Yuliarti

Belum menuliskan informasi profilenya.

Selengkapnya
Navigasi Web

NYLEKUTHAK

NYLEKUTHAK

Nembe krungu tembunge nylekuthak utawa jahil wis wegah. Apamaning mereki. Bocah sing duwe watek nylekuthak biasane didohi batire, ora dikembuli. Ana ana bae polahe sing gawe jengkel neng ati. Nanging wong sing nylekuthak ora rumangsa menawa polahe utawa tembunge gawe lara ati wong liya. Umpamane kanca sekolah ngumpetna sepatune batire, sing duwe sepatu digawe pusing goli nggoleti sengsaya pusing lan jengkel tambah seneng. Maksude nggleweh nanging gawe gela.

Ana maning conto liyane bocah lagi ngadeg,kursine ditarik sekang mburi,pas arep njagong maning bocaeh tiba ngathang-ngatang. Sing nglorod kursi surak-surak kebungahen. Tan kocapa sing tiba kejengkang nyengir-nyengir kelaranen. Cilakane maning tiba njagong sing akhire ana benturan neng ula-ula sing merekna dadi bocaeh lumpuh ora bisa menyat. Pengglewehan kiye mbahayani pisan. Bocah ora ngerti rugi. Dadi kadang bocah nylekuthak nyenengna awake dewek nanging akeh gawe rugi wong liya.

Angger nylekuthake wong tuwa malah diarep-arep merga. Sing nylekuthak wong tuwa wis nganggo perhitungan pas karo tujuane, nggleweh,nggarapi batire supaya kaget, bingung,njebak gawe rame. Angger kaya kuwe sing gawe nylekuthak bungah pisan.

Inyong tau dijahili batirku. Mangkat reuni. Merga kancane dewek wis tuwa a ya senenge pada nylekuthak. Bar reuni terus kondangan. Bareng munggah panggung arep salaman karo penganten inyong nembe krasa jebule sandale selen.

Bali sekang kondangan sandalku tek potret tek kirim WA grup. Wong sing nylekuthak malah ngguyu nyekakak. Owalaaahhh...gawe wirang koh kebungahen. Nanging ya inyong ora jengkel. Pancen jebule tambah tuwa nylekuthake ndadi.😄😄😄

DISCLAIMER
Konten pada website ini merupakan konten yang di tulis oleh user. Tanggung jawab isi adalah sepenuhnya oleh user/penulis. Pihak pengelola web tidak memiliki tanggung jawab apapun atas hal hal yang dapat ditimbulkan dari penerbitan artikel di website ini, namun setiap orang bisa mengirimkan surat aduan yang akan ditindak lanjuti oleh pengelola sebaik mungkin. Pengelola website berhak untuk membatalkan penayangan artikel, penghapusan artikel hingga penonaktifan akun penulis bila terdapat konten yang tidak seharusnya ditayangkan di web ini.

Laporkan Penyalahgunaan

Komentar

Ana maning tunggale nylekuthak ya kue nylekuthik. Mantep.

14 Apr
Balas

Aku ora nylekithak lho....

14 Apr
Balas

He he...nylekuthak niku mpun dhasar watek nggih...

14 Apr
Balas

Unik dan cantik bahasanya Ibu..

14 Apr
Balas

Asli basa jawa banyumasan. tp akeh sing pada ora ngerti.

14 Apr
Balas

Kula ngertos, Bu. Nem taun wonten Banyumas.

17 Apr

Nylekuthis pak. kakange nylekuthak.

15 Apr
Balas

Indahnya bahasa daerah

14 Apr
Balas

sae niku bund, nguri uri basa jawi. nylwkuthak jan jane nggih nggelani , tapi ngatoni nggih?

14 Apr
Balas

Ora ngapak ora kepenak. Leres mboten niku, Bu. Hahaha...

17 Apr
Balas



search

New Post