Sewidak
#tantangan_gurusiana_hari_ke60_03052020
Sewidak
Sewidak iku ora sithik tumrape menungsa sing dhemen bersyukur.
Sewidak iku uga ora akeh tumrape wong sing anane amung sambat ngayawara, entek amek kurang golek.
Kabeh iku mau gumantng kepiye awake dhewe nepakaka jiwa raga lan uteg sing wes diparingi Gusti, kanthi gratisan.
Jer urip nang alam dunya iki, pancen ibarate amung mlaku. Ing dalan, saparan-paran temtu bakalan ketemu maneka werna sifat, watak, lan polahe menungsa liyane.
Ana sing trengginas, bras bres kebat kliwat gursa-grus tanpa petungan.
Ana sing mlaku alon-alon merga sadar, ngrumangani anak buah sing ana ngisor dlamakan-e wong tuwa.
Ana uga sing mangu-mangu ora tinerusna mlaku. Malah kepara mandheg ndalan, uga ana kang nrabas kabeh alangan.
Menawa ana sing sambat, "Ah, kesel, Nda.
Ceramahmu mbulet, aku ora ana wektu babar blas. Sesuk wae, ya?"
Jarke ae.
Konten pada website ini merupakan konten yang di tulis oleh user. Tanggung jawab isi adalah sepenuhnya oleh user/penulis. Pihak pengelola web tidak memiliki tanggung jawab apapun atas hal hal yang dapat ditimbulkan dari penerbitan artikel di website ini, namun setiap orang bisa mengirimkan surat aduan yang akan ditindak lanjuti oleh pengelola sebaik mungkin. Pengelola website berhak untuk membatalkan penayangan artikel, penghapusan artikel hingga penonaktifan akun penulis bila terdapat konten yang tidak seharusnya ditayangkan di web ini.
Laporkan Penyalahgunaan
Komentar
Siiipppp
Siiipppp