Robingah, S.Pd.SD

Lahir di Banjarnegara, 21 Januari 1970. Bekerja sebagai guru sejak 1998 dan sekarang menjadi Kepala Sekolah di SDN Sukomangli Kec.Patean, Kab. Kendal, Jaw...

Selengkapnya
Navigasi Web
MISKOMUNIKASI
Sumber gambar: pixabay.com

MISKOMUNIKASI

MISKOMUNIKASI

Coretane Ruby

Saiki dina Minggu. Wayahe para sedulur MGI padha nulis nganggo basa dhaerahe dhewek-dhewek. Senajan inyong uripe nang dhaerah pantura, ningen anu asline kelairan sekang dhaerah ngapak. Mulane, inyong ya nulise nganggo basa penginyongan bae.

Dadi mesam-mesem dhewek angger kemutan ana kanca sing jere tau disalahna merga tiru-tiru nganggo tembung inyong sing kurang nggathuk karo ukarane. Lha, dicritani aya kuwe ya njur tek sauri, "Rika li udu bangsa penginyongan. Ya wajar angger ana sing nyalahna. Hehehe...ora tegese nyong melu-melu nyalahna ya. Ningen pancen rika pantese nganggo basa pengakuan bae. Kan saben dinane le nyebut awake dhewek kuwe aku, udu inyong." Wis, pokoke angger crita babagan ngapak rasane kepengin ngguya-ngguyu bae we.

Bali ngasal maring crita ngapak. Esuk kiye, nyong tek crita bab miskomunikasi. Carane basa ngapak ya salah komunikasi. Wingi ana rong perkara miskomunikasi sing ndadekna nyong dadi madan kewatir tapi bar kuwe malah ngakak. Madan isin uga jane, ning ra papa lah. Sing penting anu ora ngisin-ngisina ikih.

Bubar sekang sekolahan bareng kancane mangkat kondangan. Nyong diboncengna sepedha motor tapi ora tek cethakna kanca lanang apa wadon. Sing genah anu wis kaya sedulur. Raket tur gemati banget.

Kira-kira sepuluh menitan tekan panggonan uleman. Bar ketemu tuan rumah, langsung bae dikon njukut panganan sing wis digelar. Manut bae lah. Apa maning anu wetenge wis keroncongan.

Lagi mangan suguhan jebul ketemu kanca liya sing padha dene wis suwe kenal. Sakwise omong-omongan, jebul kancaku bar kondangan ya arep kondangan maning maring nggon kanca sijine.

Rumangsa kebeneran, njur aku kepengin bareng melu kondangan maning bareng dheweke. Terus kanca sing mau mboncengna tek kon bali dhewek ninggalna aku ra papa. Omong-omongan disepakati. Njur padha gagean madhang bareng. Weteng ngelih segane anget. Apa maning menune werna-werna. Nylekamin banget pokoke lah.

Bubar madhang ngertine ya arep pamitan. E...lha jebul teka udan deres pisan. Ya, wis nunggu nganti terang. Karo guyon, kancaku ngomong. "Timbang kudanan, karo ngenteni terang yuh nicipi siomay bae." Lha kok nyong manut we. Embuhlah, ora sida pamit malah bareng-bareng njukut siomay. Hehehe...moga-moga si tuan rumahe malah seneng padhane ngerti critane nyong kiye. Anu nicipi thok li ora akeh le njukut laaaa. Ngakune. Enak temenan koh.

Madan suwe pancen udan sing deres banget mau. Mbarang keton terang nyong sakancane padha pamitan. Lho...wis tekan parkiran jebul udane teka maning. Malah lewih deres. Nyong njur ngaub karo ngenteni kanca sijine sing ujarku arep mboncengna maring nggon kondangan teruse.

Karo ngaub nang tritikan umah sebelah, nyong ngenteni kanca sing arep kondangan maning. Oalaaaah, dienteni sesuwen-suwen malah jebul nyong wis ditinggal. Dheweke ngertine nyong numpak sepedha motor dhewek. Mulane langsung nggembrit bae.

Ya, wislah. Nyong njagong dhewekan nang tritikan umah karo kanyesen. Ndilalah pas ora nganggo jaket. Udan nggeyes ora karuan njur nyiprati tas karo awakku. Teles tambah anyes.

Timbang bingung njur mbukak hape bae. Banjur nulis pesen maring bapake bocah-bocah ngaren menthuk. Untung pesene langsung dibales. Nyong nudhuhna alamat nggone ngaub.

Karo ngenteni dipethuk, nyong WA nan karo kanca maya sing nang dhaerah adoh. Lucu-lucuan critane. Nyong dadi ngguyu dhewek. Ora let suwe, priyayi sing tek tunggu-tunggu nelpun. Oalaaah....jebul salah alamat. Untung bisa ketemu akhire.

Barang tekan nggonku ngaub, kepriwe jal reaksine. "Bu, bu....lha wong panggonane nang kene koh le nudhuhna nang kana. Ya, dadi kesasar mau." Aku njur bisane mung ngguya-ngguyu. "Maape bae ya, Pak. Nyong dhewek be anu bingung koh."

Karo cengar-cengir, mantel sing diulungna langsung bae tek nggo. Njur mak clingkrik mbonceng bae lah maring papan kondangan kanca sijine. Wis, ora urus udan nggiyes. Sing penting esih teyeng boncengan karo piyayi mas bojo sing tek tresnani. Wis akh...semene bae ya timbang dadi ngakak dhewek.

#ngokongapak

Bilik Senyap, 20-03-2022

DISCLAIMER
Konten pada website ini merupakan konten yang di tulis oleh user. Tanggung jawab isi adalah sepenuhnya oleh user/penulis. Pihak pengelola web tidak memiliki tanggung jawab apapun atas hal hal yang dapat ditimbulkan dari penerbitan artikel di website ini, namun setiap orang bisa mengirimkan surat aduan yang akan ditindak lanjuti oleh pengelola sebaik mungkin. Pengelola website berhak untuk membatalkan penayangan artikel, penghapusan artikel hingga penonaktifan akun penulis bila terdapat konten yang tidak seharusnya ditayangkan di web ini.

Laporkan Penyalahgunaan

Komentar

Ulasan yang luar biasa

20 Mar
Balas



search

New Post