Anut Ilining Banyu(Tantangangurusiana hari ke 52R)
Guritan pepeling:
Sithik cacahmu tan bisa dinulu
Akeh wilanganmu kepara gawe reridhu
Sumber panguripan ora liya mung sliramu
Congkrah daredah tan luput karana awakmu
Ngisor papanmu nora ndadekake kowe asor
Dhuwur panggonanmu aja banjur sira takabur
Ngisor mandhuwur,mangisor tumuli banjur
Miyak rubeda mecah sela anggempur
Mecaki sakehing jalur lan lajur
Pangudangku, tetepa sira dadi banyu
Kanggo pangdheming kalbu
Ngedohake sawenehing satru
Tan mbedakake kabeh mitramu
Kasembadan kang pinuju,sinartan prasetyamu
Konten pada website ini merupakan konten yang di tulis oleh user. Tanggung jawab isi adalah sepenuhnya oleh user/penulis. Pihak pengelola web tidak memiliki tanggung jawab apapun atas hal hal yang dapat ditimbulkan dari penerbitan artikel di website ini, namun setiap orang bisa mengirimkan surat aduan yang akan ditindak lanjuti oleh pengelola sebaik mungkin. Pengelola website berhak untuk membatalkan penayangan artikel, penghapusan artikel hingga penonaktifan akun penulis bila terdapat konten yang tidak seharusnya ditayangkan di web ini.
Laporkan Penyalahgunaan
Komentar