Yuliarti

Belum menuliskan informasi profilenya.

Selengkapnya
Navigasi Web

NINI SANEM NGOMONG DEWEKAN

NINI SANEM NGOMONG DEWEKAN

Nini Sanem, sebutane nini. mesti bae wis tua. Nanging semangate esih kaya wong enom. Anake telu wadon loro lanang siji. wis pada mentas kabeh. Nanging ora ana sijia sing gelem bareng saumah. Nanging Nini Sanem ora krasa yen dewekan,merga akeh sing mbatiri neng ngumah.

Senajan duwe anak telu tapi uripe Sanem ora ngendel-ngendelaken anake. Kanggo mangan pedinan deweke ider beceran maring perumahan, panggonan para piyayi tur sugih dhuit. kuwe anggepe Nini Sanem. Nyatane saben ndina dagangane entong. mbuh merga laris apa kepriwe inyong ora ngerti.

Sewijining ndina,Nini Sanem ora keton ider nanging lagi thongkrong neng tritikan dirubung batire sing neng ngumah.

"Kaya kiye dodol dagangane entong nanging ora nggawa dhuit. Ujarku piyayi dhuite akeh njukut beceran ya terus mbayar. senenge utang. Ujarku ya pada duwe mobil. berarti sugih,dhuite akeh. Aku dhuit sethithik nggo mubeng malah siki macet ora ana sing nggo kulak maning. Nyarutang sewulan nunggu gajian. ya..angger kae, pegawai teyeng cabat cabut nganah ngeneh. Angger kaya aku modale entong ya kari koloh jenthik. Apa kon puasa saben ndina, mangane sewulan sepisan?" Nini Sanem ngresula.

Sing dijek ngomong, meneng bae malah asyik mangan panganan sing disediaaken Nini Sanem. Keton ora melu mikir babar blas. Nanging Nini Sanem ya ora kesuh sing penting unek-uneke wis ditokna.

Senajan kasile ora piraha, nanging Nini Sanem duwe tanggungan pirang-pirang sing diempani neng ngumah. Biasane sadurunge lunga ider sing ditinggal wis pada wareg. Goli sarap ditinggoni neng Nini Sanem mbok pada rebutan.

Ancengane wis dipantha-pantha, dadi angger ana sing nrombol Nini Sanem mesti aruh-aruh..

Dela-dela Nini Sanem ajek ngomong karo batire sing lagi diadepi. "Ngeneh aja ngonoh-ngonoh. wis ana bagiane dewek aja nromboli nggone batire. Sing wis wareg nganah lunga dolan! Aja ngalah-ngalahna sing cilik". Nini Sanem nggodogi sing gede sing karepe mbedhal-mbedhal bae. Dasar ndableg sing gede uwal ucul sekang godogane Nini Sanem.

Wedi mbok ditukari sing gedhe, sing cilik pada ambring lunga ngedohi. Siki Nini Sanem nembe kesuh. njukut watu terus dipathakaken maring sing gedhe. Nini Sanem keton kerenge merga enek ngluruhi sing gede ora nggople.

Winihe ya ora mikir anake. Thal-thalan dewek nggoleti lanangan bae. Esih cilik ditinggal kawin maning. Aku sing repot dadi ora bisa mingser. Joraken mengko yen bali tek kurung kon ngeloni anake. Angger ana jago sing ngampiri tek gusah kon lunga.

"Ker...ker...". Nini Sanem ngundang uthuk sing miki bubar. "Ngeneh kiye dientongnya eman-eman. Dhedhek larang-larang koh. ora ngrasakna nggolet dhuit angel-angel". Uthuke pada mlayu nyedheki Nini Sanem. Uthuke ana sing aleman mlumpat neng pangkone Nini Sanem. Ana sing nuchuki tangane, njaluk didulang. Ambekan-ambekane kaya iya-iyaha.

Inyong awit mau mesam-mesam ngrungokna Nini Sanem ngomong karo ngempani ayame. Ujarku lagi ngomong karo sapa. Jebule renyom dewek ngomong karo ayam.

Nini Sanem...Nini Sanem...😄😄

DISCLAIMER
Konten pada website ini merupakan konten yang di tulis oleh user. Tanggung jawab isi adalah sepenuhnya oleh user/penulis. Pihak pengelola web tidak memiliki tanggung jawab apapun atas hal hal yang dapat ditimbulkan dari penerbitan artikel di website ini, namun setiap orang bisa mengirimkan surat aduan yang akan ditindak lanjuti oleh pengelola sebaik mungkin. Pengelola website berhak untuk membatalkan penayangan artikel, penghapusan artikel hingga penonaktifan akun penulis bila terdapat konten yang tidak seharusnya ditayangkan di web ini.

Laporkan Penyalahgunaan

Komentar

Hmm, mesake men yo si Nini Sinem, mogo urip sesok neng akherat kepenak yaa

20 Jan
Balas

Aamiin..mtrnwn. ttd Nini Sanem. haa..haa..

20 Jan

Kuwe,, asyik ngapake lakaa,,,

20 Jan
Balas

Kuwe urung dibrengkolang ayame. nembe dipathak watu. hee...kenalkah kosa kata itu bu Ferina?

20 Jan

Nini Sanem mbekayune Mini Dakem ...

20 Jan
Balas

Deneng pas temen ya pak. angger wong ndesa jenenge sing akeh mingkem2. haaa..

20 Jan

Nini Sanem mbekayune Mini Dakem ...

20 Jan
Balas

Melas temen nini sanem.. Anake donge pada pengertian kiri duit sing akeh

20 Jan
Balas

Anake juga pada bae rekaya bu. hee..hee...ndean. ddi brayan rekasa.

20 Jan

Nini-nini zaman now.

21 Jan
Balas

Klo nini jaman now adole lwt online pak Pras. bkn ider beceran.hee..hee..

21 Jan

Nini sanem ora dewek koh, kuwe ana bu yuli lg ngrungokna

20 Jan
Balas

Akhire ora dewekan. akeh batire. aba bu Dartini mbirengan. hee..hee

20 Jan

Salam nggo Nini Sanem

20 Jan
Balas

Mtrnwn putuku ttd Nini Sanem. hee..hee

20 Jan

He he..sing lucu nini Sanem nopo Bu Guru nggih...

20 Jan
Balas

Sing lucu ayame. ora ngrasakna nggolet dhuit angel. Haa..haa...

20 Jan

Nini sanem kreatif pisan nggayu

20 Jan
Balas

Nguda rasa batire ayam

20 Jan

Nini Sanem tanggane bu Yuli ? Moga2 ibu2 perumahan gagean mbayar. Nini Sanem semangat!!

20 Jan
Balas

Itu hy fiktif bu.

20 Jan

Dulure Nini Bonem aja aja, Jan gawe nggeglek koclak wetengku.

20 Jan
Balas

Dulure Nini Bonem aja aja, Jan gawe nggeglek koclak wetengku.

20 Jan
Balas

Dulure Nini Bonem aja aja, Jan gawe nggeglek koclak wetengku.

20 Jan
Balas

Pancen angger ora ngapak ora kepenak gih bu Les. hee..hee..

20 Jan

Nggeglek dadi kakehen ngetul kirim komentar

20 Jan
Balas

tp udu merga buyuten kaya nini sanem? hee..

20 Jan



search

New Post