Rubiyatin

Belum menuliskan informasi profilenya.

Selengkapnya
Navigasi Web
GETUN

GETUN

”Ngapa mas, tak sawang-sawang sajake kok lagi ana sing dipenggalih?” takone Wuri marang Sigit sing lagi meneng wae.

“Apa, teka-teka kok omong ngono!” wangsulane Sigit rada seru.

“Haiyak wong leh takon ki ya bener lho mas. Kok wangsulanmu ngono kuwi. Ngegas! Wis aku ora arep omong apa-apa maneh!”

“Nesu…nesu…ngono wae kok nesu,” Sigit omong karo menjeb.

Wuri ora ngladeni omongane Sigit. Dheweke banjur lungguh neng ngarep komputer. Tekane menyang rentalan kuwi pancen arep ngetik ngrampungna tugas akhire. Sigit, sing jaga rentalan wis tepung raket karo Wuri. Bocah kos sing kos-kosane ana ngarep rentalan komputer kuwi pancen kerep dolan. Menawa nggarap tugas kuliah, mesthi ya nang rentalan kono. Kadhang menawa ana selane wektu uga dolan karo Tinjung utawa Sigit.

“Ndhuk…ndhuk…,” celuke sigit.

Sing diceluk ming meneng wae. Ethok-ethok ora rumangsa menawa dheweke sing lagi diceluk.

“Ndhuk…, diceluk kok mung meneng wae. Ethok-ethok ora krugu apa pancen ora krungu?” Sigit omong maneh. “Ndhuk…Wuri…” bacute.

“Lho nyeluk aku to, Mas?” wangsulane Wuri mbeda Sigit.

“Ya sapa neh, wong sing nang kene ki mung kowe thok lho, Ndhuk.”

“Iya pa?” wuri thingak-thinguk nyawang kahan sajrone rentalan. Pancen ora ana liya mung dheweke sing ana. “Jare aku ora entuk omong apa-apa…”

“Sing ora ngentuke ki ya sapa? Ndhuk, aku arep crita, entuk pora?”

“Critaa, kaya ra biasane.”

“Mandheg sik ta le ngetik.”

“Tak sambi wae, Mas. Mumpung lagi entuk inspirasi.”

Sigit sing wis paham karo watak wantune Wuri mung meneng. Ora omong apa-apa.

“Jare arep crita, kok mung meneng wae ta, Mas?” omonge Wuri esih karo ngetik.

“Aku arep rabi, Ndhuk,” omonge sigit rada ngati-ati.

“Oooo, ya rabia,” wangsulane Wuri esih tetep karo ngetik.

“Kok le mangsuli mung ngono kuwi,” kandhane Sigit, sajak ana omongane Wuri sing diarep-arep. “Iki serius lho, Ndhuk.”

“Lha aku kon piye to, Mas?” wuri mandheg anggone ngetik. “Arep rabi ya kana rabi wae, rak ya mesthi wis ana calone ta? Apa njaluk digolekna piye?”

“Ya… wis ana pandhangan.”

“Wis ditembung ta?”

“Durung…”

“Hlo, piye? Kok durung ditembung. Ra wani pa? Apa njaluk ditembungke?” Wuri mbebeda Sigit.

“Piye ya….” Sigit kukur-kukur sirahe sing ora gatel kuwi.

Wuri nerusna nggone nggarap tugas akhire. Sigit mung meneng karo nyawang Wuri.

“Ndhuk, mengko bengi aku mulih Klaten.”

“Ya muliha ta, Mas. Biasane mulih ya ra pamit aku kok.”

“Mengko awakmu melu ya?” pangajake Sigit marang Wuri.

“Dhuh, piye ya, Mas. Kok ndadak wengi-wengi rono. Aku ra kulina lunga wengi, je.”

“Mung sawengi, sesuk awan wis balik.”

“Ora ah, Mas. Ra penak lunga bengi-bengi. Adoh. Gek karo wong lanang pisan. Ogak, Mas.”

“Ora papa, mung kenalan karo ibu bapak,” bujuke Sigit.

“Wis bengi lah mas, pama awan wae gak papa,” panulake Wuri.

Sing dijak bali menyang Klaten ora gelem. Wengi kuwi, Sigit sida bali dhewekan. Jam sanga wengi dheweke wis tekan omahe.

“Git…Sigit…, kene Le jagongan sedhela karo bapak,” bapak nimbali.

“Kula, Pak?” wangsulane Sigit karo lungguh neng kursi pinggire bapak.

“Kene…kene… Le. Wis sawetara wektu kowe ora bali ta?”

“Nggih, Pak.”

“Piye, awakmu sida budhal sesuk dina apa?”

“Dinten Rebo ngenjing, Pak.”

“Apa kabeh wis dicepakna apa wae sing arep mbok gawa?”

“Sampun, Pak. Sampun beres sedaya. Bapak boten sah menggalih menapa-menapa pokokmen.”

