Oseng Kembang Kates
Tanduran kates gampang kita pethuki ing lingkungan sakiwa tengene omah. Rata-rata wong nggunaake wohe kates kanggo bahan konsumsi. Kates mentah bisa kanggo bahan janganan. Kaya ta: jangan oseng utawa lodeh dicampuri kacang.
Wohe kates kang wis mateng uga bisa dipangan. Yen isih kemrampo bisa kanggo rujakan. Dene wohe kang wis mateng tenanan bisa dipangan kaya woh-wohan liyane.
Sakliyane wohe, godhong kates uga bisa digunakan kanggo kulupan. Rasane pait. Nanging bisa dicampuri godhong tela lan luntas kanggo nyudo rasa paite.
Dene kembang kates bisa uga dioseng campur godhong. Nanging biasane rasane dadi katut pait.
Mula, yen ora seneng pait, kembang kates bisa diolah tanpa dicampuri godhong kates. Carane piye?
Bahan-bahan:
1 wakul berkat kembang kates
4-5 siung bawang putih
5-6 siung brambang
2 iji lombok abang
10 iji lombok emprit
Laos
Godhong salam
Uyah
Gula
Kecap
Dene carane gampang banget. Kembang kates kang wis dipithiki gagange diumbah resik. Njur di godhog sak umoban kanggo ngilangi rasa dhadhake.
Yen wis dicemplungke sedhilut njur dientas. Dene kabeh bumbu brambang, bawang lan lombok diirisi njur digongso. Yen wis setengah mateng, age-age kembang kates dilebokne. Dioseng-oseng nganti empuk. Aja lali uyah, gula, lan kecap. Luwih enak yen dicampuri teri kang digoreng bareng bumbune. Oseng kembang kates ora krasa pait kayadene yen dicampuri godhong kates. Monggo dicoba.
Konten pada website ini merupakan konten yang di tulis oleh user. Tanggung jawab isi adalah sepenuhnya oleh user/penulis. Pihak pengelola web tidak memiliki tanggung jawab apapun atas hal hal yang dapat ditimbulkan dari penerbitan artikel di website ini, namun setiap orang bisa mengirimkan surat aduan yang akan ditindak lanjuti oleh pengelola sebaik mungkin. Pengelola website berhak untuk membatalkan penayangan artikel, penghapusan artikel hingga penonaktifan akun penulis bila terdapat konten yang tidak seharusnya ditayangkan di web ini.
Laporkan Penyalahgunaan
Komentar
Mantap Mbak. Sukses selalu
Jadi pengen
Ngiler saya bu