Cicik Rahayu

Belum menuliskan informasi profilenya.

Selengkapnya
Navigasi Web
Kesel Poll...
Pikbes

Kesel Poll...

Wiwit wingi aku wis nyicil gaweyan kanggo dina iki. Nggawe pentol bakso, nggawe jeli. Ngrajang godhong brambang lan gobis, gawe tahu lan gorengan bakso. Ora lali nyepakake bekakase, panci gedhe, irus, piring, sendok lan kanca kancanae.

Duwe gawe po? Ora. Mung olah-olah rada akeh. Minggu kapungkur dikabari anak ganteng yen kancane saka Puskesmas Probolinggo bakal dolan Surabaya lan mampir. Tak iyani wae. Njur tak kon mangan awan pisan ing omah.

Tenan, dina iki teka rombongan ana 14 wong numpak Hi Ace. Jare tekan Derenten. Teka njur tak kon mangan wae. Wis tak cepaki bakso, sate lan es buah. Sembah nuwun Gusti, kabeh gelem mangan.

Tamune mungkur, njur reresik omah lan tilasane. Biyuuh, awak rasane kesel poll.. . Saiki arep njujurne sikil lan njejegne geger. Muga sesuk kesele wis ilang. Mugi wilujeng.

Sby280626

DISCLAIMER
Konten pada website ini merupakan konten yang di tulis oleh user. Tanggung jawab isi adalah sepenuhnya oleh user/penulis. Pihak pengelola web tidak memiliki tanggung jawab apapun atas hal hal yang dapat ditimbulkan dari penerbitan artikel di website ini, namun setiap orang bisa mengirimkan surat aduan yang akan ditindak lanjuti oleh pengelola sebaik mungkin. Pengelola website berhak untuk membatalkan penayangan artikel, penghapusan artikel hingga penonaktifan akun penulis bila terdapat konten yang tidak seharusnya ditayangkan di web ini.

Laporkan Penyalahgunaan
search

New Post