“Esih ana sing durung mbok gawa kok, Nang,” ngendikane ibu sing ujug-ujug metu saka senthong.

“Napa niku, Bu?” pitakone Sigit rada bingung.

“Wingi nalikane kowe tilpunan karo ibu jare arep nggawa calon bojomu, ning kok tekan saiki durung mbok gawa ta, Nang?” ngendikane ibu.

“Nggih, Bu. Pangapunten dereng saged nyowanaken calon bojo kula, Bu.” Sigit mangsuli karo ndhingkluk.

“Wis ta, Bu. Aja dirembug dhisik. Wong ya Sigit ki tembe arep miwiti gaweyan kok, Bu. Mbok wis, ben rada senggang dhisik,” ngendikane bapak.

“Lha pripun ta, Pak. Wong nggih ajeng ditinggal tebih anak lanang, rak ya pengine wonten anak mantu sing nggenteni nunggoni ta, Pak.” Wangsulane ibu rada gela.

“Ditinggal rak ya wis biasa ta, Bu. Wong saben dinane awake dhewe ya mung keloron neng omah iki kok,”

“Ning Sigit rak kerep wangsul, Pak. Ngenjang saya tebih gek wangsule setaun pisan. Sepi to, Pak? Menawi wonten anak mantu rak kenging ngge kanca…”

“Wis…wis… ra sah didedawa, Bu. Rak ya isih ana Murti karo Danu.” ngendikane bapak. “Ngene, Git. Sesuk awakmu arep miwiti golek panguripan ing njaban rangkah. Bapak ora bisa nyangoni apa-apa. Bisane mung nyangoni donga slamet, muga-muga klakon apa sing dadi panjangkahmu. Mung welinge bapak, aja lali kuwajibanmu marang Gusti. Ngono ta, Bu?”

“Iya, Nang. Semana uga ibu, mung bisa nyangoni donga basuki. Muga-muga Gusti tansah maringi nugraha marang sliramu. Mbesuk, bali waras slamet kumpul bapak ibu lan sedulur-sedulurmu ana kene maneh, Nang,” ngendikane Ibu.

“Perkara sing mau ibumu kandhakna, jodho ki wis diatur Gusti. Dadi menawane saiki kowe durung bisa nggawa mulih calon bojomu, ora papa. Mbok menawa pancen durung jodhomu,” ngendikane bapak.

“Nggih, Pak, Bu. Maturnuwun sedaya donga pamuji bapak saha ibu ingkang dados kekiyatan kula,” wangsulane Sigit.

Seminggu wis lumaku, saben Wuri teka menyang rentalan ora tau ketemu Sigit maneh. Sing jaga awan esih Tinjung, lan bengine Jito ding duwe rentalan kono.

“Om, wis seminggu iki kok mas Sigit ora ketok ya,” takone Wuri marang Om Jito.

“Lha ngapa, kangen pa?” sing mangsuli karo mbebeda.

“Ora kok, Om,” wangsulane Wuri karo ngguya ngguyu.

“Nek ana Sigit senengane congkrah. Sigite ora ana mbok goleki,” Om Jito esih mbebeda.

“Ora ngono to, Om. Jane nang endi to mas Sigit ?” takone Wuri maneh.

“Sigit saiki adoh, baline ya paling setaun pisan.”

“Adoh piye, Om?”

“Sigit saiki entuk gaweyan nang Kalimantan.”

“Hah…Kalimantan? Tenane Om? Budhal kapan?” wangsulane Wuri kaget.

“Dina rebo wingi. Apa kowe ora dipamiti? Yen kowe kangen ya ditilpun apa sms wae. Kowe rak ya duwe nomere ta.”

Wuri sing esih bingung mung meneng. Ora bisa omong apa-apa. Wuri kelingan kedadeyan seminggu kepungkur nalikane Sigit kandha arep rabi. Kelingan yen dheweke dijak Sigit mulih menyang Klaten. Ana rasa getun keduwung sajeroning ati. Nanging kabeh wis kebacut.

“Mas…ngapa wingi kowe ora blaka wae, Mas,” omonge Wuri sajroning batin.

DISCLAIMER
Konten pada website ini merupakan konten yang di tulis oleh user. Tanggung jawab isi adalah sepenuhnya oleh user/penulis. Pihak pengelola web tidak memiliki tanggung jawab apapun atas hal hal yang dapat ditimbulkan dari penerbitan artikel di website ini, namun setiap orang bisa mengirimkan surat aduan yang akan ditindak lanjuti oleh pengelola sebaik mungkin. Pengelola website berhak untuk membatalkan penayangan artikel, penghapusan artikel hingga penonaktifan akun penulis bila terdapat konten yang tidak seharusnya ditayangkan di web ini.

Laporkan Penyalahgunaan

Komentar

Duh, melase mbak Wuri...Moga2 ngesuk bisa ketemu karo jodone ...

08 Aug
Balas



search

New Post