Widyastuti

Menulis adalah pengalaman yang menyenangkan. Kita bebas mengekspesikan diri kita lewat kata-kata. Apabila kata itu terangkai menjadi kalimat yang indah menjadi ...

Selengkapnya
Navigasi Web
Gara-gara PJJ

Gara-gara PJJ

Taun piwulangan iki Ayya munggah kelas lima. Ananging semester ganjil iki durung bisa sekolah amarga kecamatane klebu zona merah. Masyarakat sing kena Covid-19 tansaya akeh. Sanajan pamarintah wis ngongkon masyarakat supaya nindakake kegiatan preventif kanggo nyegah virus Covid-19. Nanging isih ana wae masyarakat kang nggugu karepe dhewe. Sepira abote mung ganggo masker, wisuh tangan, njaga jarak lan orang nggrombol. Nanging wong wis dadi pakulinan dadi wonge yo angel dikandhani.

Pasinaon sekolah Ayya dilakoni kanthi PJJ utawa Pembelajaran Jarak Jauh. Bapak utawa ibu gurune anggone mulang lewat Whatsapp, video lan youtube. Anggone ngumpulke tugas liwat Google Classroom. Gandheng pasinaon kudu migunakake hp, Ayya sing maune ora entuk nyekel hp karo wong tuwane banjur dientukake. Ananging Hp gantian karo wong tuwane. Ayya anggone melu pasinaon lan nggarap tugas ngenteni bapak utawa ibune kondur saka kerja. Menawa tugas saka sekolah wis rampung Ayya banjur nonton video sing ana ing Youtube. Bapak ibune ora duka amarga ya pancen hiburan kanggo Ayya. Saksuwene sekolah PJJ pancen Ayya ora dikeparengake dolan. Kajaba ora ana kanca sabarakan uga kahanan lingkungan tangga teparone kang angel menawa dikon nganggo masker. Ayya entuk metu mung pit-pitan ing wayah isuk. Kuwi wae mung dina Minggu. Anggone pit-pitan tetep nganggo protokol kesehatan yaiku nganggo masker. Menawa wis rampung anggone pit-pitan banjur adus. Sadurunge mlebu omah kudu wisuh tangan ndhisik. Ayya uga ora diparengake ngobrol cedhak karo para tangga, anggone omongan njaga jarak paling 1 meter. Pit-pitan sakliyane kanggo refresing uga bisa kanggo olahraga njaga kasarasan.

Tontonan Ayya ing youtube bab kuliner lan tutorial carane masak. Ayya anggone nonton Youtube mung diwenehi wektu 2 jam karo wong tuwane. Sawise nonton karo wong tuwane mesthi dicek apa wae sing wis ditonton Ayya. Kaya dina kuwi sing ditonton carane nggawe tahu aci. Ayya kelingan menawa seminggu kepungkur ibune mundhut tahu aci ing pasar rasane enak banget. Ayya penasaran kepengin gawe tahu aci dhewe supaya marem anggone mangan. Dheweke banjur pesen karo ibune supaya mundhutake tahu lan glepung tapioka.

Nalika dina Minggu ibune kondur saka pasar Ayya wis ngadhang ing ngarep lawang nakokake pesenane wis dipundhutake apa durung.

“Ibu, mboten kesupen to pesenane kula?”

“Ora nduk, lha iki wis tak tukokake tahu lan glepunge.”

“Matur nuwun Bu. Kula ndhamel tahu aci sakniki nggih Bu?”

“Iya, disiapke bahan lan pirantine dhisik!”

“Inggih, Bu.”

Ayya banjur ngumbah tahu lan nyiapke bumbu bawang, uyah lan kaldu penyedap rasa. Sawise rampung nguleg bumbu banjur manasake banyu sithik kanggo nguleni glepung tapioka.

“Ya, ulenan glepung kuwi diwenehi irisan loncang ben rasane tambah enak!’

“Pedes mripate kula Bu, menawi ngrajang loncang.”

“Ya wis kene ibu sik ngrajang, ning kowe bisa ora nguleni glepunge nganggo banyu panas.”

“Saged bu, gampil kok menawi ningali saking youtube.”

“Ngati-ati mengko tangane kena banyu panas. Luwih becik nganggo solet sik mengko nek wis rada adhem lagi wae kok uleni nganggo tangan!”

Ayya banjur manut marang pangandikane ibu. Sawise rampung nguleni glepung lan dicampur loncang banjur dileboke ing tahu sing wis dikeruk njerone. Sawise kuwi banjur digoreng. Tahune ora digoreng kabeh mung separo, liyane dilebokake kulkas kanggo mengko sore. Tahu aci enake pancen dipangan anget-anget.

Hobine Ayya banjur katon merga PJJ, yaiku seneng masak. Saben dina ana wae panganan sing digawe, saka cimol, endhog krispi, lan sega goreng. Nganti jenis panganan saka njaban rangkah kaya pizza lan pancake uga digawe. Ibune ngrewangi menawa kira-kira Ayya ana sik kangelan. PJJ ana hikmah kanggo Ayya, dheweke banjur sregep masak. Ibune uga ora sumelang menawa Ayya ditinggal dhewe nganti sore. Sik wigati ana bahan bakune, Ayya bakal masak dhewe kanggo maem awan. Pasinaon kanthi jarak jauh bisa ndadekake bocah mandiri.

Sore kuwi udan grimis, Ayya rampung nggoreng aci banjur padha lungguhan ing ruang tengah. Sinambi crita karo wedangan dikancani tahu aci. Enak tenan lan marem panganan gawean dhewe kuwi, sakliyane enak uga resik. Bapak lan ibune rena ing penggalih sanajan isih kelas lima nanging Ayya wis pinter gawe panganan. Sapa ngerti mbesuk gedhe bisa kanggo mbukak usaha.

Dimuat Di Panjebar Semangat No 15 Tanggal 19 Desember 2020

DISCLAIMER
Konten pada website ini merupakan konten yang di tulis oleh user. Tanggung jawab isi adalah sepenuhnya oleh user/penulis. Pihak pengelola web tidak memiliki tanggung jawab apapun atas hal hal yang dapat ditimbulkan dari penerbitan artikel di website ini, namun setiap orang bisa mengirimkan surat aduan yang akan ditindak lanjuti oleh pengelola sebaik mungkin. Pengelola website berhak untuk membatalkan penayangan artikel, penghapusan artikel hingga penonaktifan akun penulis bila terdapat konten yang tidak seharusnya ditayangkan di web ini.

Laporkan Penyalahgunaan

Komentar




search

New Post