Yuliati Magetan

Guru Biologi di SMAN 1 Karas Magetan Jawa Timur. Penulis Buku Biru Ungunya Pramuka Indonesia. Terus belajar untuk mengekspresikan jiwa. Memajukan pendidikan dem...

Selengkapnya
Navigasi Web
Sabtu lan Minggu Sing Tansah Tak Tunggu

Sabtu lan Minggu Sing Tansah Tak Tunggu

Sabtu lan Minggu

Sing Tansah Tak Tunggu

(Tantangan Hari ke-23)

#tantanganGurusiana

Nulis ing blog Gurusiana iku ngangeni. Apa maneh yen wayahe dina Sabtu lan Minggu, aku luwih ndene kangen. Admin maringi kalodhagan kanggo para gurusianer, maringi wektu dina Sabtu lan Minggu kanggo nulis Basa Daerahe dhewe-dhewe. Perlu dikawuningani yen anggota blog Gurusiana iku plural, tegese kumpulan saka piyantun saka berbagai daerah. Jawa, Madura, Sunda, Batak, lan sapiturute.

Mula aku migunaake kasempatan ini kanggo ngembangake lannnguru-nguri Basa Jawa, kang minangka basa dhaerahku.

Minangka wong Jawa, wiwit cilik aku wus diwiruki tata basa Jawa. Wiwit cilik, aku wis seneng maca, ing antarane Majalah Panyebar Semangat lan Majalah Jaya Baya.

Nulis basa dhaerah Jawa iku gampang-gampang susah. Ana tata aturan kang kudu dimangerteni yen kepingin nulis kanthi bener.

Contone: kepingin nulis "Bojone loro" lan "Bojona lara". Conto kang kapisan iku, loro diwaca 2. Tegese "dua."

Conto kang kapindho iku lara (sakit), tegese padha karo ora sehat.

Kudu teliti, satiti, lan sregep niteni. Kapan nulis nganggo "A," lan kapan nulis nganggo "O".

Akeh conto salah ing tulisan-tulisan kang ana ing papan -papan penting, papan iklan, lan sapiturure.

Kanggo sawetara semene dhisik, sesuk dina minggu, Bisa dibacutake nulis bahasa Jawa / baha dhaerahe dhewe -dhewe.

Magetan, 8 Pebruari 2020

#tantanganharike23

#tantangangurusian.

DISCLAIMER
Konten pada website ini merupakan konten yang di tulis oleh user. Tanggung jawab isi adalah sepenuhnya oleh user/penulis. Pihak pengelola web tidak memiliki tanggung jawab apapun atas hal hal yang dapat ditimbulkan dari penerbitan artikel di website ini, namun setiap orang bisa mengirimkan surat aduan yang akan ditindak lanjuti oleh pengelola sebaik mungkin. Pengelola website berhak untuk membatalkan penayangan artikel, penghapusan artikel hingga penonaktifan akun penulis bila terdapat konten yang tidak seharusnya ditayangkan di web ini.

Laporkan Penyalahgunaan

Komentar




search

New Post