Puspa Anggraheni

Biografi S. Puspa Anggraheni , Purbalingga I Purbayasa....

Selengkapnya
Navigasi Web

Lutis

Lutis

Dina kiye rasane panas temen ya. Srengenge kayong neng dhuwur bunbunan. Kringet dleweran nganti klebes klambine.

Nyong mung bisa sambat, duh gusti Allah...paringi sabar. Wis tek ampet, deneng nyong dhela-dhela sambat. Wong nyatane, numpak montor nganggo helm tambahan ngganggo masker. Mbok ya kemlepek.

Nyong markir motor karo nunggu batir sing lagi becer roti. Nyong kepencut werna abang, kuning, putih sing ngawe-ngawe. Gagean nyong pereki. Saking fokuse nyong nganti ora weruh ana mbekayu celuk-celuk...

Nyong kaget campur isin, wong neng ngarepe tapi ora keton. Nggo tamba isin, nyong salaman karo nyuwun ngapura mergane miki nyong ora aruh-aruh dhisit.

Nyong gagean ngitung dhuwit rong ewuan sing pathing kruwel. Lutis sewadhah plastik regane 10.000 perak. Insyaallah dhuwite ya luwih sekang 10 ewu.

Mbekayu mau, ijig-ijig mbayar glutak 10 ewu. Dheweki melas mbok maring nyong, mergane dhuwite uwel-uwelan. Nyong dadi dobel isin gie tah.

Rezeki pancen ora bisa ditolak. Ora bisa dipeksa jaluk. Buktine, neng pinggir dalan kue ana wong tembe ngjaluk deneng ora diwei. Lah nyong ora ngjaluk malah diwei. Mbok dewei sepiraha gelem ya. Sewu, rong ngewu apa maning limang ewu. Kena ngapa rasane abot ngewei wong jaluk?

Nyong bayar ngganggo dhuwit uwel-uwelan soten anu kepepet, mergane dhompete neng jok motor. Arep ngjiot, parkire adoh.

Wis kaya kue, nyong trus balik ngumah. Niate arep cicip lutis, eee ana duz neng dhuwur meja. Tek bukak isine werna-werna. Ana kupat, opor ayam, sambel, krupuk, oseng mi, oseng tempe karo kacang, pepek ngjipek. Sekang sapa maning gie, opor ayame isih panas.

Cocok gie, weteng ngelih ana kiriman. Pucuk di cita ulam pun tiba.

Oh, lutis...mau awan ngawe-awe nganti kemlecer. Siki wis mbengi durung diicipi. Duh gusti Allah...nyuwun pangapunten...kawulo tiyang ingkang nilaraken piwulang rosul perkawis nedhi. Bahasa Indonesiane "makanlah setelah lapar dan berhentilah sebelum kenyang".

Astagfirullahal adzim...

DISCLAIMER
Konten pada website ini merupakan konten yang di tulis oleh user. Tanggung jawab isi adalah sepenuhnya oleh user/penulis. Pihak pengelola web tidak memiliki tanggung jawab apapun atas hal hal yang dapat ditimbulkan dari penerbitan artikel di website ini, namun setiap orang bisa mengirimkan surat aduan yang akan ditindak lanjuti oleh pengelola sebaik mungkin. Pengelola website berhak untuk membatalkan penayangan artikel, penghapusan artikel hingga penonaktifan akun penulis bila terdapat konten yang tidak seharusnya ditayangkan di web ini.

Laporkan Penyalahgunaan

Komentar

Lha kaya kuwe, tulisane guru ngapak padha metu maning. Liyane mendi, deneng amleng? Eling, Kabupaten Purbalingga paling akeh sing nduweni akun nang gurusiana lho! Perlu bukti mbok?

06 Oct
Balas

Leres sanget Pak...nyobi ngapak meniko....

06 Oct

Wis lancar ngapakke ya bu. ?

07 Oct
Balas

Dereng sae bu...xixixi...lingsem kulo bu...

07 Oct

Sae lho...Buu...

07 Oct
Balas

Latihan ngapak bunda hehe

07 Oct

Siapppp....temenan loh

07 Oct
Balas

Lah mbekayu..enyong dadi melu kemlecer.....kepengin lutise....

06 Oct
Balas

Ya ngeneh...sambele pedhes, legi hehehe

06 Oct

Rika senenge ngiming2i thok lsh..ngesuk tek parani meng Purbalingga..hi..hi..

06 Oct



search

New Post