Rubiyatin

Belum menuliskan informasi profilenya.

Selengkapnya
Navigasi Web
KAKI SULUR EDAN

KAKI SULUR EDAN

KAKI SULUR EDAN

“Innalillahi wa inna ilaihi roji’un. Berita lelayu. Sampun tilar donya ibu Suminah, wau enjing jam gangsal, umur sewidak kalih, alamat Rt. 4 Rw. 3 desa Karanganom. Layon badhe kasarekaken mangke siyang jam 10.00 ing pasareyan Gunung Pring….”

Wong-wong sing krungu padha kaget, ora nyana menawa nini Sum ninggal. Wingi sore nini Sum esih melu mahriban lan ngisa nang langgar. Dheweke crita menawa lagi kepengin ketemu karo mantu lan putune sing manggon nang Temanggung. Werna-werna pisan sing decritakna. Bubar ngisa, anake lanang sing manggon seumah nganakna sukuran merga nembe tuku trek anyar. Dheweke uga melu ngrewangi kajate anake ragil. Esuk kiye ora denyana nini Sum wis ora nana.

Telung dina sewise nini Sum ninggal, wong Karang Kamal geger, ana kabar kaki Sulur, dhudhane nini Sum arep mbojo maning. Kaki Sulur dadi kembang lambe, ingatase kuburane bojone bae esih teles wis arep mbojo maning.

“Lur, apa bener kabare ko wis arep mbojo maning?” takone Nini Rumi maring kaki Sulur, adhine.

“Ya bener lah, Yu” saure kaki Sulur.

“Wis depikir temenanan kuwe, Lik?” omonge Wiwi.

“Wis lah, Wi. Genah nyong teka ngeneh toli arep njaluk donga pengestu sekang biyungmu.”

“Kowe wis rembugan karo Dari seadhine durung?” omonge kaki Mislam.

“Ora susah rasan, bocah toli manut bae. Wong nyong ramane koh,” kaki Sulur semaur mantep pisan.

“Ya ora kaya kuwe, wong genah ko esih duwe anak, mbok ya derembug dhisit”, omonge kaki Mislam.

“Apa Rika wis yakin, menawa nini Sawi wis genah gelem depet bojo neng Rika, Lik?” kandhane Wiwi.

“Nyong wingi ya wis sekang gone Nini Sawi, ra sah kuwatir kowe padha,” semaure kaki Sulur.

“Mbok depikir maning lik, Lik Sum mbeke ninggal wingenane, ora patut Lik,” omonge Wiwi.

“Bener kandhane ponakanmu, Lur. Mbok ya mengko ngenteni ana patang puluh dinanan,” omonge kaki Mislam.

“Alah ora, wong sing arep nglakoni toli inyong, Kang. Inyong wis karep calone ya wis ana, ngenteni apa maning,” Kaki Sulur ngeyel.

……

Kabar sing semebar, Nini Sawi karo Kaki Sulur wis ana sambungan sapet Nini Suminah esih urip. Wong-wong dadi padha nyana menawa Nini Suminah ninggal merga lara ati. Nini Sawi, randhane kaki Setra siki urip ketelon karo anak putune. Dheweke dodolan janganan nang ngisor wit asem. Tangga sing padha tuku janganan nang warunge Nini Sawi padha nakokna kabar mau.

“Mak, krungu-krungu Rika arep mbojo maning, apa bener?” takone Lastri.

“Jere sapa lah, sapa sing crita?” takone nini Sawi.

“Nyong krungu kabar sekang RT kulon kono,” kandhane Lastri.

“Iya, Mak. Bisa darani wong segrumbul kene wis krungu kabare kabeh,” omonge Mak Narsem.

“Iya, Yu. Wah slamet ya, melu bungah, Rika wis arep mbojo maning karo wong sugih,” kandhane Partini.

“Mengko dhisit…kiye mangsude kepriben? Sapa sing arep mbojo karo sapa? Deneng nyong ora mudheng kiye?” omonge Nini Sawi.

“Ya Rika sing arep mbojo karo kaki Sulur,” semaure Lastri.

