Bedhidhing
Wis pirang-pirang dina, banyu jedhing rasanya luwih anyes. Banyune rasane koyo adus ing Batu Malang. Pada hal tandon banyu nggon ing dhuwur, mesthine yen awan kena srengenge mesti dadi anget banyune. Iki ora, banyune panggah anyes. Opo meneh yan dinggo adus isuk, brrr … kaya banyu es.
Kancaku sing manggon njaba kutha uga crita sing padha, yen hawane ing ndesa adhem banget. Malah yen wengi ora wani metu saking adheme. Ana uga sing ora wani adus. Byuh, mendah ambune… .
Jarene sing ahli, kadadeyan hawa adhem iki wes lumrah. Iku “Fenomena Aphelion’. Bakal ana ing sasi Juli akhir utawa mangsa ketiga sing keri.
Jare Simbah biyen, iki diarani usum bedhidhing. Awan utawa wengi ana agin sing nggawa hawa adhem. Wayahe tetanduran kembang utawa woh. Simbah malah seneng lan mesem. Amarga bedhidhing pratanda yen wit -witan bakal woh. Titenana, angger randhu ngembang, ateges bakal akeh woh-wohan. Mesthi hawane bakal adhem banget.
Akeh wong sing sambat hawa adhem. Samubarang disyukuri wae. Mengko yen panas njaluk adhem. Saiki diparingi Gusti adhem, bingung. Pancen angel. Hehehe … .Mugi rahayu
Sby260726
Konten pada website ini merupakan konten yang di tulis oleh user. Tanggung jawab isi adalah sepenuhnya oleh user/penulis. Pihak pengelola web tidak memiliki tanggung jawab apapun atas hal hal yang dapat ditimbulkan dari penerbitan artikel di website ini, namun setiap orang bisa mengirimkan surat aduan yang akan ditindak lanjuti oleh pengelola sebaik mungkin. Pengelola website berhak untuk membatalkan penayangan artikel, penghapusan artikel hingga penonaktifan akun penulis bila terdapat konten yang tidak seharusnya ditayangkan di web ini.
Laporkan Penyalahgunaan
