Yuliarti

Belum menuliskan informasi profilenya.

Selengkapnya
Navigasi Web

ONE DAY SCHOOL ISLAND

ONE DAY SCHOOL ISLAND

Maca judule wis katon menthereng. Mesti sing ngomong wonge ora baen baen basa gaule kereeennz abiizz..

Aku mau kondangan kanca guru, weruh ana mobil diparkir deret deret karo mobil mobil liyane. Sing gawe inyong ketarik terus mandeg maca. Ana salah sijining mobil sing kaca mburine ditulisi "ONE DAY SCHOOL ISLAND". mesti kiye mobil antar jemput sekolahan kelas internasional merga jenenge bae nganggo basa Inggris. Inyong kepengin ngerti sapa sing nggawa mobil kuwe. Mesti wong bule lagi kondangan.

Mlebu neng kondangan aku thingak-thingak nggoleti wong bule sing nggawa mobil mau. Nanging nyawang saben pojok ora ana. Anane wong rambute putih uwanen udu abang pirang kaya wong landa. Berarti sing lagi kondamgan supire ndean.

Inyong esih kepikiran. Sekolahane panggonane neng endi ya? Banjur angger sekolahan kelase Internasional koh mobile ora lewih bagus dibanding deretan mobil liyane,malah mereke Cary tur wis tua.

Inyong molaih penasaran. Bali kondangan mobile tek pereki tek waca sing cetha. Jebule neng ngisore ana tulisan maning "WANDE SEKUL ISTANA LANDA". Oalaaahhh...pinter temen gawe sensasi. Angger wong Purbalibgga wis ora asinv karo setana landa. Jaman gemiyen critane kanggo ngubur wong wong Landa.

Sedulur Purbalingga ana sing ngerti panggonane ONE DAY SCHOOL ISLAND? Apa udu warung jejer MAN?

Ana-ana bae...😄😄😄😄

DISCLAIMER
Konten pada website ini merupakan konten yang di tulis oleh user. Tanggung jawab isi adalah sepenuhnya oleh user/penulis. Pihak pengelola web tidak memiliki tanggung jawab apapun atas hal hal yang dapat ditimbulkan dari penerbitan artikel di website ini, namun setiap orang bisa mengirimkan surat aduan yang akan ditindak lanjuti oleh pengelola sebaik mungkin. Pengelola website berhak untuk membatalkan penayangan artikel, penghapusan artikel hingga penonaktifan akun penulis bila terdapat konten yang tidak seharusnya ditayangkan di web ini.

Laporkan Penyalahgunaan

Komentar




search

New Post