" Sing ngongkon melu Pramuka kuwi lho, sopo ?!"
" Sing ngongkon melu Pramuka kuwi lho, sopo ?!"
Oleh: E.A. Wahyudiono
Yok opo iki rek, melu mbrebes mili. Kok onok kedadean maneh, rombongan arek pramuka entuk musibah neng SMP 1 Turi, Sleman,DIY. Onok arek pramuka sing cacah e luwih teko 4 sing mati dadi korban kegiatan pramuka. Mugo mugo almarhum lan almarhumah klebu golongan sing husnul khatimah. Saiki wong wong podho rame neng medsos. Opo maneh krungu kabar kepala sekolahe karo guru sing dadi pembina pramuka e keincim pidana ukuman. Remuk tenan ngene iki rasane.
Tak pikir pikir, kedadean arek pramuka sing entuk musibah kuwi gak pisan pindho tapi wes bola bali neng negara e awak e dhewe iki. Lha iyo, sing ngongkon melu pramuka kuwi lho sopo sakjane?.
Ngene lho lur, pramuka kuwi kegiatan ekstra wajib kanggo arek arek sekolah. Lha opo diwajibno? , mergakno kegiatan pramuka kuwi dianggep apik kanggo mbentuk karakter murid murid nggo urip e mbesuk nek wes gedhe. Sifat sing apik teko pramuka yo akeh banget. Contoh e mbuh kuwi tambah disiplin, tanggung jawab e yo apik tepo seliro marang wong liyo yo raket, tur diajari nilai nilai agama barang. Kabeh kuwi onok ning Dasa Dharma kuwi.Awakmu ngerti gak?.
Lha kok onok sing mati gara gara melu kegiatan susur kali kuwi, piye?. Ngene lur, dadi pembina pramuka kuwi abot tanggung jawabnya. Kudu ngerti pramuka kuwi opo. Kudu ngukur anak buah e, yo kudu ngerti kegiatan pramuka kuwi mengko bahaya opo ora kanggo arek pramuka sing klebu embuh siaga, penggalang opo penegak. Ojok diculno ngono terus gak diawasi pisan. Lha nek onok kedadean ngene lagek getun. Gara gara ngono kuwi akhir e pramuka ne sing disalahno.
Sik kelingan, aku mbiyen yo seneng pramuka pas neng Suroboyo yo iku Gudep 130-133. Aku dadi koyok ngene iki mergakno kakak pembinae, sumpah, uenak lan teges pol. Onok Kak Johnny Abraham Tauran. Wong Ambon,tapi wes suwi suwi neng Jowo. Iki gak suku sukuan tapi seduluran yo. Aku percoyo, boloku pramuka liyane mesti setuju karo tulisanku iki. Onok Kak Hexa Tanto, Kak Dikke Suwardiani, Kak Agus Sunyoto, Kak Nanang H, Kak Subiyanto, Kak Uyun Sinarwati. Kak Gatot, Kak Gandhung, Kak Yudi Kristianto, karo Kak Dwietojo. Kabeh kuwi pramuka asli. Kabeh yo tau kemah, penjelajahan, sinau baris berbaris. Kegiatan kuwi kabeh akeh manfaate piye carane isok teamwork, tangguh lan liya liyane. Pembinae mung Iklhas bhakti bina bangsa ora dibayar babar blas. Ora mikir entuk opo, oleh opo dadi opo. Sing dipikir mung yok opo enak e mbina arek arek pramuka ben mbesuk e dadi uwong sing bener.
Opo maneh nek kedadean neng Sleman kuwi ojok saling nyalahno, tapi kudu dienggo pembelajaran. Asline pramuka kuwi asyik, yo ngraketno seduluran. Nek arek enom saiki gak seneng pramuka, yo kudu dievaluasi. Opo pembina e kekerengan, opo mergakno ekstra pramuka kuwi dipekso dadi malah akeh sing gak seneng, opo program e wes didelok gak apik opo embuh alesan liyane.
Ayo podho instropeksi, ben pramuka kuwi piye diseneng e arek nom noman saiki. Salam Pramuka Suroboyo 23022020

Konten pada website ini merupakan konten yang di tulis oleh user. Tanggung jawab isi adalah sepenuhnya oleh user/penulis. Pihak pengelola web tidak memiliki tanggung jawab apapun atas hal hal yang dapat ditimbulkan dari penerbitan artikel di website ini, namun setiap orang bisa mengirimkan surat aduan yang akan ditindak lanjuti oleh pengelola sebaik mungkin. Pengelola website berhak untuk membatalkan penayangan artikel, penghapusan artikel hingga penonaktifan akun penulis bila terdapat konten yang tidak seharusnya ditayangkan di web ini.
Laporkan Penyalahgunaan
