Yuliati Magetan

Guru Biologi di SMAN 1 Karas Magetan Jawa Timur. Penulis Buku Biru Ungunya Pramuka Indonesia. Terus belajar untuk mengekspresikan jiwa. Memajukan pendidikan dem...

Selengkapnya
Navigasi Web
Banyu Langit (3)

Banyu Langit (3)

Banyu Langit (3)

(Tantangan Hari ke-31)

#tantanganGurusiana

"Pras, kepriye pawartamu saiki?" Aku mbatin. Nalika mudhun saka bus, aku isih kober noleh marang wanita Banyu langit sing ayu, pinter nyanyi. Dheweke ora mangerteni yen lagi dadi punjering pikirku ing bus kang tak tumpaki dina iki.

Wektu kang terus lumaku, isih kaya wingi uni. Saklungane Pras, kang jarene meng mbutuhake wektu sedhela, nganti seprene isih pancet. Padha karo dina-dina sakdurunge. Sepi. Mung kala-kala nalika aku mlebu gedung perpustakaan kampus, kang biasane tansah dilancani dheweke, saiki aku ijen. "Ijen tanpa awakmu Pras," aku isih mbatin.

Iki wis titi wancine kuliahku arep rampung. Isih kelingan nalika semana, lagi wae mlebu pertengahan semester siji, Pras mutusake ora bisa mbacutake studyne. Kudu ngalah karo adhi-adhne kang uga butuh biaya pendidikan. Cita-citanya Pras kudu kepunggel dhisik, wurung anggone nerusake program magistere. Saumpama isih terus, kudune saiki padha karo aku, ngrampungake thesis sing kurang sethithik maneh. Ah, aku mesem kecut. Jebule apa kang dadi impen durung mesthi dadi kanyatan.

"Pras, muga-muga ing wektu menko, embuh kapan, impen iku bisa dadi kasunyatan..."

Magetan, 16 Pebruari 2020

#tantanganharike31

#tantangangurusiana.

DISCLAIMER
Konten pada website ini merupakan konten yang di tulis oleh user. Tanggung jawab isi adalah sepenuhnya oleh user/penulis. Pihak pengelola web tidak memiliki tanggung jawab apapun atas hal hal yang dapat ditimbulkan dari penerbitan artikel di website ini, namun setiap orang bisa mengirimkan surat aduan yang akan ditindak lanjuti oleh pengelola sebaik mungkin. Pengelola website berhak untuk membatalkan penayangan artikel, penghapusan artikel hingga penonaktifan akun penulis bila terdapat konten yang tidak seharusnya ditayangkan di web ini.

Laporkan Penyalahgunaan

Komentar

Pras kuwi opo konco guru? Hee

17 Feb
Balas

hahaha.. Pras menika tokoh idola wonten ing crita cekak kula, Ibuk.. wkwkwk..

17 Feb

Semoga Sukses, mbak Yuliati. Aamiin.

16 Feb
Balas

aamiin.. terima kasih Kakak Pertama, seukses juga untuk panjenengan..aamiin

17 Feb



search

New Post