Rini Yuliati

Seorang ibu dari dua orang putri yang ingin belajar merangkai huruf sehingga menjadi bermakna. Tinggal di sebuah kota kecil di Kebumen, Jawa Tengah. Profesi mom...

Selengkapnya
Navigasi Web

Pojok Ngapak Coronawati

Kang Giman atine seneng banget amarga bojone tembe lairan. Wis meh pitung taun le bebojoan nanging urung diparingi momongan. Mau mbengi jam pitunan, Darsih sambat wetenge mules. Kang Giman bingung amarga urung tau ngerti kepriye nek wong arep lairan. Dheweke banjur njaluk tulung karo Kang Jono, tukang becak tanggane kon njujugna nggone Bu Bidan Sarofah. Raine Darsih pucet banget. Kang Giman tambah kawatir.

Umahe bidane ora adoh, paling 10 menitan. Tekan nggone, bojone gagean dipriksa nang bu bidan. Kang Giman nunggu nang njaba kamar. Dheweke ndonga sebisane. Ora let suwe, ana suara bayi nangis seka njero kamar. Alhamdulillah, Kang Giman ngucap syukur maring Gusti Allah. Rasane ora sabar kepengin weruh jabang bayi sing wis dienteni suwe.

Lawang kamar sing nggo lairan kebukak. Bu Bidan Sarofah njedul seka njero.

"Pak Giman, putrane njenengan estri. Mbok badhe diadzani riyin."

"Nggih Bu Bidan," jawabe Kang Giman gagean mlebu kamar.

Nang njero kamar, Darsih mesem maring dheweke. Kang Giman ngelus sirahe bojone.

"Matur nuwun ya, Mak."

Kang Giman banjur mbopong bayine. Rasane ati seneng ora karuan. Dheweke banjur adzan nang kupinge si bayi.

"Mak, anake dhewek ayu kaya mamake," Kang Giman nyawang karo ngileng-ngileng si jabang bayi.

"Ngesuk dijenengi sapa ya, Mak?" pitakone Kang Giman maring sing wadon.

"Aku duwe jeneng apik, Pak. Coronawati," Darsih semaur kalem karo mesem.

Kang Giman njenggirat krungu jeneng sing disebutna bojone.

"Sing bener, Mak. Apa ora ana jeneng liyane? Ketone nggilani temen jeneng Coronawati."

"Pokoke jenenge anake dhewek kudu Coronawati. Titik," Darsih ngomong mantep.

Kang Giman mung meneng krungu jawabane Darsih. Atine urung bisa nampa jeneng sing diusulna bojone.

Bareng wis bali kang nggone bu bidan, Kang Giman nggenahna maning. Nanging Darsih tetep njaluk anake dijenengi Coronawati. Akhire Kang Giman meng nggone pak kyai nang desane. Njaluk wejangan. Syukur-syukur bisa aweh jeneng sing apik nggo anak wadone.

"Kula seg mumet Pak Kyai. Amargi bojone kula badhe maringi jeneng Coronawati teng anak wadon."

Pak kyai mesem krungu omongane Kang Giman.

"Nek gawe jeneng nggo anak kuwe sing duwe makna apik amarga ngesuk nang akhirat arep diundang nganggo jenenge dhewek-dhewek."

"Lah niku sebabe kula pusing amargi bojone kula madhep mantep nyuwun jeneng Coronawati. Pripun niku Pak Kyai?"

"Ya kaya kiye bae, Man. Ditambaih bae jenenge dadi Nur Hikmah Coronawati ben ana maknane. Yakuwe supaya virus corona nggawa hikmah tumrape manungsa. Ben manungsa padha eling marang sing gawe urip. Ndandani hubungane karo Gusti Allah. Aja semakean urip nang dunya kiye."

"Oh ngaten nggih Pak Kyai. Matur nuwun sanget wejanganipun."

Kang Giman semaur karo ngambung tangane pak kyai.

Tekan umah, Kang Giman ngomong maring Darsih wejangane pak kyai mau. Akhire Darsih manut sakwise diwei pangerten nang sing lanang.

Pitung ndina pas puputan. Si jabang bayi diwei jeneng "Nur Hikmah Coronawati." Kang Giman ngundang tangga teparo, syukuran nang umah. Muga-muga anake diparingi keberkahan lan keslametan.

NB : tulisan kiye mung fiktif alias ngarang nggo tamba kangen nulis bahasa ngapak. Ora ngapak ora kepenak. Tetep mesem selasawe. Sugeng Enjang.

Kebumen, 14 Maret 2020

DISCLAIMER
Konten pada website ini merupakan konten yang di tulis oleh user. Tanggung jawab isi adalah sepenuhnya oleh user/penulis. Pihak pengelola web tidak memiliki tanggung jawab apapun atas hal hal yang dapat ditimbulkan dari penerbitan artikel di website ini, namun setiap orang bisa mengirimkan surat aduan yang akan ditindak lanjuti oleh pengelola sebaik mungkin. Pengelola website berhak untuk membatalkan penayangan artikel, penghapusan artikel hingga penonaktifan akun penulis bila terdapat konten yang tidak seharusnya ditayangkan di web ini.

Laporkan Penyalahgunaan

Komentar




search

New Post