Royokan Balung
Royokan Balung
Awakmu tau maca istilah Basa Inggris sing nek gak salah unine, MUCH A DO ABOUT NOTHING ?. Nek tau krungu,.artine ngene, awakmu kuwi asline mung muleg wae ning ogak onok manfaate blas.Embuh, la opo kok dina iki maeng, pingin nulis basa suroboyoan,..awakmu ngerti po gak wes sak karepmu dewelah, pokok e aku nulis iki wae. Ngene lho lur, akeh uwong neng alam donya iki podho koyok wong royokan balung. Aku dewe yo isok klebu arane wong koyok kuwi. Balung kok dadi royokan ?, arep dipek apane wong daginge wae ora ono.Wong wasis tau ngomong ngene,.."Ngono yo ngono ning ojok ngono". Meksud e kuwi,.nek nglakoni opo opo kuwi ,mbok ojok kebablasen. Pekara jabatan, pekara warisan kok eker ekeran sampai tega ninggalno seduluran. Eman to ?. Amerga, ancen e sifat e menungsa yo ngono kuwi. Yo iku wes rumangsa paling pinter, paling sugih, paling bener apa paling linuwih sampek tega medhot seduluranmu opo kekancananmu mung nguber balung maeng kuwi.Mamula, ayook awak e dewe mbok yo podho guyub rukun, ora usah resek karo liyan yo dulur. Kabeh ngono mung titipan. Ora enek sing abadi yo neng alam donya iki. Pasrah marang Gusti sing nggawe urip, Istigomah lan nduwe aklaq sing apik. Nek,awakmu lara kuwi sing nggarai yo teko pikiranmu dewe, teko atimu dewe sing ora trima opo ora seleh marang angen angenmu opo maneh marang bejane liyan.Muga muga aku dewe yo isok nglakoni, masalahe lambeku ngomong iki yo penak tapi nek nglakoni yo angel. Ngono wae yo lur,.salam waras kabeh yo.Madiun, 09022020
Konten pada website ini merupakan konten yang di tulis oleh user. Tanggung jawab isi adalah sepenuhnya oleh user/penulis. Pihak pengelola web tidak memiliki tanggung jawab apapun atas hal hal yang dapat ditimbulkan dari penerbitan artikel di website ini, namun setiap orang bisa mengirimkan surat aduan yang akan ditindak lanjuti oleh pengelola sebaik mungkin. Pengelola website berhak untuk membatalkan penayangan artikel, penghapusan artikel hingga penonaktifan akun penulis bila terdapat konten yang tidak seharusnya ditayangkan di web ini.
Laporkan Penyalahgunaan
