Reni Sularsih

Assalaammu'alaikum wr.wb. Salam Literasi! Salam kenal.. Nama saya Reni Sularsih. Lahir di Jakarta 13 Agustus 1969. Saya masih wiyata bakti di SDN Karangjati ...

Selengkapnya
Navigasi Web

Urip iku Urup, Yayi.

#tantangan_menulis_hari_ke59_02052020

Urip Iku Urup, Yayi.

Sapunika sampun titi mangsa enggal

Kagem Ratu lan sedaya kawula dasih

Kanthi teteg, tatag, tutug, tanggon, tatas lan titis

Ngrekadaya hangreksa bumi pertiwi

Dados linangkung reja ing samubarang kalir.

***

Urip iku urup, Yayi.

Sanadyan kathah rubeda mring wijining laku utama nira

Sanadyan warih alit gemrojog ageng kadya jawah lan sinamber nyawa

Sanadyan lungkrah, kadya raga tanpa warangka

Sanadyan kadya pandulu peteng, dados saged mirsani dahana.

Sanadyan ludira wutah ing wadasing ati nira

Sanadyan sinabet perih,

nganti tumetes waspa ing kiwa tengenira.

***

Urip iku urup, Yayi.

Satuhu trep teteg ing manah nyawiji Ratu lan para kawula

Kanthi lillah idi pangestunipun Gusti Ingakang Maha Suci

Sumungkem sami hanenuwun

Mugi pinaringan kekiyatanipun ratri lan dhiri pribadi

Amrih sageda anyengkuyung titahing Gusti Ingkang Murbeeng Dumadi

Adhamel sucinipun manah saha jiwa para kawula dasih

Anjejaga keluruhanipun Ibu pertiwi.

***

Urip iku urup, Yayi.

Mangga, enggal tinerasaken lampah utama nira, Yayi.

Emut sadaya ingkang sampun ginaris pepesthenipun Gusti

Jer "Sura Dira Jayangingrat, Lebur Dening Pangastuti".

Ungaran, Surya kaping sanga wulan Ramadan 1441 H.

DISCLAIMER
Konten pada website ini merupakan konten yang di tulis oleh user. Tanggung jawab isi adalah sepenuhnya oleh user/penulis. Pihak pengelola web tidak memiliki tanggung jawab apapun atas hal hal yang dapat ditimbulkan dari penerbitan artikel di website ini, namun setiap orang bisa mengirimkan surat aduan yang akan ditindak lanjuti oleh pengelola sebaik mungkin. Pengelola website berhak untuk membatalkan penayangan artikel, penghapusan artikel hingga penonaktifan akun penulis bila terdapat konten yang tidak seharusnya ditayangkan di web ini.

Laporkan Penyalahgunaan

Komentar

Geguritan ingkang sae sanget, Bu. Mugi tinebihno ing rubedo. Saget toto titi tentrem miwah dunyo dumugi akhirat.

03 May
Balas

Keren

02 May
Balas

Mangga nggegurit, Bu..

02 May



search

New Post