Yuli Trianto

Penulis "Intuisi Cerita Pagi dan Bening Bola Mata Raisha," belajar menuangkan imajinya dalam bentuk tulisan. Walau tak cukup bekal teori menulis ia selalu saja ...

Selengkapnya
Navigasi Web
USREK TENGAH DALAN
nasional.republika.co.id

USREK TENGAH DALAN

Spedo meter motor ora geseh neng antarane angka 60 lan 70. Angine neng ndalan mrobol mlebu sela-sela kaca helm. Mripat madan kedhut-kedhut mergane disurung angin sing banter kuwe. Meh setengah jam lewih lah nyong mlaku alon. Ndilalahe motor lagi ora kepenak nggo mlaku dadi nyong ora kepengin banter-banter. Tur ya pancen angine kenceng maraih leyab-leyob. Antarane jarak 300 meteran neng ngarep ana rubung-rubung wong akeh. Motor lan mobil sekang arah ngarep pada mandeg. Iya kepeksa gas motor tek kendoni. Pedal rem tek idek alon-alon. Criciiiiiit… Motor mandeg perek banget karo wong sing lagi pada rubung-rubung. Penasaran pisan. Motor tek standar dobel mergane dalan ora rata, madan temurun. Nyong mereki wong-wong sing lagi pada rubung.

“Ana apa sih mas kiye?”

Nyong takon maring bocah enom sing esih njagong neng duwur motor. Bocah sing tek takoni njawab, tapine ora ndelengna raine nyong. Ora pahan lah, nyatane situasi lagi kaya kiye. Nyong ya maklum.

“Wit mahoni dungkar pak.”

Kayane nembe baen kedadiane. Kabeh wong sing neng kono mung pada nglogog thok ora teyeng apa-apa. Mergane mahoni gede sing dungkar kuwe ngrapeti dalan. Nyong melu mereki. Bujang loro nganggo hem putih longak-longok karo miyaki pang mahoni sing nutupi mripat nggo ndeleng ngarepe. Kayane madan trengginas kiye bocah loro sing neng jejere nyong. Kaya duwe inisitaf tanggap maring kedadiyan.

“Ada orang di dalam…!!!”

“Haaaaiii… Ada orang di dalam…!!!”

Bujang sing kaca matanan celuk-celuk seru. Nganti bolan-balen. Bocah loro terus ntlusup neng sela-selane pang lan godong mahoni sing nutupi dalan. Ora nggubris klambine kotor. Esih dibaleni maning bocah kuwe nyuara. Karepe takon mbokan ana wong sing dadi korban kurugan wit mahoni kuwe. Sepi, ora ana jawaban. Mripate nyong weruh kayong usrek neng balike pang mahoni. Uget-uget, ngobahna tumpukan godong sing nutupi pinggir trortoar. Pang mahoni cilik kaya ogel-ogel. Mesti ana korbane kiye. Mbatine nyong, njut mluncat. Persis Jackie Chan neng film kungfu. Najan nyong tua pisan moh kalah trengginase karo bocah loro mau. Tek jinggleng, ileng-ileng.

“Laaaah…. Kae ana sikil loro uget-uget..!!”

Nyong madan nggero nyuara. Terus wong pada ngrubung. Melu merek mbantu muthesi pang makhoni. Kaya ana sepatu ireng klosod-klosod njejeki pang mahoni sing ngurugi sikil. Temenan kiye koh.

“Ana wonge pak neng kono?”

“Iya kiye kayane, esih obah seru. Nembe katon sepatune ireng.”

Ora urus ngawak, nyong mrojol mlebu sela-sela pang mahoni. Belih lah, poran. Sing penting ana nyawa bisa gegen ketulung. Pang mahoni sing bisa tek rompes iya tek tugel nganggo tangan. Perlune nggo nggampangna dalan. Mripat ora pati jelas nggo ndeleng, peteng. Dasare pedhut kaya arep udan. Sikil loro sing kurugan pang cilik kejotan tambah seru. Njajal tek candak, mung kecekel sepatune. Sikil mau njut nggejol, ucul maning. Mripate nyong esih urung genah baen nggo ndeleng. Nyong njut nyuara seru.

“Kiye neng kene ana wonge duluuuuuur...!!”

Ora ganti suwe ana wong nggawa bendho nggo mrompang pang cilik lan godong mahoni sing neng kiwa tengene. Nyong wong telu njut molaih teyeng ngadeg lan teyeng ndeleng sikil sing kurugan.

“Deneng cokelat ya… kaya wong ngganggo celana keki.”

Wong sing nyekel bendo bengok-bengok karo ngecung-ngecung jrijine. Nyong madan gemeter kiye. Pikirane mlayu maring kanca pegawai. Sekiye dina Selasa. Anggere nganggo celana keki mestine pegawai. Mbatinku, ora adoh-adoh. Mesti sing dadi korban kanca pegawai. Nyong guru, iya pegawai. Empatine metu. Mrengkel atine. Duuuuh Gusti, paringana slamet... Ya mbuh kepriwe, pokoken rasa solidaritas tangi senalika.

