Siti Nur Wiqoyati

Wiqoyati adalah seorang perempuan dari Magelang Jateng. Meniru bapaknya, berprofesi sebagai guru. Saat ini mendapat tambahan tugas tambahan sebagai Kepala Sekol...

Selengkapnya
Navigasi Web
Ndhog Mimi, Panganan Khas Dhugdheran Kaliwungu
(http://indoculinaryjourney.blogspot.co.id/2016/04/kuliner-khas-kendal-yang-bisa-ditemukan-saat-ramadhan.html)

Ndhog Mimi, Panganan Khas Dhugdheran Kaliwungu

Sedina sadurunge poso wulan Ramadhan, ing Kaliwungu mesthi ana pasar krempyeng sing aran Tukudher utawa Dhugdheran. Mawerna - werna jajanan didhasarke ing plataran parkir masjid Al Muththaqin Kaliwungu. Saka omben - omben, nyamikan nganti lawuh - lawuh pepak. Bangsa omben - omben mungkin ora beda adoh karo tlatah liyane. Contone es kopyor saka ager - ager, es degan, es dhawet, es kacang ijo, es thung, es teh, es jeruk lan liya - liyane. Semono uga nyamikan. Ana nogosari, pismentul, pis abang, gemblong, wajik, ager - ager, sus, gedhang goreng, bolu kukus, puthu ayu, lan liya - liyane. Ana nyamikan sing anane mung ning Kaliwungu, jenenge sumpil. Sumpil digawe saka beras kabungkus godhong pring, dibentuk segitiga. Yo padha karo lonthong, mung beda bungkus lan ukurane. Sumpil mung saemplokan, dene lonthong pirang - pirang emplokan. Sumpil biasane dimaem karo sambel klapa. Panganan iki uga iso tinemu ing weh - wehan wulan Maulud, yaiku acara mengeti wiyose Kanjeng Nabi Agung Muhammad SAW. Sajake acara weh -wehan ya mung ana ing Kaliwungu Kendal.

Lawuh sing kadhasarake werna - werna, kayata bacem gembus, bacem tahu, bacem tempe, tahu pong, tahu susur, tahu pocong, tahu krispi, mendhoan, tempe kripik, acar bandeng, pindhang blanak, pindhang manyar, gule kebo, gule wedhus, opor ayam lan sapanunggalane.

Nanging ana lawuh sing khas Kaliwungu tur mung didhasarake pas dhugdheran lan poso, yaiku ndhog mimi. Mimi utawa kepithing belangkas (horseshoe crab), kuwi sawijining kewan sing uripe ana ing laut. Mimi duwe buntut dawa tur kaku, awake bunder. Gedhene isa satangkep epek - epeke tangan.Kuwi sing mbedakake karo yuyu, pithing utawa rajungan. Kanggo dhugdheran Kaliwungu, jarene mimi digolek saka laut Rowosari Kendal. Masake jarene kudu sapasang, lanang wedok. Kuwi jarene kang aran mimi lan mintuna. Mimi lan mintuna kuwi jarene uripe tentrem sakloron samatine. Mula wong Jawa biasane nggambarake urip bebrayan bebojoan sing tentrem nganti kaki - nini kuwi ibarat mimi lan mintuna.

Ndhog mimi dimasak sakawake babon lan bapakne. Yen wis mateng, ndhog werna kuning emas sing cacahe atusan kuwi dikerok saka awake mimi, dicampur bumbu pawon lan klapa. Rasane gurih, meh kaya ndhog pithing.

DISCLAIMER
Konten pada website ini merupakan konten yang di tulis oleh user. Tanggung jawab isi adalah sepenuhnya oleh user/penulis. Pihak pengelola web tidak memiliki tanggung jawab apapun atas hal hal yang dapat ditimbulkan dari penerbitan artikel di website ini, namun setiap orang bisa mengirimkan surat aduan yang akan ditindak lanjuti oleh pengelola sebaik mungkin. Pengelola website berhak untuk membatalkan penayangan artikel, penghapusan artikel hingga penonaktifan akun penulis bila terdapat konten yang tidak seharusnya ditayangkan di web ini.

Laporkan Penyalahgunaan

Komentar

Tradhisi sing ngangeni perlu diuri-uri. Wah komplit tenan ini.

19 May
Balas

Inggih, leres Pak Edi.

03 Apr



search

New Post