RASANE MAK NYESS
RASANE MAK NYESS
Esuk iki, Ahad 20 Oktober 2024, para warga Erte Siji Erwe Pitu padha mlaku-mlaku. Olehe mlaku diwiwiti jam setengah pitu. Kaya biasane dilakoni saben minggu ketelu.
Guyub rukun, rame, seneng bareng-bareng, rasa ning nggone ati mak nyess. Iki sing diarani sedulur paling cedhak, ya tangga-tanggane dewe.
Enom, tuwa, bocah gedhe lan bocah cilik padha mlaku berbarengan.
Ana sing numpak stroller ben ora kesel olehe nggendhong.
Ana sing digandheng wong tuwane.
Sing paling nggawe atiku iri (padhalo iri ora entuk merga ora apik), ana wong telu sing tansah gandhengan. Bareng tak matke tenan jebul Bu Yanto, Bu Sodri, lan Bu Rochadi. Bareng rampung olehe mlaku-mlaku, wong telu mau olehe dhahar kok yo lungguh jejeran. 😍
Oh, iya. Olehe mlaku ngubengi Perumahan Korpri, wilayahe dewe. Karo nyambangi tangga-tanggane dewe sak perumahan.
Wis kuwi wae critane. Nek ana kalimat sing ora jelas ogak usah dipikir. Sing penting bahagia lan isa ngguyu bareng-bareng. Guyub rukun nggawe mas nyess ning ati.
Kabupaten Semarang, 20 Oktober 2024
Konten pada website ini merupakan konten yang di tulis oleh user. Tanggung jawab isi adalah sepenuhnya oleh user/penulis. Pihak pengelola web tidak memiliki tanggung jawab apapun atas hal hal yang dapat ditimbulkan dari penerbitan artikel di website ini, namun setiap orang bisa mengirimkan surat aduan yang akan ditindak lanjuti oleh pengelola sebaik mungkin. Pengelola website berhak untuk membatalkan penayangan artikel, penghapusan artikel hingga penonaktifan akun penulis bila terdapat konten yang tidak seharusnya ditayangkan di web ini.
Laporkan Penyalahgunaan
Komentar
Wehh..sehat terus nek ngene iki. Sik..sik..stroller kui opo, bu hehe
Alhamdulillah Stroller kereta bayi Masbrow
Hahaaa...umpama ana aku dadi gandheng tangan wong papat
Wah untung ora Hahaha ...
Wah untung ora Hahaha ...
Sukses Bu Sulastri senang bisa bertemu lagi dalam karya nya
Alhamdulillah Terima kasih Pak Lukman
Gandhengan ya ben, Bunda. Lah gandhengan nganggo tangane dhewe kok. Haha ... Mugi wilujeng Bunda Lastri.
Hehehe ... alhamdulillah Betul Mbak Cicik
Sing penting bahagia.