nunung listyani

Nunung Listyani, Guru di SMP Negeri 2 Karangrejo Kab. Magetan Jawa Timur....

Selengkapnya
Navigasi Web

WONG KEPILIH

Tantangan hari ke-30

#TantanganGurusiana

 

Yen krungu jeneng ibu disebut, sopo wonge sing ora brebes mili eluhe, opo maneh kanggone wong sing ibune wis kepundhut.

Semono ugo aku, yen kelingan marang ibu atiku keronto ronto, sambat gak iso nunggu ibu kanthi taneg, mergo aku kudu ngayahi tugas dadi abdine negara ditugasne dadi guru neng Sumatera. Masio saiki ibu wis ora ono wis manggon neng panggonan sing kepenak nanging yen kelingan ibu  mripat gak iso ngempet metune eluh. 

Sawise aku boyongan karo keluarga cilikku neng Sumatra, ibuku almarhumah kijenan neng dalem dewe. Soyo dino ibu sansoyo sepuh kudu ono sing nunggu lan ngancani ibu, kamongko ibu manggon neng dalem ijen mergo Bapak ugo wis kepundut sakdurunge ibu, mbak lan mas yo manggon neng adoh. Nanging anehe soko sakmono putro putrine ibuku, geniyo aku dikon bali ngancani ibu, kamongko dadi guru iku ora gampang ngurus pindah.

Sawise rembugan karo bojoku akhire aku ngurus pindah, Alhamdullilah mergo tujuanku pindah apik, ngancani lan ngrawat ibu,  urusanku pindah diparingi lancar lan ora ono alangan opo opo. Nanging neng pikiranku isih kebak pitakon geniyo kok aku sing kudu ngancani ibu kamongko mbak mbakku yo akeh masio adoh daleme nanging iso kejangkau sedino teko yen endang ibu malah keporo namung jam, sawetoro aku adoh neng Sumatra.

Pitakonku iki akhire ono wangsulane sing marai aku terus nangis yen kelingan ibu, roso getun gak iso suwe ngancani lan ngrawat ibu. Tibane sopo wae sing ngancani lan ngrawat ibu iku wis dadi pilihane Gusti Allah Swt. Dadi masio manggon neng papan ndi wae bakal mulih, mergo wong iku wis kepilih nampani bebungah iso ngancani lan ngrawat wong tuane, salah yen amanah paringane Gusti Allah iki disia siakno lan ditompo kanthi ati gak ikhlas. Dadi sopo wae wong sing kepilih iso ngancani lan ngrawat wong tua, kudu nduwe roso syukur makaping kaping marang Gusti Allah, mergo gak iso kabeh putra putrine iso ngrawat wong tuane masio putra putrine akeh.

 

DISCLAIMER
Konten pada website ini merupakan konten yang di tulis oleh user. Tanggung jawab isi adalah sepenuhnya oleh user/penulis. Pihak pengelola web tidak memiliki tanggung jawab apapun atas hal hal yang dapat ditimbulkan dari penerbitan artikel di website ini, namun setiap orang bisa mengirimkan surat aduan yang akan ditindak lanjuti oleh pengelola sebaik mungkin. Pengelola website berhak untuk membatalkan penayangan artikel, penghapusan artikel hingga penonaktifan akun penulis bila terdapat konten yang tidak seharusnya ditayangkan di web ini.

Laporkan Penyalahgunaan

Komentar




search

New Post