”Aja diceneng sepatune thok mas..!!”

“Yaaa… kuwe pang sing mulung ngidul dipecok disit..!”

“Aja gugupen, ngati-ati mbok malah mecok sirahe..!”

Nyong thongkrong. Sewise pange dipecok njut disingkiraken. Nnyong wong loro terus bae usrek. Usaha kepengin cepet-cepet nulung korbane. Ora nganti ndeleng disit. Sing neng pikirane nyong pokoken age-age dislametaken. Tek tubruk. Tek bopong njut mlayu tek gawa minggir. Tangane nyong krenyes-krenyes kayong ketetesan getih. Anget tur madan banter ncrecese. Ora mikir suwe njut mburu papan sing madan jembar. Wong-wong pada ngetutna playune nyong. Tekan ngarep kios pasar cilik tak gletheaken neng nduwur lincak dagangan sing ora ora kanggo. Kiye mergane wis sore. Pasar wis tutup.

Gabruuuuug….. Madan abot koh. Lincak pring sing wis madan reot uga moni, krekeeeet… Tek gletekaken neng nduwur lincak. Nyong terus ngadeg neng jejere. Esih urung srilik ndeleng sapa korbane. Mbatine ora urusan disit. Sing penting bisa nylametaken nyawa. Wong-wong pada nyusul nyong. Karo nyuara…..

“Laaaaaah, kae….”

“Deneng…”

“Teyeng menyat luuuuur….”

Wong-wong sing pada mereki bengok-bengok. Acung-acung jrijine nuduhaken korban sing molaih menyat neng nduwur lincak jejere nyong persis. Nyong nembe sadar kiye. Jebulane korbane udu pegawai sing tek nyana sedurunge. Sepatu ireng sing molaih aweh tanda obah mau, gejol-gejol nyatane udu sepatu temenan. Getih drowesan sing nyeces nelesi celana lan jaket nyatane udu getih sekang tatune korban sing tek tulung. Wong-wong senalika pada ngguyu ngakak wektu krungu suara…

“Mmmbbbeeeeee….!!!”

Ooooallaaaaaahhh… Jebulane usrek mbarang mau ngurusi wedus. Korbane kuwe wedus bandot cokelat sing biasa sliweran neng ngarep pasar nggoleti luwihan panganan neng tong sampah.

“Wedus, hahaaaak…!!.”

Wedus jaman now. Uripe wis ora neng kandang. Gentayangan neng pinggir dalan. Wis ora doyan suket. Mangane roti, es krim, lan duren. Kabeh wong sing ndelengna esih pada ngguyu ngakak. Apa maning weruh jakete nyong mblontang-blanteng kenang getih wedus sing gigire suwek kurugan pang mahoni. Nyong bungah pisan, nyatane sing dadi korbane kuwe mung wedus. Urip ya sukur, ora urip yang dithethel nggo sate. Gurih…. Nylekamin… Marakne semangate (“?”) nyong munggah, hahaaaak…

Manjuh lur aja mandeg ngapake, ora ngapak ora kepenak koh

Salam Literasi.

DISCLAIMER
Konten pada website ini merupakan konten yang di tulis oleh user. Tanggung jawab isi adalah sepenuhnya oleh user/penulis. Pihak pengelola web tidak memiliki tanggung jawab apapun atas hal hal yang dapat ditimbulkan dari penerbitan artikel di website ini, namun setiap orang bisa mengirimkan surat aduan yang akan ditindak lanjuti oleh pengelola sebaik mungkin. Pengelola website berhak untuk membatalkan penayangan artikel, penghapusan artikel hingga penonaktifan akun penulis bila terdapat konten yang tidak seharusnya ditayangkan di web ini.

Laporkan Penyalahgunaan

Komentar

Hahahaha,,,ngakaaak sung aah,,,gela kiyee nembe tekwacaa,,,ket wingi upres administrasi,,,

24 Dec
Balas

Genah wedus siki senenge kaya kue. Nggo karepe dewek. Kiye tulisan marai ndatuk. Nek mung siji kurang. Tambah maleh pak tri. Top markotop pokoke.

09 Dec
Balas

Hehe, wedus mrungsal apa sing duwe ora titenan. Siaap pak ndadak ngruwek njeron utek.

09 Dec

Nembe tahu ana Jacky Chan nulungi wedus yakin !! Dasar wedus, melu melu kekian, cokelat !

09 Dec
Balas

Hahaaaaa.. bingung arep nulis apa koh

09 Dec

He he ...Pak Yul...Pak Yul...ada aza

09 Dec
Balas

Hehe..

09 Dec

Hihihihi....lucuuuuu poool

09 Dec
Balas

Hehe..

09 Dec

Ajiiibbb..

14 Dec
Balas

Hehe..

14 Dec

Eeehhh jebule wedus .. ya Alhamdulillah... Untung udu kacane...

11 Dec
Balas

Hehe, alkhamdulillah

14 Dec



search

New Post