Siti Nur Wiqoyati

Wiqoyati adalah seorang perempuan dari Magelang Jateng. Meniru bapaknya, berprofesi sebagai guru. Saat ini mendapat tambahan tugas tambahan sebagai Kepala Sekol...

Selengkapnya
Navigasi Web

Ngalah

"Lha, kok tuku mi goreng meneh! Kuwi akeh minyake! Mbok sing mi godhog, tur saliyane rasa soto! Dikandhani kok wangkal! Kae deloken Roy anakmu, wis kelemon!" ujare Paijo. Narti ora wangsulan, ben ora diarani mbantahan kaya sadurunge. Dheweke mung mbatin, "Lak ming seminggu pisan to Pak. Kuwi wae ora mesthi. Kadhang mi godhog, kadhang sega."

Liya dina, Roy ngomong karo Narti,"Buk, preinan mengko mbok dolan nendi ngono. Refreshing. Ning ngomah terus, bosen." Narti nemoni Paijo." Pak, kae Roy ngajak dolan nek prei sekolahe. Piye nek dolan saomah ning Jakarta?"

"Ya kana karepmu, sing jelas aku ora melu. Aku ora seneng dolan. Ngentekke dhuwit thok,"jawabe Paijo rada ngegas.

Sidane, Narti karo Roy lan Dhea mbakyune diterke Paijo menyang stasiun Weleri nganggo mobil putihe. Wong telu arep numpak kreta menyang Jakarta sing mangkate jam 9 bengi. Mudhune ning stasiun Pasar Senin jam 2 esuk.

Sewengi nginep ning ibukota. Mlaku - mlakune ning Bonbin Ragunan, Monas karo Mall Anggrek. Sajak dho seneng atine.

Mulihe nyepur maneh. Nanging saka Weleri numpak grab. Tekan ngomah wis ditunggu Paijo sing malang kerik. " Anake diajak mbolos terus! Sekolah sorene kan ora prei."celathune. " Lha piye? Sekolah esuk prei, sorene mlebu. Bocahe pengin dolan." jawabe Narti kalem.

DISCLAIMER
Konten pada website ini merupakan konten yang di tulis oleh user. Tanggung jawab isi adalah sepenuhnya oleh user/penulis. Pihak pengelola web tidak memiliki tanggung jawab apapun atas hal hal yang dapat ditimbulkan dari penerbitan artikel di website ini, namun setiap orang bisa mengirimkan surat aduan yang akan ditindak lanjuti oleh pengelola sebaik mungkin. Pengelola website berhak untuk membatalkan penayangan artikel, penghapusan artikel hingga penonaktifan akun penulis bila terdapat konten yang tidak seharusnya ditayangkan di web ini.

Laporkan Penyalahgunaan

Komentar




search

New Post