NURROHMAH PUJI MASTUTI

Guru IPA yang sejak kecil gemar sastra. Seringkali menulis puisi dan cerpen di sela kegemaran traveling.Lebih suka diam dan suka dengan ketenangan. ...

Selengkapnya
Navigasi Web
Rumangsa Apes (H37)
Pixabay

Rumangsa Apes (H37)

Wektune emak tansaya suwe tansaya entek. Lha piye meneh, wong saben ndina ora mung ngopeni sawah, nanging uga ngramut bocah-bocah. Apamaneh jamane daring kaya ngene iki. Utekke emak jare tambah puyeng. 

Wingi esuk aku dioyak-oyak emak, diutus age-age budhal sekolah. Karepku ya rada nelat sithik, wong srengengene wae durung mlethek. Emak kuatir yen aku keri njur diukum karo guruku sing gedhe dhuwur iku. Asmane Pak Supardi. Guru olahraga ing sekolahanku kuwi pancen wes kondhang kerenge. 

Yuswane sakjane ya wes sepuh. Lha wong Pak Supardi kuwi biyen gurune emak. 

"Kae lo Ndut, dienteni Bagas ndek ngarepan. Gek ndang budhal. Selak awan," dhawuhe Emak sinambi napungke beras karon. 

Aku mengo ning isih durung semaur. Sik nutugake olehku mamah tempe goreng lawuhku esuk iku. 

"Ndut, krungu pora?"

Emak ndangu aku sinambi njawil lengenku. Aku manthuk karo ngringkesi piring lan gelas. 

"Inggih, sekedhap ta Mak. Sik sarapan," wangsulanku. 

Emak mesem, gedheg-gedheg mirsani aku. Klunuh-klunuh aku nuju meja ing cedhak lawang kamarku. Ransel tak cantholke pundhak. Njur pamit emak. Ora lali salim karo nyekel astane tengen. 

Bagas wes ngranti aku ing ngarep omah. Dheweke lungguh lincak madhep ngalor. Dene omahku kuwi madhep ngulon. Sajake dheweke nduwe buku anyar. Mulane ora nggape nalika aku marani dheweke. 

"Ayo, ndang budhal. Selak diorak-orak emak meneh ki ngko," kandhaku marang Bagas. 

"Iya, ayo. Sik bukuku tak lebokne tas dhisik," wangsulane Bagas banjur nglerekna tas sing isih diseleh lincak. 

Ora let suwe aku lan Bagas wes tekan sekolahan. Sepedhahan boncengan karo Bagas ki pancen yo penak tenan, merga aku ora melu ngonthel. Aku ndek ngarep bagean nyetir, dene Bagas tak bonceng ing mburiku nanging sinambi ngonthel. 

Sinambi mlaku ngliwati ruang guru tak inceng jam sing nemplek ndek tembok cedhak lawang wes nuduhake jam pitu kurang sepuluh menit. Aku banjur mlaku nuju kelas. Kanca-kancaku wes padha teka. Ana sing mung jagongan, ana sing sinau, uga ana sing isih nyapu. 

"Mbok rada mrana lehmu mlaku ki, Ndut. Aku isih nyapu iki lo!" kandhane Shinta banter karo mripate mendelik. 

"Iyo... iyo... ndara ayu. Mandak ngono ae," wangsulanku njur mlaku rada minggir. 

Shinta tambah nesu merga rumangsa keganggu. Ing cedhak lawang kelas dadi rame. Bagas ya melu njarag Shinta sing cugetan kuwi. 

Sledhat sledhot Shinta nutugake nyapu nganti meh jam pitu. Aku lungguh ing kursi. Buku tak tata ing nduwur bangku. Dumadakan kringetku gobyos nelesi bathukku. 

"Wadhuh, blaen ikk. Kayake mau wes tak lebokne. Nyang ndi ya bukuku kimau."

Aku nggremeng dhewe sinambi ngolak ngalik ransel ireng kang ana loro lerekane. 

"Nyangpo, Ndut. Nggoleki apa?" pitakone Bagas melu ngungak isi ranselku. 

"Blaen... blaen..., ketoke buku peer matematika keri, Gas. Piye ki?"

Aku tansaya bingung. Sedhela maneh Bu Titin mesthi age-age mlebu kelasku. Guru matematika siji kuwi pancen ora tau telat mlebu. Uga ora tau ijin. Athik wonge rada kereng pisan. Undha undhi, kaya kakang adhi yen dijejerake Pak Supardi. 

