Sungkowo

Belum menuliskan informasi profilenya.

Selengkapnya
Navigasi Web

Saben-saben Ngelingi Dina Wigati

Saben-saben ngelingi dina kang wigati kaya iki

mripating batinku ndeleng kanthi cetha

cathetan-cathetan kang tinulis ing lembaraning ati

dakwaca kanthi setiti tur premati cikben ngerti

Sakalon-aloning laku isih daktemu bab kang ora patut tiniru

sakati-atining celathu isih daktemu bab kang ora prelu

sakening-eninging pikir isih daktemu bab kang kleru

sakalus-alusing rasa isih daktemu bab kang ora baku

Ya mangkono kuwi manungsa, aku uga kadang mitra

ora ana kang suci awit suci mung kagunganing Gusti

mung bisa ngupaya tanpa kendhat rina lan wengi

ndedonga sujud marang Gusti: berkah mung anugerah

Mula aku tansah ngilo saben-saben mundhak umur

prasetya ing janji nata urip kanthi anyembah

andhap asor, ikhlas, prasaja ing sesrawungan

mekak nepsu nrima ing pandum amemuji sokur

Ing panggawe tansah sigrak, cakcek, cancut tali wanda

awit tandang gawe awujud katresnan marang Pangeran lan liyan

nyandhak bageane dhewe-dhewe amrih luhuring bebrayan

ing kene, ing omah, ing sekolah, lan ing endi wae saben wektu

tulung-tinulung siji lan sijine, sapa wae, gegandhengan

nggayuh kamulyan urip ing ndonya lan swarga

Saben-saben ngelingi dina kang wigati kaya iki

lakuku kudu dakati-ati, nyuwun panganthi Gusti

awit ing bumi iki akeh eri kang bisa nyubles ati

numpes pati tan kinira sawektu-wektu ing endi-endi

mula sajroning ati iki dakugemi yen saben ari pancen wigati

ora mung mundhak umur, ananging uga nyuda wektu

kang cinawis kanggo ngresiki dalaning urip

Kudus, 10/2/2018

DISCLAIMER
Konten pada website ini merupakan konten yang di tulis oleh user. Tanggung jawab isi adalah sepenuhnya oleh user/penulis. Pihak pengelola web tidak memiliki tanggung jawab apapun atas hal hal yang dapat ditimbulkan dari penerbitan artikel di website ini, namun setiap orang bisa mengirimkan surat aduan yang akan ditindak lanjuti oleh pengelola sebaik mungkin. Pengelola website berhak untuk membatalkan penayangan artikel, penghapusan artikel hingga penonaktifan akun penulis bila terdapat konten yang tidak seharusnya ditayangkan di web ini.

Laporkan Penyalahgunaan

Komentar




search

New Post