syarifah nihayati

Belum menuliskan informasi profilenya.

Selengkapnya
Navigasi Web

Lara

Kiye crita antarane Siti karo Sono. Siti kuwe bojone Sono. Lanang wadon kuwe wis bebojoan antarane sepuluh taun lawase. Dhewekne wis duwe anak telu, lanang, wadon, lanang. Jere wong—wong kuwe jenenge sendhang kapit pancuran. Dina kiye Siti krasa ora bombong maring Sono, ya bojone. Siti ngrasa bojone ora ana ngertine. Lha kepriwe ora kesuh, Si Bontot sing esih bayi sumeng. Sedina med paribasane Siti ora kober mlingeh. Sing arane bayi sumeng mbok rika ya ngerti, karepe demban bae. Karepe nusu bae. Siti ora kober mangan, ora kober nggodhog wedang. Gulune wis ngorong pisan, kepengin nginum. Ningen wedange wis entong. Sega bae anu wingi, urung teyeng liwet maning. Jane mau esuk Siti ya esih bombong. Anake loro kon melu ramane rubung tanggane sing lagi mbarang gawe. Ujar—ujare kon pegaweyane Siti madan singget. Ningen kahanan ora kaya sing dekarepaken. Grabah belok numpuk ora ana sing ngumbahina. Klambi, ompol ora ana sing ngmekna. Prekakas mambrah—mambrah ora manggon neng asale. Wis kahanan kaya kuwe, ketambahan maning ramane bocah ora bali—bali. Mbok ya kena nggo gentenan momong utawane nyinggetna pegaweyan. Siti karo Sono pancen ora ngingu rewang. Anake loro urung kena dereh pegaweyan umah, esih padha cilik—cilik. Tambah awan Siti tambah mrengut. Bojone nengkana lagi seneng—seneng nyawang artis nembang karo jogedan, dheweke nengkene meleg—meleg mikir endi disit sing kudu degarap. Siti mbombongi atine, kayane mengko bar dhuhur Sono bali. Kena nggo gentenan, lumangyan. Tambah awan, tambah sore, Sono ora bali—bali. Atine Siti medhedheg pisan. Si Bontot ketone ora tambah dhangan, malah kayong kudu degawa maring dokter. Ya pancen mau esuk Siti wis rembugan karo Sono, umpamane urung dhangan, Si Bontot arep degawa maring dokter sepesialis anak mengko sore. Larang ya ora papa, sing penting bocaeh cepet mari. Sono uga ora prelu pusing, celengane Siti akeh. Ora kaya Sono sing lagi ora duwe celengan. Jam lima Siti nembe teyeng adus. Kuwe bae karo bola bali nglongok anake sing lagi gelem mudhun, dolanan. Gole adus kaya adus kinjeng, asal teles. Sabunan asal plarak—plarak, ora bresih—bresiha. Anake wis mulai ngorong—ngorong nggoleti biyunge. Siti mlayu marani. Klamben seanane. Ora lipenan, ora pupuran. Kur njungkati rambut ben ora madhul——madhul. Siti pancen ora olih lipenan neng Sono. Ya mbuh kepriwe alesane. Padhahal ya, neng nggon kerjane Sono, batire Sono ya anu padha lipenan abang—abang, pupuran putih—putih, lenga wangian seger—seger. Kuwe desawang neng Sono unggal dina, esuk nganti sore. Enggane tekan ngumah koh werueh Siti sing rambute madhul—madhul, lambene pucet, mrengut, raine melong—melong, mergane dudu glowing,ningen anu kakehen lenga kulit pating dlemok neng rai. Siti tambah medhedheg. Apa pancen dadi wong wadon kudu kaya kiye sih? Matane Siti mbrambang. Anake sing molaih nangis gagean demban, deleboni penthil ben gagean meneng. Ya bener, mbarang wis ngenyot penthil, anake molaih meneng. Eyag—eyog, Siti ngeyag—eyog anake. Anake krasa tentrem nek demban neng Siti. Siti ya krasa tentrem nek wis teyeng mbombongi anake. Ya kiye sing dadi tamba neng Siti. Jam tengah nem bojone nembe bali. Siti ora teyeng mesem. Jere wong wadon nek sing lanang bali kudu mesem ben atine sing lanang mongkog. Ya kari kahanane cocog nggo mesem. Lagi ora karuan rasane koh kon mesem, lagi ngapa sih, kaya kuwe batine Siti. “ Bapane, deneng sore temen gole bali?” Siti wis ora teyeng nahan medhedheging atine. “ Mau jere rika arep ngajek maring ndokteran, kiye kayong tambah nemen Paak”, Siti ora nunggu bojone semaur. “ Ya wis ayuh mangkat”, Sono semaur. “ Beh lah! Wis ayawene!”, Siti kesuh. “ Wis nganah klamben Ti”, Sono ngulungna tangan arep mbopong Si Bontot. Siti mrebes mili. Kabehan rasa sing mumpluk kawit mau ora bisa deucapaken, kur mrebes mili teyenge. “ Tega temen rika Bapane... Bapane! Nengkana seger matane nyawang biduan jogedan, nengkene nyong kedhungsak—dhungsak nanggung kabehan! Apa ora kemutan anak sih?”, Siti wawa wewe. Karepe kabeh desorna sisan ben ora medhegel bae. “ Inyong njaluk pangapura Bune lah, jere mau inyong kon momong bocah, deneng siki malah domaih? Iya inyong nonton artis miki, kayong mbetaih pisan weruh wong ayu koh”, Sono semaur karo cengar—cengir karo dandan sleting kathok. Siti mendelik mbarang krungu critane Sono. Ningen ora kongang ngomong maning. Siti nangis ngguguk. Anake bingung weruh biyunge karo ramane padha padu. Siti mlebu kamar. Ora sanggup nerusaken padon karo bojone. Sawise kahanan wis rereb, Siti dejujugna Sono maring ndokteran. Tujune pasiene sepethit, Siti bisa bali gasik. Gutul ngumah Sono gagian adus. Dheweke arep siap—siap nonton wayang. Wengi kuwe tanggane Siti sing lagi mbaranggawe arep nanggap dhalang maen. Bar Magrib Siti njagong, arep nginumna obat maring anake. Bojone ketone arep pamitan. Uwis rapi, wangi. “Rika arep mangkat siki?”, Siti takon maring Sono. “ Iya. Nyong arep mangkat siki”, Sono njawab sante. “ Lha inyong gole arep ngumbaih ggrabah kapan? Gole arep ngumbaih klambi kapan? Ujarku ya gentenan momong apa nyinggetna pegawean koh dadi lunga bae si rika?!”, Siti mendelik maning. “ Inyong udu wong wadon sing wani maring wong lanang Pak, ningen nek kaya kiye carane ya nyong kesuh!”, Siti montong—montong. Sono meneng bae, ngeleg idoh. Iya pancen Siti wis kesel momong sedina med, ora kober mberesi umah apamaning jungkatan. Nek Sono ya kesel, ningen kesele Sono kesel seger, nyawang wong wadon ayu nengkana—kana. Dheweke pancen ora teyeng nukokna pralatan sing bisa gawe Siti ayu wangi seger abang menter—menter kaya batir kerjane. Sono njagong, ndhekukul. “ Ti, inyong njaluk pangapura ya, wis gawe ko kesel, nlangsa, pucet kaya kuwe. Wis lah, nyong ora lunga dhisit, tek rewangi mberesi umah dhisit ya. Ningen inyong mengko olih ndeleng wayange ya? Wis tek impi—impi kawit ganu koh”. Siti meneng bae, ngelap luhe. Dheweke wis paham polaeh bojone. Mbombongi sedhela, terus lunga maning. Ora let suwe hapene Siti moni. Neng WA Siti niliki ana kabar apa. Mbarang wis maca seperlune, Siti niliki status e kancane. Ana gambar bojone Siti njagong jejeran karo wong wadon, dudu Siti. Ningen kancane Sono. Siraeh Siti pating krengab, matane panas, kupinge semromong, jantunge gemladhug rasane. Siti ngungun weruh gambar kuwe. Majune teknologi ora mesthi apik akibate, salah sijine nglalekna wong maring harga dhirine, foto karo sapa bae ora wigah wigih, nemplok ora krasa, rikuh pekewuh ora degawa. Siti pancen ora tau dewaraih gampang tememplek maring sejen muhrim, dadi weruh gambar kuwe atine Siti kaya debethot. Lara.

