surip ipah

Belum menuliskan informasi profilenya.

Selengkapnya
Navigasi Web

Wing Nak, Pakmu Disanthet Wong Piye

Wing, Nak Pakmu Disanthet Wong Piye

Aku iki anake wong tani. Kudune Aku lulus SD tahun 1978. Ananging nalika aku kelas 6, ana owah-owahan tahun pelajaran , dadine wektu sekolahe dadi 1,5 tahun, mula aku lulus SD tahun 1979. Sawise SD aku banjur nerusake ing SMP. Sekolahku SMP ing kutha Purwodadi. Saben dina aku nyepedha onthel saka omahku tekan sekolahanku. Omahku, adohe udakara 7 km saka kutha Purwodadi. Aku mangkat saka omah jam 06.30 lan awane tekan omah watara jam 13.30 an, iku mau yen sepedhane ora rewel ing dalan. Satekane omah pagawean ajeg saben dinane yaiku, ngangsu, nggecrek banjur menyang sawah utawa tegal ngrewangi wong tuwaku.

Kanggone wong tuwaku, sekolah SMP iku wis dhuwur, amarga umume bocah wadon ing kampungku lulus SD bae wis cukup. Lulus SD banjur didadekake manten utawa dikon nyambut gawe dadi pembantu rumah tangga aliyas mbabu. Mula nalika aku Kelas 2 SMP ana wong sing nakokake aku arep dipek mantu, wong tuwaku ya nyetujoni, sanajan aku ora seneng. Wiwit iku saben malem Minggu ana wong sing dolan ing omahku. Aku nganti ndhelik barang, amarga aku gething, nganti sok-sok aku dijiwiti simbokku mung amarga dikon ngetokke wedang kanggo tamu mau.

Sabenere, sanajan aku mung bocah ndesa, aku ya nduwe cita-cita. Aku pengin banget dadi Penyuluh Pertanian Lapangan(PPL), nanging kok sekolahe adoh, kudu ning Ungaran, wusana aku mikir maneh, aku pengin dadi guru SD bae, amarga sekolahe mung cedhak ing Purwodadi ana jenenge Sekolah Pendidikan Guru(SPG). Dina-dinaku daklakoni ajeg kaya adat sabene, kanthi nggembol pepinginan suk yen wis lulus SMP pengin nerusake ing SPG. Dene wong tuwaku, dina-dinane yen dhong sapejagongan wong loro sing dirembug piye anggone arep mantu, yen aku wis lulus SMP. Sok-sok aku ngrungokake karo mapan turu. Batinku sedhih, banjur tuwuh ing batinku kepriye ya bisane katekan gegayuhanku.

Tahun 1982 aku lulus SMP. Dhuwit tabungane dibagi amarga pas aku klas 3 ora ana piknik. Pendaftaran sekolah guru wis dibukak, aku ngumpulke syarat-syarat, kurang 1 thok yaiku surat ijin orang tua. Aku nyoba dakwanek-wanekake nyuwun izin marang bapakku.

Sidane Bapakku marengake, “Ya wis nyoba ora apa-apa, wong durung karuwan bisane bae kok.”

Aku sida ndhaftar, sanajan wis dina paling keri dhewe, tur ya wis awan meh kurang sedhela bae tutup.

Kabeh tes wis daklakoni, kari ngenteni pengumumane. Wayahe pengumuman aku melu kanca-kanca rame-rame niliki pengumuman. Turut dalan aku dedonga muga-muga Gusti Allah ngabulake apa sing dadi pepinginanku. Pengumumane wis dipasang ing papan kanthi dirubung wong sapirang-pirang. Ana sing seneng ngguya-ngguyu amarga ketampa lan ana sing sedhih amarga ora ketampa. Nyawang wong-wong mau atiku tambah dheg-dhegan, ing batin, “ Aku ketampa ora ya?”

Aku nggolek dalan kanthi ndhesel-ndhesel ing antarane wong sing padha rubung-rubung mau, kepengin cepet teka cedhak papan pengumuman saperlu nggoleki jenengku ana apa ora. Dakurut siji-siji saka dhuwur karo saya tambah dheg-dheganku, mandheg jegreg, ora karuwan rasane, “Alhamdulillah ya Allah, aku katut tenan.”

Saking bungahe atiku, njalari ora krasa anggonku nyepedha dadi enthing, sanajan mesthine abot amarga ketampeg angin saka ngarep. Aku kepengin cepet-cepet tekan omah, ndang matur wong tuwaku. Lagi bae mlebu ngomah, simbokku ndangu aku,

”Lha piye pengumumane?”

Aku matur, “Kula ketampi Mbok.”

“ Wing, Nak pakmu disanthet wong piye?” mangkono ngendikane simbokku. Giliran bapakku kondur saka sawah, diaturi pirsa simbokku, bapakku mung meneng dheleg-dheleg.

Sidane bapakku mara menyang daleme wong sing arep ngepek bojo aku. Bakune nyelehake rembug ora sida besanan amarga aku pengin nerusake sekolah maneh. Bapakku ngaturake luput, nyuwun pangapura. Keluwarga besan wurung bisa nampa sanajan wong tuwaku diarani,”Wong tuwa kok kalah karo anak.”

Ing SPG aku sinau luwih mempeng, amarga iku kepenginanku dhewe. Mula asile iya ora ngisin-isinake, aku lulus kanthi melu dadi 10 besar. Ndilalah ing kelas aku ya bisa entuk peringkat paling ora 5 besar lah. Alhamdulillah, guruku ngusulke aku beasiswa prestasi. Amarga beasiswa iku aku nduwe kepenginan maneh pengin nyoba, SIPENMARU iku kaya apa ya. E, Alhamdulillah Allah ngijabahi, aku iya ketampa. Saiki aku dadi guru tenan.

Mangkono critaku kanca-kanca niyat kang suci Gusti Allah bakal mberkahi. Katekaning gegayuhan kudu mbutuhake pengorbanan, tekad kang kenceng, sinau kang mempeng. Kaya paribasan, jer basuki mawa beya lan rawe-rawe rantas malang-malang putung.

Biyungerindrahenky, Mei 2017

DISCLAIMER
Konten pada website ini merupakan konten yang di tulis oleh user. Tanggung jawab isi adalah sepenuhnya oleh user/penulis. Pihak pengelola web tidak memiliki tanggung jawab apapun atas hal hal yang dapat ditimbulkan dari penerbitan artikel di website ini, namun setiap orang bisa mengirimkan surat aduan yang akan ditindak lanjuti oleh pengelola sebaik mungkin. Pengelola website berhak untuk membatalkan penayangan artikel, penghapusan artikel hingga penonaktifan akun penulis bila terdapat konten yang tidak seharusnya ditayangkan di web ini.

Laporkan Penyalahgunaan

Komentar

Luar biasa Bund, kemauan yang kuat akhirnya diridai-Nya. Inspiratif Bun..btw sidane kepriye wong tuwa sida besanan kalih sinten? Mugi tansah pikantuk kesarasan saha karahatjan. Barakallah

12 Feb
Balas

Aamiin. Matur nuwun paring kawigatosanipun. Saestunipun besanipun benten piyantun malih.

13 Feb

Wow. Keren Bunda.

12 Feb
Balas

Matur nuwun paring kawigatosanipun.

13 Feb

Wow. Keren Bunda.

12 Feb
Balas

Matur nuwun.

24 Feb

Mantap bunda... menurut cerita bunda berarti kita seumuran njih.barokallah. sukses selalu amin

12 Feb
Balas

Aamiin. Matur nuwun paring kawigatosanipun.

13 Feb



search

New Post