“Masya Allah…. Sapa sing ngabarna? Yakin golagokin nyong ora ana niyat arep mbojo maning. Apa maning karo kaki Sulur,” penampike nini Sawi.

“Kaki Sulur dhewek sing ngomong koh, Yu,” omonge Lastri.

“Oooo…. Pancen kaki Sulur tau teka menggonku.. ning nyong ya wis ngomong nek nyong wis ora kepengin mbojo maning. Deneng si dadine kaya kiye….” Omonge nini Sawi.

Nini Sawi ora trima merga dearani dadi slingkuhane kaki Sulur. Pancen kabar sing semebar, Kaki Sulur arep mbojo karo nini Sawi.

“Nyong tah pancen randha, Yu. Ning nyong ora kaya kuwe. Dudu watekku ngrebuti bojo wong,” semaure nini Sawi.

“Deneng Kaki Sulur kandhah nek rika wis gelem dadi bojone?” omonge Yu Sari.

“Iya, janen kepriwe critane deneng dadi ana kabar kaya kiye?” takone Yu Genuk.

“Kaya kiye bae, Yu. Rika maring gone Dari bae. Rika kandhah sing sebenere aring Dari, mumpung durung kebanjur, Yu,” Yu Sri aweh penemu.

“Iya, bener kuwe Yu, ben cepet rampung perkarane,” kandhane Lastri.

…..

Bubar dodol Nini Sawi ngoberna maring warunge Dari. Tekane nguja madan awanan kira-kira wis langka wong becer ben teles dopokan madan suwe karo Dari.

“Ri, Nyong ana prelu sedhela,” kandhane Nini Sawi.

“Ya, Mak. Kepriben?” takone Dari.

“Perkara ramamu kiye, Ri.”

“Iya, Mak. Nyong wis krungu kabare. Kawit mau sing padha becer ngeneh ya padha takon.”

“Mulane Nyong, mrelokna ngeneh, ben ora ana salah penampa. Dadi critane, ramamu tau teka menggonku. Sepisan nggawa beras ana limang kilo, jere bar panen kepengin aweh. Kepindho teka maning, nggawa dhuwit limangatus ewu. Jere nembe olih arisan. Dhuwite jere kon nggo Nyong. Dheweke uga nembung, arep ngepet bojo Nyong. Dheweke ngiming-iming jere arep dewehi sawah setengah bau. Ning wis tak jawab nek Nyong ora gelem dadi bojone. Nyong ora kepengin mbojo maning.”

“Kaya kuwe critane ya, Mak. Pangapurane, Mak. Ramaku pancen kaya kuwe, nek wis karep ora kena depenggak. Maganen ramaku wis ora duwe apa-apa, wong sawahe wis dedol. Nyong njaluk pangapura pisan, Mak. Ramaku wis gawe wirang Rika.”

“Ya, wis tek ngapura. Mengko nek ana wong takon maning ya ko dadi teles semaur apa anane.”

“Sepisan maning, Nyong njaluk ngapura ya, Mak. Nyong isin pisan karo polahe ramane. Pangapura pisan, Mak.”

Wiwit kuwe, wong-wong wis padha ora nyritakna Nini Sawi maning. Malah, siki Kaki Sulur ora mung nglenceri Nini Sawi thok. Pokale saya ndadi, Kaki Sulur uga nglenceri Nini Minah, Nini Surti lan Nini Sari, randha anyaran sing umahe ora adoh sekang nggone Kaki Sulur.

DISCLAIMER
Konten pada website ini merupakan konten yang di tulis oleh user. Tanggung jawab isi adalah sepenuhnya oleh user/penulis. Pihak pengelola web tidak memiliki tanggung jawab apapun atas hal hal yang dapat ditimbulkan dari penerbitan artikel di website ini, namun setiap orang bisa mengirimkan surat aduan yang akan ditindak lanjuti oleh pengelola sebaik mungkin. Pengelola website berhak untuk membatalkan penayangan artikel, penghapusan artikel hingga penonaktifan akun penulis bila terdapat konten yang tidak seharusnya ditayangkan di web ini.

Laporkan Penyalahgunaan

Komentar




search

New Post