NURROHMAH PUJI MASTUTI

Guru IPA yang sejak kecil gemar sastra. Seringkali menulis puisi dan cerpen di sela kegemaran traveling.Lebih suka diam dan suka dengan ketenangan. ...

Selengkapnya
Navigasi Web
Kolase Kuwi Apa Ta?

Kolase Kuwi Apa Ta?

Wis suwe ra mulokan. Rencanaku sakjane pingin sedino wae ngetrapake basa Jawa kanggo cecaturan ing sekolahan. Ben wong Jawa ora ilang jawane. Mosok dadi wong Jawa yahmana yahmene kok pancet ae ra paham basane dhewe.

Ora mung aku dhewe. Wong liya ya akeh tunggale. Kanggo nyinau basa Jawa pancen kudune saben dina dikulinaake. Mbuh salah mbuh bener sing penting padha blajare.

Iki dina sinambi leren mergawe, eh kok pingin mulokan kaya biyen kae. Eling crita karo bocah-bocah wingi awan nalika tak jaluki tulung moto kegiatan ing sekolahan.

"Divideo nggih, Bu?" pitakone siswaku.

"Aja, Le. Blaen ngko hapene," wangsulanku karo mbalik ing ngarep bangku.

"Dipoto mawon, Bu? Pinten?" pitakone meneh.

"Iya, telu pa papat ae, Le. Mung ge kolase, " wangsulanku njur njupuk alat peraga.

Kolase kuwi apa ta sakjane? Ana bocah kang takon wae. Mbuh njarag apa pancen ora ngerti artine. Pancen jamane saiki, yen pas mulang bocah-bocah, kudu dipoto. Njur poto mau ditata mening kanthi ditambahi katrangan apa kegiatane. Kaya album ngana kae, lo. Istilah keren-ne jare kolase.

Iput saben dina kadhang njaluk tulung marang siswa saperlu mung nuruti pegaweyan kang kudu dilaporake. Kudune rak ya dipasangi kamera wae, ben mulang ora repot nggawe kolase. Yen sinyale penak lan hapene tepak, kabeh mau ra masalah.

"Lha masalahe apa, Bu? Nggawe kolase wae kok sambat ae," pitakone salah sawijining kanca ing kantorku.

" Halah, ya biasa ta, Pak. Lha wong aku ki eman yen mbuwang poto liyane. Dadi yen ditambahi nggawe kolase, hapeku ya jelas magep-magep," wangsulanku sinambi milihi poto kang wis ora tak perloake. Poto panganan wae kok disimpen nganti taunan. Ealah, mbok mbok.

14 Januari 2024

DISCLAIMER
Konten pada website ini merupakan konten yang di tulis oleh user. Tanggung jawab isi adalah sepenuhnya oleh user/penulis. Pihak pengelola web tidak memiliki tanggung jawab apapun atas hal hal yang dapat ditimbulkan dari penerbitan artikel di website ini, namun setiap orang bisa mengirimkan surat aduan yang akan ditindak lanjuti oleh pengelola sebaik mungkin. Pengelola website berhak untuk membatalkan penayangan artikel, penghapusan artikel hingga penonaktifan akun penulis bila terdapat konten yang tidak seharusnya ditayangkan di web ini.

Laporkan Penyalahgunaan

Komentar

Waduh.. Ga ngerti aku. Bagi terjemahan donk... Hehe

14 Jan
Balas

Waduh.. Ga ngerti aku. Bagi terjemahan donk... Hehe

14 Jan
Balas

Mantap Bunda

14 Jan
Balas

Bahasa ne halus tenan..mboten ngertos Kulo bu

14 Jan
Balas



search

New Post