DISCLAIMER
Konten pada website ini merupakan konten yang di tulis oleh user. Tanggung jawab isi adalah sepenuhnya oleh user/penulis. Pihak pengelola web tidak memiliki tanggung jawab apapun atas hal hal yang dapat ditimbulkan dari penerbitan artikel di website ini, namun setiap orang bisa mengirimkan surat aduan yang akan ditindak lanjuti oleh pengelola sebaik mungkin. Pengelola website berhak untuk membatalkan penayangan artikel, penghapusan artikel hingga penonaktifan akun penulis bila terdapat konten yang tidak seharusnya ditayangkan di web ini.

Laporkan Penyalahgunaan

Komentar

Ora mung lara...nelengsa banget ya Bu, melas banget karo Siti

01 Jan
Balas

nggih Bu,njarem batine

01 Jan

Dadi lanang ora gampang iyaa apa maning dadi wadon,,,,,kayong durung rampung kiyee,,,dongengee,,,,apik buu,,iyaa

31 Dec
Balas

Siyaap

01 Jan

Jen sono nggempungi temen si kue...

01 Jan
Balas

aargghh

05 Jan

Maen pisan kiye. Kena nggo pengeling-eling. Urip bareng ya kudune bebrayan. Ora nuruti senenge dewek thok. Siip.

31 Dec
Balas

Nggih Pak,wabil khusus pengeling2 kangge Bapak-bapak nikuu

01 Jan

Siti melasi temen, Titi tah ora kaya kuwe mbok ?

31 Dec
Balas

Na'udzubillah Mugi2 Allah tansah nglindhungi kita Sedaya .. aamiin

01 Jan

Ohalah...Masya Alloh...lara nemen Siti...BTW uapik Buu critane

31 Dec
Balas

Dziggggh Bae yuh si Sono

01 Jan

Kisah yang membumi..... Bagus Bun.....

31 Dec
Balas

Pendongane Yu,moga2 mangler gole nulis

01 Jan

ntlangsani temen kuwe.... sing ssbar ya tiiii, udu titi, tp siti....kena go pengeling nyong uga lah.

01 Jan
Balas

hihi

05 Jan



search

New Post