Sregep
Pirang-pirang dino iki aku lagi sregep resik-resik. Utamane jedhing lan bagian pawon. Loh kok ngono? Ya, merga aku duwe pembersih olehku tuku dhek aku lunga menyang Bogor sasi kepungkur.
Critane, pas aku nyang gereja Faustina Bogor, ana tukang lagi ngresiki keramik kamar mandi. Tak deleng kok gampang men leh ngresiki. Mung disaput sikat sing dicelup cairan. Regede keramik njur ilang, resik lan kinclong.
Aku nyoba nempil obat cairan kuwi mau. Diolehi, banjur tak dhuwiti. Tekan omah tak coba ngresiki jedhing. Tenan, bar tak semprot cairan, njur tak sikat nganggo sikat untu sing ra kanggo. Biyuh, langsung cling. Ra usah ngoyo nggebeg regedan jedhing.
Saiki aku sregep nyemproti jedhing lan pawon sing ana keramike. Bekas cipratan lenga pas olah-olah lan regedan wis ilang kabeh. Dadi kinclong.
Sby210626
Konten pada website ini merupakan konten yang di tulis oleh user. Tanggung jawab isi adalah sepenuhnya oleh user/penulis. Pihak pengelola web tidak memiliki tanggung jawab apapun atas hal hal yang dapat ditimbulkan dari penerbitan artikel di website ini, namun setiap orang bisa mengirimkan surat aduan yang akan ditindak lanjuti oleh pengelola sebaik mungkin. Pengelola website berhak untuk membatalkan penayangan artikel, penghapusan artikel hingga penonaktifan akun penulis bila terdapat konten yang tidak seharusnya ditayangkan di web ini.
Laporkan Penyalahgunaan
