Rina Pujiastuti

Belum menuliskan informasi profilenya.

Selengkapnya
Navigasi Web

Guru vs Rajakaya

Bapakku paring asma Imam Rohani. Ing desa bapakku karan pak guru Rohani. Meh kabeh warga desa kenal karo guru Rohani. Jare bapak..... Guru kuwi wagu tur saru. Saben-saben wong mesti sungkan karo jenenge guru. Guru kuwi gede ajine. Kabeh sarwa hormat marang guru. Guru kuwi digugu lan ditiru. Kabeh tumindake kudu becik, amargo dadi tuladha sakabehe liyan. Guru kuwi lek Minggu turu. Amargo Minggu kuwi sekolah podo prei. Nanging saiki penggaweane guru akeh. Administrasine saktumpuk. Kadang Minggu ora iso prei.

Jare bapak..... Guru kuwi kudu ikhlas. Bayarane setitik, nanging amale gede. Olehe ngunduh bayaran, sok nek akhirat arupa swargane Gusti Allah. Nanging saiki, guru oleh sertifikasi. Bayarane ora setitik maneh. Setitik utawa akeh bayaran, gumantung oleh nyukuri nikmat. Bayaran setitik ya cukup, senajan akeh panggah ora cukup. Setitik akeh bayarane, guru kuwi panggah kudu ikhlas. Tantangane saya suwe saya gedhe. Ben kabeh barokah, setitik akeh kudu di syukuri.

Jare bapak..... Yen pengen sugih ojo mung dadi guru. Guru kuwi bondone gak iso akeh blegedu. Ora koyo panguwasa kan pengusaha, sing bondone mubra mubru. Pesene bapak.... Yen pengen dadi guru sing sugih, openana rajakaya, tuladhane kaya sapi. Yen duwe rajakaya dewe, insya Allah rezekine iso lancar tur akeh. Ananging, ngulang tetep nomor siji. Ojo lek wis lancar anggone open open banjur ngulang digawe samben. Amrih barokah lan lancar rejekine, tugas wajib ngulang kudu tansah ditindakake kanthi ikhlas lan sak apik apike.

Mula saiki, aku jajal open open sapi. Manut pesene swaragine bapak almarhum. Moga-moga tansah pinaringan rezeki kathah, barokah, syukur-syukur iso turah kenek gawe sangu menyang Mekah dan Madinah. Amin ya robbal alamin....

DISCLAIMER
Konten pada website ini merupakan konten yang di tulis oleh user. Tanggung jawab isi adalah sepenuhnya oleh user/penulis. Pihak pengelola web tidak memiliki tanggung jawab apapun atas hal hal yang dapat ditimbulkan dari penerbitan artikel di website ini, namun setiap orang bisa mengirimkan surat aduan yang akan ditindak lanjuti oleh pengelola sebaik mungkin. Pengelola website berhak untuk membatalkan penayangan artikel, penghapusan artikel hingga penonaktifan akun penulis bila terdapat konten yang tidak seharusnya ditayangkan di web ini.

Laporkan Penyalahgunaan

Komentar

Aku ora ngerti. Namun bila lihat sapi aku jadi ingat sapi peliharaan ku.

01 Mar
Balas

Hehehe....iya Bu.....damai kalau lihat sapi sehat n gemuk....

03 Mar



search

New Post