
ANGIN DAN TOKEK SAHABATKU DiMALAM MINGGU.
TANTANGAN KE 13
Wengi iki semiliring angin pegunungan okaya ngiwi-iwi marang aku kang clila clili dhewekan.
Atiku lara angin,aja mbok guyu yen guyumu iku mung guyu lamis.Yen kena tak jak omong sliramu mesti bae dak omeli.
Nanging diomeli nganti lambeku ndomble sliramu amung meneng .
Angin kancaku ngertia ya ngin. yen aku ya kepingin kaya sliramu,kang tanpa pamrih amarga bisa ngipasi tanpa upah yen ana manungsa kang dleweran kringete amarga kesel nyambut gawe nggolek rejeki kanggo keluwargane.
Iku mratandakke yen sliramu kuwi seneng kekancan karo sapa bae yen lan ora pilih pilih yen perlu sliramu bisa mbiyantu mring sapadha padha bisa ngajak kancane tumuju marang tindak tanduk kang positif. manut dhawuhe Allah swt.
Eeh subhanallah ora krasa *ngin* amarga wengi iki aku ora duwe celengan tulisan guru siana kanti nggunakke bahasa daerahe dhewe-dhewe.
Nginguk jam la kok jarume wis ana nggon angka 12. Suwara tokek njawabi gunemaning aku karo angin ,aku ngguyu njero ati amarga tokek ya gelem ngancani aku karo ngleda marang aku Tokeek kang ana omahku wis gede banget mula swarane ya banter.
Yen manggung ora mandeg - mandeg. lumayan ana sing ngancani aku nulis.
Banjur aku kandha karo tokek.*keek* hibur aku yaa. Tokekku ora melu tantangan gurusiana mula ya ora nganggo bahasa jawa.
Jawaba pitakonku kantk aji pamungkasmu ya.
Biasane tokek manut marang bendarane.
Takek.jawaba sing patitis ya ?.Mengko tak upahi duwit .
Pitakonku mengkene:
-Jenengku sapa?
*Tok kek*
-Kancaku sapa ?
*Tok keek*
-Ayuku kaya sapa ? *TokeeK*
-Sayangku jenenge sapa? *TokkeeK*
-Rupaku kaya sapa ? *Tokkeek*.
Ooo alaaaaaah dasar tokek ora doyan duwit.
Lumayan geguyon kanggo nambahi IMUN.
Nadyan wengi tan saya nglangut nanging kanthi ati kang kalipur marang kahanan bisa nambah IMUN tumpraping manungsa.Kanggo nyegah wabah pandemi covid 19.
Wengine kota lan pegunungan prasasat kaya bumi lan langit.kota kabeh ana,beda banget karo kahanan desa.
Nanging yo kuwi kudu akeh duwite.yen urip nang desa sak anane.uraban karo gereh ditambah sambel ya enak.jenkol pete karo karo pepes pindhang layang yo nikmat.sayure godhong singkong dimasak bumbu opor yo enak.serba enak .la ya pancen anane kaya kuwi.
Isuk iki aku wis dikancani tela goreng kanggo cemilan isuk tambah wedang jahe kanggo awak ben anget.
Muga-muga kanca gurusiana sedaya enjing punika pinaringan kesehatan lan keberkahan saking Allah ta'ala.
Salam santun saking Limpung Batang Jawa Tengah.
@@@snh@@@n


Konten pada website ini merupakan konten yang di tulis oleh user. Tanggung jawab isi adalah sepenuhnya oleh user/penulis. Pihak pengelola web tidak memiliki tanggung jawab apapun atas hal hal yang dapat ditimbulkan dari penerbitan artikel di website ini, namun setiap orang bisa mengirimkan surat aduan yang akan ditindak lanjuti oleh pengelola sebaik mungkin. Pengelola website berhak untuk membatalkan penayangan artikel, penghapusan artikel hingga penonaktifan akun penulis bila terdapat konten yang tidak seharusnya ditayangkan di web ini.
Laporkan Penyalahgunaan
Komentar
He...he...ceritanya ada lucunya jg. Klo sy bhs jawa Suroboyoan bu jd kata org kasar. Good mom artikelnya.
Alhamdulillah..Sugeng ndalu.. Bunda sing ayu...wah..atiku adem maca tulisan kang rapi..basane yo enak..wis suk minggu ngarep ditambahi maneh ceritane...ben tambah marem tokeke...hehe... sungkem kagem Bunda...sehat lan semangat
Bunda pinter juga pakai bahasa Jawa
Ha ha nyimak ja lah, tak paham kito do.
Pangapunten nembe saget maos..
Paham kok bu,,, gambarnya, hehehe