Yuliati Magetan

Guru Biologi di SMAN 1 Karas Magetan Jawa Timur. Penulis Buku Biru Ungunya Pramuka Indonesia. Terus belajar untuk mengekspresikan jiwa. Memajukan pendidikan dem...

Selengkapnya
Navigasi Web
Banyu Langit

Banyu Langit

Banyu Langit

(Tantangan Hari ka-16)

#tantanganGurusiana

Bus sing tak tumpangi ing sak dawane dalan Madiun Solo, nggremet alon. Saya suwe saya banter. Penumpang sing mudhun halte, diganti maneh dening penumpang sing anyar. Lanang, wadon, ana sin tua, ana sing enom. Malah ketambahan pengamen, wanita ayu, umur telung puluhan.

Nggawa gitar cilik, kentrung. Dheweke wiwit methati senar gitar kentrunge.

Suara angin

Angin sing ngreridhu ati

Ngelingake sliramu sing tak tresnani..

Pengin nangis ngetokke aluh neng pipi

Suwe ra weruh senajan mung ana ngimpi

Ngalema

Ngalem ning dhadhaku

Tambanana rasa kangen ing atiku...

Semendhal rasaning atiku. Wanita sing methathi gitar karo nyanyi banyu langit iku, wis melu nambahi buneg pikirku. Aku kegawa swasanane lagune pengamen iku. Ora sedhih, nanging krasa banget nglangut.

Ora krasa eluhku melu tumetes nelesi pipi.

"Saumpama wae awakmu ngerti. Seprene aku isih ngenteni.

Pras, banyu langit sing ana ndhuwur kayangan kae. Tak enteni tekane, supaya bisa nelesi ati iki. Telung tahun kepungkur, awakmu janji jare lungamu ora suwe-suwe. Nanging? Nganti seprene awakmu ora kirim kabar babar bisan". Batinku muni.

"Mbak.. ." Aku kaget, wabita penganen sing wis kadhung nggaritake rasa ing atiku, ngethungake bungkus permen, karepe aku dijaluk ngisi dhuwit, minangka partisipasi kanggo lagu sing wis dinyanyekne. Aku bukak tas, ana dhuwit rong ewonan loro, tak lebokne bungkus permene. Dhrweke mrsem, ayu. "Maturnuwu." Aku manthuk. Aku njur mbuwang panyawang menyang njawa kewat kaca cendela.

Lakune bys saya banter, aku mung pasrah.

"Wis telung tahun Pras...". eluhku tumetes maneh..

Magetan, 1 Pebruari 2020

#tantanganharike16

#tantanganGurusiana

DISCLAIMER
Konten pada website ini merupakan konten yang di tulis oleh user. Tanggung jawab isi adalah sepenuhnya oleh user/penulis. Pihak pengelola web tidak memiliki tanggung jawab apapun atas hal hal yang dapat ditimbulkan dari penerbitan artikel di website ini, namun setiap orang bisa mengirimkan surat aduan yang akan ditindak lanjuti oleh pengelola sebaik mungkin. Pengelola website berhak untuk membatalkan penayangan artikel, penghapusan artikel hingga penonaktifan akun penulis bila terdapat konten yang tidak seharusnya ditayangkan di web ini.

Laporkan Penyalahgunaan

Komentar

Iso po ra yo nulis jowo

01 Feb
Balas

Isa pa ra ya nulis jawa?Saged Buk.. asyik kok, saestu..

22 Feb

Basa jawane apik banget Bu. Aku wong Jawa isin lali karo Jawane.heheheh

01 Feb
Balas

Alhamdulillah,..siap belajar bareng Buk..

22 Feb



search

New Post