Yuli Trianto

Penulis "Intuisi Cerita Pagi dan Bening Bola Mata Raisha," belajar menuangkan imajinya dalam bentuk tulisan. Walau tak cukup bekal teori menulis ia selalu saja ...

Selengkapnya
Navigasi Web
UDAN-UDANAN
brilistyle.brilio.net

UDAN-UDANAN

Dina Setu bali kerja madan ngiplik. Udan gede sedawane dalan. Angger udan kaya kiye dalan kidul koplak (terminal) mesthi banjir. Merga kalene ora sumbut karo lubere banyu. Tur mesti nggawa runtah morak-marik ngebeki dalan. Ora gampang ngliwati dalan banjir tur akeh runtahe. Utamane sepeda motor. Wis kopang kaping menawa udan gede neng panggonan ngkono sepeda motor pada mlebek. Sing guling iya akeh, mergane ora srilik nglindes runtah, utawane gragal sing kegawa banjir.

Kemutan dalan angel, nyong njut ntrobos metung lurung. Ciut nanging kepenak ora kakehen pepalang. Mung baen kudu waspada mergane ngliwati ngarep perumahan sing cokan pating slonong bocah cilik pada playon.

Nyong mandeg mangu antarane patang meter sedurunge umah sing ana plang lan tulisane “Bimbel a-i-u-e-o.” Pancen umah kuwe sering nggo privat bocah-bocah cilik sing kepengin latihan maca. Nyong mandeg ora mergane kepengin ngerti panggonan privat kuwe. Nanging weruh bocah loro lanang wadon neng teras umah kuwe lagi diomehi ibune merga udan-udanan. Selot suwe selot kenceng suarane kemrewek ngomaih putrane. Sing diomahi mbedal-mbedal, karepe mlayu senajan tangane diceneng.

Bocah sing lanang kaya duwe utek cerdas koh. Awake sing wis klebes, banyune kemlucur, kaose teles dedes nguja disenggol-senggolna ibune. Daster abang mencreng sing lengene cendek lan renda-renda kecipretan banyu sekang awake putrane. Rambute sing nglembrak tekan mburi bayekan uga teles nyenggol sirahe putrane sing nguja kayong arep ngusel-ngusel. Karo mblegidig kepeksa tangane diculna. Ibune kepre-keprean dikerjani bocah loro. Sawise ucul, njut mlayu maring latar karo nyiprat-nyipratna banyu maring teras, ngledek ibune.

“Yeyeeee… ibu kalah…”

“Hahahaaak….”

Karo mbesengut, ibune mlebu ngumah. Sepisan mergane kalah ora bisa nyegah karepe bocah, ping pindone kayong madan ngerti koh kawit mau tek gatekna. Wussssh… nyong mlaku, narik gas ngeciput. Beeeeessss…

Sedawane dalan dadi mikir kiye. Asem, kecut koh. Metung dalan lurung ngindari banjir, malah dadi suwe. Mbuh kepriwe, kenang apa mau ndadak mandeg, ora labas mlaku? Laaah… ora ilang-ilang deneng kiye bayangane. Nganti nyong mlebu ngumah, ngesog tas neng utek ora copot, malah tambah nemplok. Ngguyu dewek karo gedeg-gedeg. Njagong neng kursi ngarep tivi mung ragane tok. Pikirane esih manjlep neng teras panggonan “Bimbel a-i-u-e-o.”

Ora merga kemutan daster abang sing mencreng. Ora mergane weruh rambut dawa sing ngrembyak nutupi bayekan nawon kemit. Uga udu perkara weruh lengen sing kulite kuning langsat, pas banget perpaduane ketemu renda-renda putih muter limang senti nduwur sikut lancip persis tangan boneka Calista. Temenan ora mergane kaya kuwe. Nanging sing dadi pikirane nyong mluwer, mlaku mubeng-mubeng kuwe perkara bocah cilik udan-udanan.

Kawit gemiyen nyong cilik tekan sekiye, wong tuwa mesti ora seneng menawa anake udan-udanan. Padahal dong dadi bocah cilik mbok ngrasakna seneng ora lumrah menawa dolanan banyu udan? Playon neng latar. Ora ngrasakna atis, sing ana mung seneng lan marem. Kenang apa sekiye dadi wong tuwa ndadak nglarang bocah nggolet kesenengan? Udan teka dewek. Dolanan ora perlu modal, ora bayaran mbok? Kenang apa dilarang? Tega ngomaih bocah sing kepengin bahagia.

