syarifah nihayati

Belum menuliskan informasi profilenya.

Selengkapnya
Navigasi Web

Dopokan Sedhela

Dina kiye inyong kayong ora duwe karep nulis. Rasane kayong bebeh pisan. Neng grup si Pak Edi wis gasik, banene Endhase nggo ko, dhadhane nggo inyong. Nek de bayangna tah kayong agi crita ayam. Deneng ana dhadha ana endhas.

Inyong pancen urung kober mbukak. Sepisan, singal neng gonku klebu madheih. Ndlap ndlup ora kena nggo brayan. Wong upamane kepengin nglongok WA be kudu nggolet sing setrategis, ya kuwe neng ndhuwur mesin kumbah klambi. Pindho, Kangmase Inyong agi madan ora kepenak ngawak. Magene inyong agi kepengin tilik biyunge, kayong uwis lawas pisan ora ketemu biyunge.

Lha arep teyeng mbukak kepriwe neng kahanan kaya kuwe mbok lah. Kadhang—kadhang inyong ya nu kepengin mangler gole nulis. Ningen ya kuwe, sibuke pegawean neng sekolahan utawane neng ngumah, marekna urung mangler gole nulis.

Inyong tulih cokan ngungun maring bangsane Pak Ahmad, Bu Isminatun, Bu Mimin, Pak Edi, lan liya—liyane sing gole asok tulisan neng gurusiana meh aben menit paribasane. Iloken padha ora duwe kesibukan liyane apa yo, seliyane nulis lan nulis. Memperen tah kaya kuwe.

Inyong tau de protes neng anak lanang, jere ora seneng nek Ibu dadi penulis. Kenangapa si Nang? Inyong takon sebabe. Ya wong Ibu nek kaya kuwe dadi nyandhinge leptop bae lah, maring inyong dadi cuek. Hahaha, inyong dadi kegugu ora etung, ya kegugu, ya melas, ya trenyuh. Pangapurane ya Nang lah, biyungmu ora propesional gole dadi biyung brati kye lah. Ya wis. Inyong dadi nek nulis ngenteni bocah padha turu, utawane nek neng sekolahan ana wektu omber nggo nulis.

DISCLAIMER
Konten pada website ini merupakan konten yang di tulis oleh user. Tanggung jawab isi adalah sepenuhnya oleh user/penulis. Pihak pengelola web tidak memiliki tanggung jawab apapun atas hal hal yang dapat ditimbulkan dari penerbitan artikel di website ini, namun setiap orang bisa mengirimkan surat aduan yang akan ditindak lanjuti oleh pengelola sebaik mungkin. Pengelola website berhak untuk membatalkan penayangan artikel, penghapusan artikel hingga penonaktifan akun penulis bila terdapat konten yang tidak seharusnya ditayangkan di web ini.

Laporkan Penyalahgunaan

Komentar

Nulis kuwe masalah karep koh dudu kober ora kober,,,apik koh,,,tulisane bu,,,

13 Jan
Balas

Hehehe...nggih Bu. Kula nggih kados niku. Dinten setu wong kula libur dados nulis gasik.

13 Jan
Balas

Melas temen Mba Titi..muga muga dadi penulis propesional ibu propesional...

13 Jan
Balas

Bagus koh bu...siiip lah

13 Jan
Balas

Lah kuwe denenge kober nulis yu

13 Jan
Balas

Genah koh Bu ... anu nunggu kober koh ... Maen Bu ...

13 Jan
Balas



search

New Post