nanging nek mbekayu Tumi kapan anake salah jann … ora pantes ditiru anggone ngomongi bocah. Ya ora maido bocaeh jan emang anu mbejud pisan. Diomongi lirian ora pasah, dadi mbekayu Tumi nggwa bentong. Kadang nek mbekayu Tumi lagi ngamuki bocah, aku banjur digawa lunga mlebu ngumah nang biyungku bene ra weruh delengan sing ngemu kekerasan. Nek ra salah aku wis sekolah nang tingkat SMP, anak mbarepe mbekayu Tumi sing jenenge Jono njerit-njerit merga lagi di bentongi nganggo suluh blukang (kayu bakar dari gagang daun kelapa), saking kesueh kayane gole mbentongi mandan seru, ijig-ijig Jono meneng bae alias semaput. Mbekayu Tumi banjur mandeg krasa ngajog terus bocaeh di bopong ditangisi nggero-nggero. Ramane karo tanggane sing perek pada nulungi, Mbekyu Tumi di omeih nang bojone marga gole ngamuk kebablasen. Alhamdulillah ra suwe Jono gole semaput, akhire sadar terus nangis njaluk ngapura maring biyunge karo janji arep dadi bocah sing manut.

Mbarang ngerti ra papa ramane banjur ngomongi mbekayu Tumi angger jengkel aja pisan-pisan nyekel bilah maning mbok kedadian maning kaya mau. Mbekayu Tumi siki wis tua, kedadiyan mau uga wis lawas kurang lewih wolulikur tahun kepungkur. Saiki Jono uga wis duwe bojo uripe wis kepenak duwe anak telu lanang loro wadon siji. Deweke uga gole ndidik anak-anake ora kaya biyunge nek salah nggoleti bentong. Nek jaman siki bisa mlebu penjara angger ndidik bocah ora bener kang ngemu kekerasan apa maning nganti dadi cilakaning bocah.

Mayuh pada dadi wong tua ndidik bocah karo didikan sing maen, kemutan anak kue tanggung jawab dunya akherat. Pada ndonga moga-moga duwe anak sing bisa gawe kepenak maring wong tua. Nang dunya gelem bekti karo wong tuane, mbarang wong tuane mati gelem dongakna … men wong tuane ora mlebu nang geni neraka.

Anak polah bapa kepradah (wong tua nemu reribed amarga saka polaeh anak). Paribasan kie jan bener. Mulane bene anak polaeh apik kudu di wulang utawa di didik nganggo piwulangan sing apik-apik.

Dadi angger ana pitakonan :

Anak koh nakal temen … sing ditiru sapa ya ?

Anak koh nglakoni salah … kenangapa … lan sing salah sapa ?

Anak koh nglakoni nglombo … sing maraih nglombo sapa ?

Pada di jawab nang penggalihe dewek-dewek nggih seduluuur ?

Sebab anake dewek pada bae karo awake dewek ….

Sabaar … sabaar ….

Sabar kalimat sing paling gampang di ucap ananging angger dilakoni ngemu perjuangan ngangken rasa sing werna-werna. Angger bocaeh nakale kebangeten … sabar ngemu isin. Lan lia-liane rasa sing kadang ora bisa diungkapna.

Angger ngomongna nakal … kabeh wong tua ora bakal kepengin duwe anak sing olih julukan nakal. Tapi saben bocah seringe ngalami olih julukan kue mau, gara-gara dolan karo batir terus salah paham dadi tukaran, ujung-ujunge di cap nakal. Gari-garine dewek dadi wong tua kudu bisa mbeneri maring bocaeh. Aja-aja nakale mau anu kepengin digatekna nang wong tuane sing ora ana wektu ketungkul nyambut gawe. Alias bocah mau agi nggolet perhatian saking sibuke wong tuane, mulane tingkaeh nyeleneh terus dadi dijuluki nakal. Mungkin uga duwe kepenginan sing urung kesembadan sing bocaeh mau arep ngomong ora wani utawa wedi.

Kabeh mau perlu pemikiran sing temenan aja ngasi nakale bocah mau nggawa akibat sing ora maen tumrap awake bocah lan wong lia. Mulane sadurunge kedadian, mumpung esih bocah … sebagai wong tua kudu terus jeweh (ora bosen ngomongi) supayane bocah mau nakale maju gede maju ilang. Sing paling penting dewek dadi wong tuwa kudu bisa nyontoni sing bener. Sebab kue pembelajaran sing langsung di deleng lan ditiru nang anake dewek. Moga-moga bisa nggo contoh sing apik tumrap perkembangane bocah.

Sedulur kabeh mungkin ganu dong esih cilik ra krasa pernah ngalami nakal. Tapi nek ora nakal mungkin pernah krasa dinakali nang batir cilik gemiyen. Kabeh mau proses perkembangan bocah menuju dewasa. Deneng siki wis dadi wong tua ya … nakale ilang. Ganti rasa tanggungjawab maring keluarga minimal maring awake dewek. Wis paham lan mudeng dene nakal kue ora nana manfangate.

Jane ari di mat-matna nek ana bocah nakal kue jan-jane agi mulai nemui jati dirine bocah mau. Angger dasare bocah maen ya biasane maen tapi angger bocah sing nakal mungkin bocah mau kepengin nang ngarep wegah kalah, tembe mburine ana hikmah sing maen uga. Nyatane tanggaku sing gemiyen cilikane nakal jenenge Mas Nohar, jan angger ketemu karo batire ijig-ijig njotos, siki wis dewasa jebul dadi wong tua sering ngomongi anake kon aja nakal. Anake loro, lanang karo wadon.

Hehe sedulur ngapurane sing gede banget, sekedar ngudarasa, polaeh anak ya dadi polaeh wong tua. Wong angger ana polah sing dilakoni anak apik wong tuane melu apik, polaeh anak ala ya wong tuane melu kegawa ala.

Srupuuut … karo nunggoni ramane ngopi … kaya katon seger temen ….

Oalaaah … bocah bocah … polaeh koh werna-werna jannnn ….

DISCLAIMER
Konten pada website ini merupakan konten yang di tulis oleh user. Tanggung jawab isi adalah sepenuhnya oleh user/penulis. Pihak pengelola web tidak memiliki tanggung jawab apapun atas hal hal yang dapat ditimbulkan dari penerbitan artikel di website ini, namun setiap orang bisa mengirimkan surat aduan yang akan ditindak lanjuti oleh pengelola sebaik mungkin. Pengelola website berhak untuk membatalkan penayangan artikel, penghapusan artikel hingga penonaktifan akun penulis bila terdapat konten yang tidak seharusnya ditayangkan di web ini.

Laporkan Penyalahgunaan

Komentar




search

New Post