KEMBANG MACAN KERAH
KEMBANG MACAN KERAH
__________
Geguritan
dening
Sri Suryana Dwi Atmaka
_________
dina lumingsir gumanti dina
pakaryan iku datan pedhot
prasasat ngendheg bebayu otot
jejamu wus dak lakoni
urat urut wus bola-bali
kerik lan pijet nganti krasa kraket
saiki awakku wus krasa lungkrah
arep mlaku bae wis wegah
adhuh biyung, iki pancen payah
eling welinge wong tuwa kandhane duk jaman semana
coba ambyur kembang macan kerah
lamun digodhog anget manget-manget
awak bakal duweni gereget
mulak-mulak banyune si macan kerah
gebyar-gebyur tumpah ing wadhah
awakku banjur ambyur si banyu berkah
warnanee abang nduwèni gregah
mlati, kanthil lan kembang mawar
ambune gandha arum ngambar-ambar
godhong pandhan, suruh lan jambe
bisa gawe awakku krasa seje
si kembang macam kerah
racikan jawa kuna kang adiluhung
bisa gawe awak dadi sumringah
iku berkahe Gusti kang Maha Agung.
Konten pada website ini merupakan konten yang di tulis oleh user. Tanggung jawab isi adalah sepenuhnya oleh user/penulis. Pihak pengelola web tidak memiliki tanggung jawab apapun atas hal hal yang dapat ditimbulkan dari penerbitan artikel di website ini, namun setiap orang bisa mengirimkan surat aduan yang akan ditindak lanjuti oleh pengelola sebaik mungkin. Pengelola website berhak untuk membatalkan penayangan artikel, penghapusan artikel hingga penonaktifan akun penulis bila terdapat konten yang tidak seharusnya ditayangkan di web ini.
Laporkan Penyalahgunaan
Komentar
Manjur
Wah, bahasa Jawa. Saya orang jatim
Hade
Kembang macan kerah, dulu ketika ibukku masih Sugeng jg sering dibelikan kembang macan kerah, ketika nggak enak badan..Selalu keren tulisannya pak Dwi...sukses selalu