Sungkowo

Belum menuliskan informasi profilenya.

Selengkapnya
Navigasi Web
Regedan ing Sorogan, Tandha yen Kudu Ana Piwulang Tumrape Mental

Regedan ing Sorogan, Tandha yen Kudu Ana Piwulang Tumrape Mental

Pantese sorogan meja murid kuwi kanggo nyimpen piranti sekolah. Kayata, buku, penggaris, dusgrip, lan liya-liyane sing sakjinise. Yen nyatane ing jero sorogan mau ditemokake regedan, kuwi dadi prakara kang kudu cepet-cepet dirampungake.

Cikben ora dadi sarang nyamuk. Kang mesthi wae mbebayani tumprape bocah-bocah. Awit nyamuk isa wae nyedhot getih. Ora mung gawe rasa gatele kulit, kang isa ngganggu pasinaon, nanging uga isa dadi jalarane lara malaria utawa demam berdarah.

Lara malaria, apamaneh demam berdarah kalebu lara kang dhuwur peringkate dadi jalarane pati. Wis akeh kedadeyan kang tinemu ing sakcedhake papan panggonane awake dhewe. Isa wae malah sing kapundhut isih sedulur dhewe. Mula, wigati banget njaga resike lingkungan. Regedan kudu dideleh ing wadah kang sakbenere. Ora angger dideleh sakenggon-enggon. Apamaneh yen dilebokake ing sorogan meja, sing dhuwure dienggo sinau.

Kanyatan ngono kuwi dilakoni saperangan murid ing sekolah panggonanku nyambut gawe. Ing sorogan mejane ana plastik bungkuse jajan, kertas bungkuse jajan, bungkuse permen, sedotan, gelas ngombe kemasan, lan kertas-kertas suwek sing wis ora kanggo. Nyumpel dadi siji. Njemberi.

Kamangka wadah regedan ing ngarepe kelas wis dicawisake. Ana sing kanggo regedan organik, anorganik, kaca lan wesi, uga ana wadah khusus kanggo botol lan gelas kemasan. Nanging iya ngono kuwi, bocah-bocah isih sakarepe dhewe. Ora kendhat-kendhat para guru anggone ngelingake. Meh saben dina. Kaya-kaya lambene meniren.

Kabeh ngono kuwi nuduhake yen babagan nyimpen regedan ing sorogan meja kuwi ora mung prakara jember-resike lingkungan, sing isa dadi jalarane uwong isa lara. Ananging kang luwih wigati ana gandheng-cenenge karo babagan mental. Mentale saperangan bocah ora nggenah, alias ora waras.

Bocah-bocah sing duwe mental ora nggenah kuwi pengaruhe saka endi-endi. Isa saka omah, awit pola asuh sing kurang bener. Isa uga saka lingkungan kekancan, awit akeh kanca sing uripe awut-awutan. Mula, bocah-bocah kuwi mrelokake piwulang kang bener, tur luwih rumesep ing ati. Piwulang sing asale saka kulawarga, awit kulawarga kuwi pondasi kang utama. Sakbanjure bebarengan karo sekolah, wulang wuruk marang bocah tanpa leren. Cikben mundhak dina mundhak apik mentale.

Aku ora ngreti ing sekolah-sekolah liya apa iya kaya ngono? Saperangan bocah ora nggenah? Muga-muga wae ora. Muride apik-apik, preduli marang lingkungan. Sakora-orane lingkungan kelase dhewe. Sukur-sukur lingkungan sakabehe.

DISCLAIMER
Konten pada website ini merupakan konten yang di tulis oleh user. Tanggung jawab isi adalah sepenuhnya oleh user/penulis. Pihak pengelola web tidak memiliki tanggung jawab apapun atas hal hal yang dapat ditimbulkan dari penerbitan artikel di website ini, namun setiap orang bisa mengirimkan surat aduan yang akan ditindak lanjuti oleh pengelola sebaik mungkin. Pengelola website berhak untuk membatalkan penayangan artikel, penghapusan artikel hingga penonaktifan akun penulis bila terdapat konten yang tidak seharusnya ditayangkan di web ini.

Laporkan Penyalahgunaan

Komentar

Suwun, Pak Edi, sampun Panjenengan emutaken. Sampun kula gantos, Pak. Yektosipun boten "yang", ananging "kang". Nuwun.

10 Aug
Balas

Seratan sae, Pak Sungkowo. Namung punika kok tasih wonten tembung "yang".

10 Aug
Balas

Sami mawon Pak, teng nggene kulo nggih taksih wonten lare ingkang mekaten, nyimpen regedhan teng sorogan. Barakallah Pak Sungkowo

10 Aug
Balas

Inggih, Bu, wonten ugi, nggih. Kok sami, nggih, Bu. Hehehe. Matur nuwun kersa mampir mriki.

10 Aug

Podo wae. Barakallah pak guru.

10 Aug
Balas

We...ladalah, padha wae ya, Bu. Ning endi-endi kok ya padha, nggih, Bu. Tetep semangat wulang wuruk, nggih, Bu. Suwun kersa mampir.

10 Aug



search

New Post