syarifah nihayati

Belum menuliskan informasi profilenya.

Selengkapnya
Navigasi Web

DINA LIANG-LIUNG

Wulan Desember kiye murit sekolah arep padha nampa rapot semester siji. Let antarane bar tes nganti dinane nampa rapot kuwe rong minggu. Dina liang-liung nyong gole ngarani. Gurune kon padha ngolah nile, muride kon padha mangkat bae. Nek lagi kober, nyong niliki muritku neng kelas. Nek lagi ora kober, inyong neng kantor njinggleng angka-angka neng buku nile, muritku kon padha maca buku anyar sing tek silihna sekang perpus. Kenangapa ora kon prei bae ya? Kon padha ngrewangi rama biyunge nengumah tulih kanggo nggawe, daripadha si liang-liung nambahi duit sangu thok, kaya kuwe penemuku.

Lha neng WA inyong weruh pating sliwer kabar batir-batir padha plesir. Inyong ya tiron gawe status: dina liang-liung cocog nggo plesir. Utawane nyawang uwong nytatus plesir. Inyong kaget mbarang detakoni neng batirku, apa rika esih mlebu sekolah si Yu? Lah kiye bocah kepriwe, deneng takon kaya kiye? Genah urung prei koh. Dheweke semaur: aja ngrampas hak murid karo guru, prei koh mung seminggu. Banjutan inyong takon maring dheweke, lha apa rika uwis prei si? Dheweke semaur: ya uwis lah, mau bar nampa rapot. Ealah! Wis nampa rapot? Deneng nggonku urung ya?

Nengkene inyong nembe mudheng lamona inyong preine kur seminggu lan wektu rong minggu mesthine nggo preian bocah-bocah. Ningen inyong ya ora kongang mbegod ora gelem melu aturan. Ya uwis lah, delakoni bae sing ikhlas.

DISCLAIMER
Konten pada website ini merupakan konten yang di tulis oleh user. Tanggung jawab isi adalah sepenuhnya oleh user/penulis. Pihak pengelola web tidak memiliki tanggung jawab apapun atas hal hal yang dapat ditimbulkan dari penerbitan artikel di website ini, namun setiap orang bisa mengirimkan surat aduan yang akan ditindak lanjuti oleh pengelola sebaik mungkin. Pengelola website berhak untuk membatalkan penayangan artikel, penghapusan artikel hingga penonaktifan akun penulis bila terdapat konten yang tidak seharusnya ditayangkan di web ini.

Laporkan Penyalahgunaan

Komentar

iya bener...sing MI tampa rapot dina kiye, anakku sekolah nang MI, mulane aku ngerti. Nek SD lagi wae rampung tes jumat wingi. minggu ngarep lagi wae wiwit prei

16 Dec
Balas

Prei seminggu karo rong minggu pada bae. Pada-pada ana minggune. Nek nggolet bedane, mung beda siji karo loro.

16 Dec
Balas

Apik kuwe pada disilihi buku anyar kon pada maca, apa maca karo liang liung ?

16 Dec
Balas

Mbekayu rika kon aja kesuwen preine mbok plesir baen ora ketungkul kemutan Gusti Allah. Mbokan duwite surtine entong nggo plesiran. Gusti Allah luwih ngerti, mengko januari arep nyetak buku. Dadi blanjane rika diirit-irit. Mbokan prei etung-etung tambah boros. Kuwe nyong si, mestine ora pada karo rika.

16 Dec
Balas

Nyong ya preine kur seminggu. Sing prei rong minggu neng kene bocah-bocah MI. Denikmati bae ya Yu.

16 Dec
Balas

Nyong ya preine kur seminggu. Sing prei rong minggu neng kene bocah-bocah MI. Denikmati bae ya Yu.

16 Dec
Balas



search

New Post