Yuliarti

Belum menuliskan informasi profilenya.

Selengkapnya
Navigasi Web
DIARE NGINUM OBAT PENGUAT JANIN

DIARE NGINUM OBAT PENGUAT JANIN

DIARE NGINUM OBAT PENGUAT JANIN

Wis pirang-pirang ndina inyong ora aktif WA nan komen awang awangen mung maca tok. Pangapurane ya Luurr... Awak rasane mriyang.

Telung minggu kepungkur awak rasane nggreges lan prandang prinding. Cangkem nggo mangan rasane pait. Inyong mbatin "Aduh, mriyang temenan kiye". Inyong pamit bali gasik. Tekan ngumah terus turu nganti sore. Weteng muni kemruwuk merga ora kelebon panganan awit esuk.

Magrib menyat karo nggoleti panganan. Jebule masakan mau esuk wis entong. Lemes-lemes numpak motor tuku bakso kepengin mangan sing seger. Nanging rasane uga ora enak. Tambah wengi awak lemes weteng kemruwuk. Jebule diare. sewengi nganti ping lima. Bola bali tek inumi tek panas kenthel tur legi nggo ampet- ampet. Esuke tetep mangkat sekolah senajan lemes.

Bali sekolah inyong weling karo anak wadon sing nyambut gawe neng kesehatan kon tuku obat. Merga jaga wengi dadi obate dititipna bojoku. Bali tuku obat tekan ngumah inyong wis turu.

Obate ana telung werna. Salah sijine antalgin. Inyong ngerti manfaate obat kuwe nggo ngilangna nyeri,umpamane bengel lan lara awak. Merga ora bengel antalgine ora tek inum. Inyong njukut obat sing sijine, esih dadi siji neng njero plastik terus tek untal ora mawi tek waca. Inyong yakin kuwe obat nggo inyong kabeh. Karo turon tek kecap-kecap rasane koh semriwing ujarku yen obat diare kan pait tur sepet. Lah...ora tek pikir inyong turon maning.

Esuke obat kuwe tek untal maning nganti ping telu. Nanging ora ana sudane. Wetenge tambah kemruwuk lan melilit karo rasane pating grusel angin ndean. Awak sengsaya lemes pisan. Nanging tek gawa ngode bae. Bareng bali sekolah inyong melehna maring anak wadon sing wis bali jaga neng rumah sakit. "Mik, kepriwe si wis nginum obat ping telu koh ajeg bae ora ana sudane? Ibu wis lemes pisan kiye...!"

"Lho wingi kan sampun tek tumbasaken obat,cobi ibu ngunjuk obat sing pundi?" Anaku mangsuli karo gumun. Merga wis dipilihna obat sing manjur,nanging ora mempan. Inyong nidokna obat karo tetep turon.

Bareng tek tidokna anakku kaget. "Astagfirulohaladzim...niku obat penguat janin. (anaku lagi hamil). Donge gih ibu maos". Inyong dipaido dadi mbalik maido. "Donge aja dekembulna dadi siji". Kulo botn ngira nek ibu bade ngunjuk obat niku. Masalaeh sampun jelas tulisane. Nyuwun pangapunten bu,kulo gih kesupen boten tek pisah.

Akhire Inyong meneng bae nyatane lagi lemes,arep maca ya bebeh. Mulane wetenge grusal grusel kaya ana bayi nendangi weteng.

Dina ke lima,ora mung diare nanging tambah mual karo mutah. Kaya wong nyidam."Aduh.. aja aja meteng kiye..." Inyong guyon karo bojoku. Malah disauri. "Ana nini-nini meteng" Semaure mantepaken yen ora meteng, nanging gawe lara tekan indil-indil. Masa...ndarani "Nini-nini". Nanging ora tek pikir,Merga lagi ngrasakna awake ora karuan. Nggo jengkel malah mbuang tenaga. Raiku jere pucet kaya cecek,kringet adem metu dadi akhire digawa neng rumah sakit.

Alhamdulilah..telung ndina dirawat esih ketulungan. Manturnuwun Ya Allah...Tekan siki waras bedhigas. Critane lagi kemaruk maeme be tanduk dadi bisa gabung maning karo gurusiana.

Mulane Sedulur...urip sehat nikmate pol. Wajib disyukuri. Rejeki sing luar biasa. Mumpung pada sehat mayuh balapan nglakoni kebecikan.

DISCLAIMER
Konten pada website ini merupakan konten yang di tulis oleh user. Tanggung jawab isi adalah sepenuhnya oleh user/penulis. Pihak pengelola web tidak memiliki tanggung jawab apapun atas hal hal yang dapat ditimbulkan dari penerbitan artikel di website ini, namun setiap orang bisa mengirimkan surat aduan yang akan ditindak lanjuti oleh pengelola sebaik mungkin. Pengelola website berhak untuk membatalkan penayangan artikel, penghapusan artikel hingga penonaktifan akun penulis bila terdapat konten yang tidak seharusnya ditayangkan di web ini.

Laporkan Penyalahgunaan

Komentar

Alhamdulillah, mpun sehat, mpun kemaruk, nek kemaruke dhahar kulo nggih purun ngancani hhh

10 Mar
Balas

mongo bu. nopo malih lawuhe pete/jengkol nom.hee...

11 Mar

Ohalah...Ibuu...melas temen...

09 Mar
Balas

Masuk angin kebanjur mba.

09 Mar

Alhamdulilh...semoga fres dan sehat seperti sedia kala aamiin...

09 Mar
Balas

Aamiin Yra. mtrnwn bu puspa.

09 Mar

Dadi udu nyidam nggih Bu .... jan genah anu wis tua apa y ....

09 Mar
Balas

Haa...bkn tua bu. terlalu dewasa.

09 Mar

Alhamdulillaah ibu sampun sehat. Enggane dahare pun saweg eco, mengganua kathah ingkang ngintu nghih bu...hehe

09 Mar
Balas

Inggih paling2 ngendong nggone uWa...Rung dds kathah pilihane.

09 Mar

Maning-maning apa bae permasalahan aja grasa-grusu. Kudu sing titi lan ngati-ati.

09 Mar
Balas

Inggih pak. mtrnwn.jane udu grasa grusu lg ora berdaya ddi bebeh....haa..haa...

10 Mar

Ibune dados Tumut mual-mual kados putrane Nggih... Alhamdulillah seniki pun sehat. Diare minggat kemaruk nemplek... Hehe

11 Mar
Balas

inggih bu. ujarku sikil nendang wetrng kuat pisan nganti mules. jebule laire beda. Haa..haa..

11 Mar



search

New Post