Contoh teks Pranatacara rutinan Fatayat
Alhamdulillah 'ala Nikmatillah,la haw la wa quwwata illa billah
Amma ba'dah
Ingkang kawitan mangga puji lan syukur kula lan panjenengan aturaken dhateng Allah SWT.
Ingkang sampun maringi Rahmat,Hidayah lan inayah-ipun kula lan panjenengan sami keparing kempal wonten ....kagem miwiti acara rutin selapanan Fatayat Ranting ....ing ndalu niki
Sholawat ugi salam mugiyo tansah konjuk datheng Nabi Agung Baginda Rosulullah SAW, biqouli Allahumma Sholli ala sayyidina Muhammad, mugi kita sedaya dipun akeni dados umatipun lan angsal syafaatipun, Aamiin Allahumma Aamiin
Para sahabat Fatayat ingkang kula hormati, ing ndalu punika rangkeyaning acara ingkang badhe kula lan panjenengan lampahi inggih punika:
1. Pra Acara
2. Pamaosan Asmaul Husna
3. Anyekar lagu: Indonesia Raya, Mars Muslimat lan Mars Fatayat
4. Pamaosan Kitab AL-Barzanji
5. Dinonga
6. Panutup
Kagem nyingkat wekdal, sumangga kita wiwiti acara kapisan, inggih punika pamaosan Asmaul Husna , ingkang bade kapimpin dening sahabat ....
Dumatheng sahabat .... sumangga….
Acara kita lajengaken anyekar lagu Indonesia Raya, Mars Muslimat lan Mars Fatayat, ingkang bade kapimpin dening sahabat ...
Dumatheng sahabat ...., sumangga…
Acara sak lajengipun inggih punika pamaosan kitab Al-Barzanji gegandengan kaliyan doa, kagem doa bade dipimpin kaliyan sahabat ...
Para sahabat Fatayat , mekaten acara ing ndalu punika, ingkang pungkasan inggih punika panutup, mangga sareng – sareng kita tutup acara ing ndalu punika kanti waosan surat Al-Asr
Saderengipun waosan surat Al Asr, kula dados pranatacara nyuwun agunging pangaksami menawi wonten kalepatan ingkang sadangu memandu acara punika.
Akhirul kalam,
Wassalamualaikum Wr.Wb.
Konten pada website ini merupakan konten yang di tulis oleh user. Tanggung jawab isi adalah sepenuhnya oleh user/penulis. Pihak pengelola web tidak memiliki tanggung jawab apapun atas hal hal yang dapat ditimbulkan dari penerbitan artikel di website ini, namun setiap orang bisa mengirimkan surat aduan yang akan ditindak lanjuti oleh pengelola sebaik mungkin. Pengelola website berhak untuk membatalkan penayangan artikel, penghapusan artikel hingga penonaktifan akun penulis bila terdapat konten yang tidak seharusnya ditayangkan di web ini.
Laporkan Penyalahgunaan
Komentar