Jajalen mayuh pada mikir sedela. Udan-udanan kuwe aja dianggep momok. Udan ora bisa dihindari, mesti arep teka terus. Sing lewih penting jebulane udan kuwe perkara sing ndadekna bocah pada seneng. Dolanan gratis. Klebes dedes kuwe nyatane asyiik koh. Mayuh pada bisaha menyikapi sokane bocah kuwe bisa tetep seneng nanging ora maraih mriang undur-undurane.

Udan-udanan kuwe nambah ngelmu tumprap bocah. Sering madep nduwur, ngadangi temetese banyu sing gigal sekang langit. Bocah dadi ngerti asale banyu udan mbok? Rika pada tugase nguataken pahame bocah babagan kedadiyane udan. Iya kepriwe carane nganggo bahasa sing pas tumprap umure bocah. Diselani karo pengerten babagan mampangat lan bahayane udan. Kaya kuwe mbok, mengko-mengkone bocah bisa nyikapi kanti cerdas. Maen mbok kuwe…

Rika nggatekna jajal. Menawa bocah dolanan udan-udanan mesti ora nana bocah anteng. Anane kemplipik, obah terus. Mbuh kuwe sing playon, mlumpat utawane prosotan. Obahe awak kuwe ndadekna bocah terangsang stimulasi motorike, hehe… Mampangate gede banget, bocah arep optimal fisike, utamane sel-sel kulit mergane rangsangan pengaruh banyu udan.

Ora mung wong tuwa tok sing angen-angene playon olih inspirasi menawa udan. Utamane rika pada sing wis klaju dadi penulis. Nyatane angen-angene bocah metu, katon sekang kreativitase. Umpamane bocah pada dolanan prahu-prahunan, madahi banyu lan nyiramaken maring tanduran. Kabeh mau dilakoni kanti ati seneng.

Angger bocah nglakoni apa baen karo ati sing seneng, mestine ora bakal ndadekna mriang koh. Nanging wong tuwa tetep kudu waspada. Aja asal ngeculna bocah udan-udanan sekarepe dewek. Sokane bocah udan-udanan tetep sehat, titip weling iya. Aja nganti bocah udan-udanan dong mangsan udan nembe teka. Nunggu nganti wis ping telu utawane ping papat udane. Mangsude sokane lebuhe pada keli kesiram udan disit. Kuwe toli sing maraih gawe mriang.

Bubar udan-udanan age-age bocah kon nguculi klambine sing teles dedes. Ora kaya rika tah gemiyen, udan-udanan wuda gebrah. Hehe… wong nyong ben iya, dadi kemutan kiye. Aja kelalen disediani banyu anget nggo adus. Mampangate nggo ngatur kelembaban sokane paru-parune bocah tetep seimbang. Bocah kon madan suwe kungkum banyu anget. Aja kelalen awake dibersihi, sikile digusruk karo sabun anti septik.

Ganti klambi sing gawe anget. Angger rika kober tur bocah gelem, wetenge bocah diisi panganan sing anget-anget. Biasane angger wis udan-udanan toli bocah ngrasakna lesu wetenge. Kebeneran kuwe nggo gawe nepsu mangane bocah tambah. Wis adus, wis ganti klambi, wis mangan sing anget, bocah biasane lier-lier ngantuk. Jor kon poran, pancen mangsane bocah ngaso. Tangi bombong, awak seger, mesam-mesem gawe bungahe wong tuwa.

DISCLAIMER
Konten pada website ini merupakan konten yang di tulis oleh user. Tanggung jawab isi adalah sepenuhnya oleh user/penulis. Pihak pengelola web tidak memiliki tanggung jawab apapun atas hal hal yang dapat ditimbulkan dari penerbitan artikel di website ini, namun setiap orang bisa mengirimkan surat aduan yang akan ditindak lanjuti oleh pengelola sebaik mungkin. Pengelola website berhak untuk membatalkan penayangan artikel, penghapusan artikel hingga penonaktifan akun penulis bila terdapat konten yang tidak seharusnya ditayangkan di web ini.

Laporkan Penyalahgunaan

Komentar

Udan udanan wuda gebrah kiye ketok udele

27 Jan
Balas

Masa kecil main hujan-hujanan

17 Feb
Balas

Hehe...bocah cilik ya pancen senenge udan-udanan. Angger inyong udan2an lha diarani ora waras...

27 Jan
Balas

He he...bocah cilik udan udanan dados sehat...bocah tua udan udanan nggih musmet...

27 Jan
Balas



search

New Post