"Jajal digoleki sing tenanan, Ndut. Ngko gek keri tenan. Pa nyonto aku ae nganggo buku liya?" kandhane Bagas njur ngetokake bukune. 

"Suwun. Gak usah. Panggah ra nutut masiyo aku nyonto awakmu," wangsulanku tanpa esem lan guyu. 

Apa merga aku njarag Shinta ya, dadi entuk wales merga polahku? Batin atiku. 

Klunthing-klunting bel tanda jam kapisan wes muni saka ruang kantor. Aku nyerah. Dene diukum ya wes ben lah. Lagi pisan iki aku lali bukuku ana ngendi. 

Thok... Thok... swaraning sepatu ngidak keramik emperan kelas ndadekake dhadhaku tansaya deg deg an. Aku meneng sinambi ndingkluk. 

"Ndut, deloken kuwi sapa," kandhane Bagas sinambi nyablek pupuku. 

Alon aku ndangak. Kuatir Bu Titin mirsani aku njur takon masalah peerku. Nanging bareng tak sawang ing lawang kelas, duduk Bu Titin sing jumeneng anteng. Nanging ana  wong liya sing yuswane kira-kira meh padha karo Bu Titin.

Sakwise uluk salam, piyantun putri kuwi mau njur mlebu kelasku. Ngenalke yen dheweke kuwi guru anyar kang bakal ngganteni Bu Titin. Aku mung ndomblong ora bisa ngomong. Guru anyar mau katone luwih alus lan sabar. Ayem atiku. 

Sawise tetepungan, banjur mulang aku lan kanca sakelas. Nerusake tugas saka Bu Titin. Nganti watara rong jam pelajaran olehe nggladhi soal matematika. 

Nalika aku isih nulis, guru anyar kang asmane Bu Pipit mau njur nyedhaki aku. 

"Kamu yang namanya Gendhut ya?" pitakone Bu Pipit kang jumeneng ing ngarepku. 

"Inggih, Bu. Leres," wangsulanku sinambi nyeleh pulpen sedhela ing ndhuwure buku. 

"Pantesan. Pas banget," ngendikane. 

"Napanipun ingkang pas, Bu?" pitakonku. 

Bu Pipit njur crita menawa Bu Titin nate ngendika yen Gendhut pinter matematika. Dheweke uga sregep nggarap peer. Mula yen Bu Pipit pingin ngerti pawulangan wes tekan ngendi, bisa nyilih bukune Gendhut, ngono dhawuhe Bu Pipit mangsuli pitakonku. 

Kringet sing wes garing saknalika dadi ndrodos meneh. Gemrobyos bingung olehku nyauri nalika Bu Pipit ngampil bukuku. Isin temen aku dina kuwi. Rumangsa apes. Ning Bagas bisa dadi pahlawan kang nylametake aku kanthi nyilihi buku lan nggenahake alasane nganti bukuku keri esuk iku mau. Shinta uga njur nyedhaki aku. Mbalekna bukuku kang sengaja didhelikake, ning jarene nemu. 

Slamet... slamet... untunge Bu Pipit ora duka marang aku. Beja rasaning atiku nalika isih ana kanca kang mbantu. Shinta mung mesem nyawang aku. Sajake dheweke rumangsa menang nyawang aku kang adus kringet ing ngarepe guruku. Rumangsa apes. 

H37

Nganjuk, 6 Februari 2022

DISCLAIMER
Konten pada website ini merupakan konten yang di tulis oleh user. Tanggung jawab isi adalah sepenuhnya oleh user/penulis. Pihak pengelola web tidak memiliki tanggung jawab apapun atas hal hal yang dapat ditimbulkan dari penerbitan artikel di website ini, namun setiap orang bisa mengirimkan surat aduan yang akan ditindak lanjuti oleh pengelola sebaik mungkin. Pengelola website berhak untuk membatalkan penayangan artikel, penghapusan artikel hingga penonaktifan akun penulis bila terdapat konten yang tidak seharusnya ditayangkan di web ini.

Laporkan Penyalahgunaan

Komentar

Sedikit intinya nyaris apae ya bun maafkan baru sempat skss

06 Feb
Balas

Isin temen aku dina kuwi. Rumangsa apes....hehe, malunya bikin merah mukanya dan keringet dingin...

06 Feb
Balas

sae seratanipun...mulok, nguri-uri bahasa Jawa...mugi tansah rahayu widada nir ing sambikala bunda Nurrohmah PM

06 Feb
Balas



search

New Post