Mak Thueng
Mak Thueng
Tulisanku iki nganggo logat ndesaku Pati. Nek gak ngerti Pati iku daerah ngendi, ya mbukak gugel mep ae ya brow.
Iki crita ndhek ingenane. Ngene critane:
Esuk-esuk bar Subuhan aku nyambi nggarap gawean sekolah sing jenenge Dapodik. Aku nggarap nek ruang tamu sisan ruang gaweanku. Aku ya nyambi masak.
Nggarap gawean sekolahan kok nyambi masak. Apa isa leh leh?
Jenengane wong wedok iku isa nggarap gawean rangkep-rangkep. Nek gak percaya, takon wae karo emak-emak. Hehehe ....
Lagek mlaku wira-wiri, lha kok mak thueng. Sikilku krasa lara. Kayane kok kaya sing jenenge asam urat. Nanging asam urat lha kok mak bedunduk. Kan ya ogak a. Paling ora, larane pas tangi turu. Lah aku tangi turu ya ogak krasa lara hare.
Merga lara, sikilku tak pijeti dewe. Aku ra perlu ngundang dukun pijet. Mbayare larang gaeis.
Aku tetep nyandhak gawe. Gak usum manja gaeis. Aku tetep semangat, mbok a sikile lara karo mlaku dengklangan. Ngantek gak krasa, gaweanku rampung kabeh.
Karo mlaku alon-alon aku njupuk piring ape sarapan. Eh ... lha kok ana tawon turu athang-athang ning plester pawon. Aku langsung mendelik nudingi deknen karo muni-muni, "Iki mau mesti kelakuanem sing ogak sopan. Kowe lak sing ngentup sikilku a!"
Kabupaten Semarang, 5 September 2024
Konten pada website ini merupakan konten yang di tulis oleh user. Tanggung jawab isi adalah sepenuhnya oleh user/penulis. Pihak pengelola web tidak memiliki tanggung jawab apapun atas hal hal yang dapat ditimbulkan dari penerbitan artikel di website ini, namun setiap orang bisa mengirimkan surat aduan yang akan ditindak lanjuti oleh pengelola sebaik mungkin. Pengelola website berhak untuk membatalkan penayangan artikel, penghapusan artikel hingga penonaktifan akun penulis bila terdapat konten yang tidak seharusnya ditayangkan di web ini.
Laporkan Penyalahgunaan
Komentar
Mantap ulasannya
Oa lah dientup tawon ceritane. Semoga sehat ya Mbak.
Hehe ... nggih Mbak